Translate

Selasa, 16 April 2024

Tradhisi lan Budaya Sedhekah Bumi ing Pati

Kabupaten Pati duweni kabudayan sing wis dadi ciri khas, or aliya yakuwi sedhekah bumi. Para warga Pati mestine wis ora asing maneh karo tembung sedekah bumi. Amarga ing meh saben dhusun mesthi nglakoni tradhisi iki. Apamaneh Pati duweni semboyan Pati Bumi Mina Tani. Saka semboyan iki wis cetha yen masyarakat Pati sing urip minangka dadi petani. Sedhekah bumi duweni teges minangka wujud syukur kita tumprap anugrah saking Gusti Ingkang Mahakuwasa lumantar asil bumi sing akeh banget. Mula masyarakat ing Pati sregep anggone nglaksanakake ritual upacara kasebut minangka wujud rasa syukur.

Sanadyan saben-saben masyarakat ing tlatah Pati nganakake sedekah bumi, ananging nyatane ing saben dhusun duweni cara sing beda-beda. Sedekah bumi ing padatan dilaksanakake setaun sepisan. Ing adicara kuwi, pamarentah dhusun nganakake iuran saben kulawarga sing cacahe wis ditemtokake. Dana iuran kasebut banjur diklumpukake ana ing panitiya sedekah bumi. Sing unik, awit jaman biyen para warga padha nggawe ambengan sing isine woh-wohan, sayur-sayuran lan maneka warna jajanan pasar. Ambengan kuwi banjur digawa utawa diarak mubeng dhusun kanthi kairingan thong-thek, arak-arakan lan drumband. Saliyane kuwi uga ana acara slametan utawa kondhangan sing dilaksanakake ing punden utawa omah salah sawijining warga. Berkatane uga asale saka para warga dhewe. Saben omah dijaluki urunan rong besek. Besek kuwi isine sega, maneka warna lawuh lan uga ana jajan. Sabubare slametan, ing padatan ing dina candhake dianakake adicara pengajian lan ing pungkasan dipentasake kethoprak lan wayang.

Sabtu, 06 April 2024

MAHABARATA

 

BANK SOAL ULANGAN SEMESTER GANJIL/ KELAS X

ULANGAN SEMESTER GANJIL/ KELAS X

 

Ing antarane sakehing seni musik kang urip lan tuwuh ana sadhengah  negara, gamelan Jawa mujudake sing paling becik ing salumahe jagad. Tegese apik ing kene ora mung marga ricikane dumadi saka maneka jinis engga carane nabuh mbutuhake pemain akeh  kaya dene orkestra Barat. Kajaba kuwi gamelan uga rinasa ramah, gampang disinau dening sapa wae, kalebu para semula kang sakawit durung tau tepung babar pisan karo seni musik etnik iki.

Pambiji mau dingendikakake Prof Jack  Body, Guru Besar Etnomusikologi School Of  Music Wellington (SOMW), Universitas Victoria, New Zealand, nalika aweh andharan ing Sarasehan Budaya Jawa mapan ana Pendhapi Gedhe, Balaikota Sala, durung suwe iki. Narasumber liyane sing paring sesorah ing antarane rohaniawan lan budayawan Prof  Dr Mudji Sutrisno sarta  Budi Saroso Putra, dosen karawitan ing SOMW,  ngrangkep minangka pangarsaning Padhang Moncar, sawenehe grup gamelan  Jawa saka  New Zealand. Esuk sadurunge kelompok iki dalah grup gamelan Bali Taniwha  Jaya sing kabeh anggotane mujudake warga’ Negara Kiwi’ utawa Selandia Baru kasebut merlokake  teka menyang Sala saperlu nggelar konser kolaborasi mapan ana Plaza Sriwedari.

Wis akeh dikawuningani yen saben bangsa ing Eropa, Amerika, Cina,  India lan  liya-liyane  kabeh padha duwe kesenian music kanthi ciri mligine dhewe-dhewe(1). Ewadene tumrap Jack Body seni gamelan kawawas istimewa banget(2). Jinis instrumene kang puluhan cacahe butuh panyengkuyung watara 20 nganti 25 penabuh, utawa pengrawit istilah lokale(3). Manut panemune Jack Body, iki kalebu istimewaawit ora ana seni musik saka  Negara ngendi wae sing mbutuhake pemain nganti semono akehe, kejaba orkestra Barat(4).  “ Kanggo nggelar orkestra Barat sethithike butuh 80-an pemain(5). Nanging  jinis musik iki, paling ora kanggoku rasane isih kaku(6). Kudu  ana konduktor sing ngabani kapan  intro kawiwitan lan coda dipungkasi kanthi wektu sarta tempo kang  pas(7). Beda konser gamelan, ora diperlokake konduktor,” ucape  pakar etno musikologi Universitas Victoria iku(8).

(Gamelan, Seni Musik Paling Istimewa Sajagad, kapethik saka PS No.38-21 September 2013)

 

1.      Gagasan pokok  ing paragraf  1 ing ndhuwur yaiku…. Jawaban A

a.    Ing sakehing seni musik, gamelan Jawa mujudake sing paling becik

b.   Gamelan ricikane becik

c.    Gamelan mbutuhake penabuh akeh

d.   Gamelan rinasa ramah, gampang  disinau

e.    Gamelan ricikane becik lan rinasa ramah, gampang disinau

2.      Ditonton saka papan  panggonane ukara pokok ing paragraf 1 ing dhuwur diarani….JWB C

a.    Induktif deduktif

b.   Induktif

c.    Deduktif

d.   Ineratif

e.    Deskriptif

3.      Gagasan pokok ing paragraf 3 ing ndhuwur dumunung ana ukara nomer….Jawaban A

a.    1-2

b.   2-3

c.    4-5

d.   6-7

e.    7-8

4.      Ukara panjelas paragraf  3  ing ndhuwur  kedadeyan  saka….ukara. Jawaban C

a.       8

b.      7

c.       6

d.      5

e.       4

5.      Ukara pitakonan kang cocok kanggo paragraf 2 yaiku….Jawaban C

a.       Kapan pambiji mau dingendikakake Prof Dr Mudji  Sutrisno ?

b.      Kepriye pambiji kang dingendikakake Prof Jack Body babagan gamelan kuwi istimewa?

c.       Sapa wae narasumbere ing Sarasehan Budaya Jawa ?

d.      Apa bener  Prof Jack Body ngendikan yen  konser gamelan ora  merlokake konduktor ?

e.       Kenapa seni gamelan kawawas istimewa banget ?

6.      Ukara ing ngisor iki sing ora slaras klawan EYD Jawa yakuwi….Jawaban B

a.       Kudu  ana konduktor sing ngabani kapan  intro kawiwitan lan coda dipungkasi kanthi wektu sarta tempo kang  pas.

b.      Ing sakehing seni musik, gamelan jawa mujudake sing paling becik

c.       Pambiji mau dingendikakake Prof Jack  Body.

d.      Pambiji mau kaandharake ing Sarasehan Budaya Jawa mapan ana Pendhapi Gedhe, Balaikota Sala, durung suwe iki.

e.       Narasumber liyane Budi Saroso Putra, dosen karawitan ing SOMW,  ngrangkep minangka pangarsaning Padhang Moncar, sawenehe grup gamelan  Jawa saka  New Zealand..

7.      Kanti pandamelan menika pak samina saged paring tulada dateng anak-putunipun. Ukara kuwi yen dibenerake miturut EYD Jawa dadi….Jawaban D

a.       Kanthi pandamelan menika pak Samina saged paring tulada dateng anak-putunipun

b.      Kanti pandamelan menika Pak Samina saged paring tulada dateng anak-putunipun

c.       Kanthi pandamelan menika Pak samina saged paring tuladha dateng anak-putunipun.

d.      Kanthi pandamelan menika Pak Samina saged paring tuladha dhateng anak-putunipun.

e.       Kanthi pandamelan menika Pak Samina saged paring tuladha dateng anak-putunipun.

8.      Paragraf 1wacana ing ndhuwur yen diringkes dadine…Jawaban E

a.       Gamelan ricikane becik

b.      Gamelan ricikane becik lan mbutuhake penabuh akeh kaya dene orkestra Barat

c.       Gamelan rinasa ramah, gampang  disinau

d.      Gamelan ricikane becik lan ora rinasa ramah

e.       Ing sakehing seni musik, gamelan mujudake sing paling becik

9.      Welingan/pesen kang diaturake marang wong akeh arane...

a.    wara-wara                            c. pawarta                                e. cecala

b.   sesorah                                  d. nawala

 

Wara-wara

Kanggo para siswa kang tak tresnani,

Gegayutan karo dina dumadine SMA Negeri 9 Rembang, pamong pengetan dina klairan sekolah arep nganakake pagelaran seni.

Kanggo ngregengake pagelaran seni mau, saben kelas diwajibake urun kiprahe kanggo ngisi pagelaran mau. Amrih ora dumpyuk karo klas liya, mula saben kelas enggal paring palapuran jinising seni kang arep digelar marang Bapak A. Sartono minangka pamong adicara, telat-telate tanggal 4 Desember 2013.

Wasana muga-muga dadekake kawigatene kanggo para siswa.

 

            Pati, 13 November 2013

Kepala Sekolah,

 

 

 

Drs. Slamet Sutikno, M.Pd.

 

10.  Apa wosing wara-wara ing ndhuwur....Jawaban C

a.       dina klairane sekolah 

b.      dina klairan kabupaten Rembang

c.       printah marang siswa supaya urun pagelaran seni

d.      pagelaran seni

e.       palapuran pagelaran seni

11.   Penutupan palapuran pagelaran seni kuwi yaiku….

a.    1 Desember 2013

b.   2 Desember 2013

c.    3 Desember 2013

d.   4 Desember 2013

e.    5 Desember 2013

12.  Wara-wara ing ndhuwur katujokake kanggo….

a.       Para siswa kelas X

b.      Siswa kelas X lan XI

c.       Para siswa kelas XII

d.      Kabeh siswa

e.       Kabeh siswa lan pamong.

13.  Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan ing siyang kalenggahan punika, panjenenganipun Bapa Karta ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan  raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi pari purnaning pahargyan.

Perangan sesorah ing ndhuwur kalebu…

  1. Atur puji syukur
  2. Atur panuwun
  3. Atur kasugengan
  4. Wedharing gati
  5. Panutup

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan No.11

Dhumateng para rawuh sedaya, mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih, saengga tansah pinayungan rahmat saha barokahipun Gusti . Temanten tansah raharja, bagya mulya Lan antut runtut dumugi kaken ninen. Mboten kesupen mugi¬mugi enggal dipunparingi momongan ingkang bekti dhumateng rama-ibunipun, agami, bangsa tuwin negari. Amin.
Para rawuh ingkang minulya, mboten kesupen Bapak ibu Siswadi sakulawarga hangaaturaken agunging panuwun awit sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya. Ingkang awujud punapa kemawon saengga Bapak Siswadi sekaliyan saged ngawontenaken pahargyaning wekdal punika. Mugi-mugi sedaya amal kesaena panjenengan sedaya pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Agung.

14.  Isi pambagyaharja kasebut yakuwi….

a.       Para rawuh mugi tansah raharja, bagya mulya lan antut runtut dumugi kaken ninen.

b.      Para rawuh ingkang minulya, hangaaturaken agunging panuwun awit sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya.

c.       Para rawuh mugi amal kesaena panjenengan sedaya pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Agung.

d.      Para rawuh mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih

e.       Para rawuh mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih, saha Bapak ibu Siswadi sakulawarga hangaaturaken agunging panuwun awit sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya.

15.  Sing kalebu wedharing gati yakuwi ….

  1. Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
  2. Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
  3. Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
  4. Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
  5. Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha sampun kaaturaken sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu ….

16.  1. Salam pambuka

2.      Atur puji syukur marang pangeran

3.       …………

4.      Wedharing gati/ wosing pambagyaharja

5.      Atur nyuwun pangapura(tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadi)

6.      Panutuping atur/salam

Jangkepe kang paling trep cengkorongan pambagyaharja ing ndhuwur  yaiku….

a.       Pambuka

b.      Inti/isi

c.       Atur kasugengan

d.      Atur kasugengan kairing atur panuwun

e.       Atur sugeng rawuh para tamu

17.  Perangan sesorah sing isine ngandharake bab kahanan, ngunjukake muji syukur

lsp kalebu …..

a.       Adawiyah          b. Bebuka         c. Surasa / isi    d. Panutup        e. Titiwanci

18.  Perangan sesorah sing isine ngrembug babagan sing baku / pokok kalebu …

a.       Adawiyah          b. Bebuka         c. Surasa / isi    d. Panutup        e. Titiwanci

19.  Nugraha nalikaning ana pasamuan tanpa mangerteni apa-apa kapatah menehi

sesorah. Metode kang digunakake Nugraha yaiku ….

a.       Metode naskah            b. Metode impromptu     c. Metode apalan

d.   Metode tanpa persiapan          e. Metode teknik

20.  Kanggo mengeti lan mahargya dina lahire Ibu Kartini, Dinas Pendidikan nganakake Lomba Sesorah kanggo siswa SMA. Gadiza arep melu sesorah kuwi, gandheng ora tau melu lomba sesorah, Gadiza nggawe cengkorongan banjur ditulis komplit lan diapalake. Metode sesorah sing kagunakake Gadiza yaiku ….

a.       Metode naskah b. Metode impromptu     c. Metode apalan

d.   Metode tanpa persiapan e. Metode teknik

21.  Metode sesorah ing biasa digunakake ana pidhato kenegaraan yaiku …..

a.       Metode naskah b. Metode impromptu     c. Metode apalan

d.   Metode tanpa persiapan  e. Metode teknik

22.  Ing ngisor iki syarat-syarate amrih hasile sesorah , kajaba …..

  1. Nduweni kewanen lan tekad kang kuat
  2. Nduweni wawasan ngelmu/kawruh kang omber
  3. Milih lan nyiutake topik
  4. Galdhen samurwate
  5. Nguwasani basa kanthi apik tur lancer

23.  Babagan kang perlu digatekake sadurunge menehi sesorah yaiku.., kejaba

a.       Temtokake ancasing sesorah

b.      Nganalisis situasi lan pamirenge

c.       Ngumpulake bahan

d.      Nggawe cengkorongan

e.       Paham babagan proses komunikasimassa

24.  Sesorah kelebu kaprigelan …..

a.       Micara            

b.      Nyerat          

c.       Nyemak       

d.      Maos           

e.       Sastra

25.  Tema sesorah kang cocok kanggone bocah sing ora nduweni greget sinau yaiku

  1. Budi Pekerti
  2. Pentinge sinau
  3. Narkoba
  4. Pendhidhikan
  5. Akhlak kang becik

26.  Ing ngisor iki sing kalebu atr puji syukur marang Gusti Allah yakuwi ….

  1. Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
  2. Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
  3. Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
  4. Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
  5. Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu ….

27.  Dene sing kalebu atur kasugengan kairing atur panuwun yakuwi ….

  1. Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
  2. Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
  3. Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
  4. Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
  5. Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu ….

28.  Ing ngisor iki sing kalebu panutuping atur  yakuwi ….

  1. Wondene menggah wigatosing sedya, ing pahargyan menika, senadyan sedayanipun sampun sami priksa kanthi kaserat ing serat sedhahan ingkang kaaturaken menapa dene aturipun utusan ingkang marak sowan, boten wonten awonipun yen ta kula aturaken malih kepara damell lega-legawaning manah menggah kasunyatanipun.
  2. Inggih awit saking rahmating Gusti saha puja-puji pangestunipun para sepuh miwah para rawuh sedaya, kadangkula anem inggih adhikula … sampun kalampahan nindakaken kewajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginadhuhan putra kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila anggadhahi hajad ngislamaken utawi nyupitaken putra kakungipun ingkang kapatedhan nama pun Bagus ….
  3. Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala, awit saking panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika adhikula pun … kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak kula suwau enggal saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah piguna. Lare ingkang mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi bebrayan kanthi mungguh, tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi tuwajuh, saha manut tuntunaning agami ingkang rinengkuh. Amin.
  4. Kalekasananing pahargyan ing wekdal menika, karana sih nugraha pambiyantunipun para sanak kadang pamong mitra, tangga tepalih, miwah panjenengan para tamu ingkang sampun kepareng pariing pisumbang awujud menapa kemawon, ingkang saestu saged angenthengaken sesanggeman saha bot-repotipun adhikula, ingkang menika kadang kula anem inggih adhikula … ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, saengga pikantuk lelintu nugraha ingkang matikel-tikel, miwah bebingah ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Ya Robbal Alamin.
  5. Minangka pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

29.  Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala, awit saking panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika adhikula pun … kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak kula suwau enggal saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah piguna. Lare ingkang mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi bebrayan kanthi mungguh, tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi tuwajuh, saha manut tuntunaning agami ingkang rinengkuh. Amin.

Perangan sesorah ing ndhuwur kalebu ….

  1. Atur puji syukur
  2. Atur panuwun
  3. Atur kasugengan
  4. Wedharing gati
  5. Panutup

 

 

Tradhisi lan Budaya Sedhekah Bumi ing Pati

Kabupaten Pati duweni kabudayan sing wis dadi ciri khas, or aliya yakuwi sedhekah bumi. Para warga Pati mestine wis ora asing maneh karo tem...