Translate

Selasa, 21 Mei 2024

KUWUK LAN MANUK CANGAK

 Ana manuk cangak diundang mangan ing kuwuk kang ambeg julig, bareng teka, banjur padha tata lungguh, rampadane nuli diwetokake, arupa jangan diwadhahi piring ceper. Ama pitik ambeg julig celathu : “ Ki sanak, teka dika mriki  banget andadekake bungah kula, mugi dika trima becik. Daweg dika didhokoh, kaya yen onten ing omah dika dhewe, daweg ta kula wiwiti, awit luwe kula banget. “

Kuwuk nuli sengkut ing pamangane , dhayohe sarehning cucuke lancip, mung bisa mung bisa necep – necep bae, ananging tansah ngatokake sumehing ulat, sarta aweh panarima marang kuwuk saking panyuba – nyubane. Bareng arep mulih kalair karepe, genti angundang mangan marang kuwuk ing omahe, kuwuk saguh anekani.
Bareng tutug ing dina patembayane, kuwuk teka, ditemoni kalawan ulat manis. Ananging ing nalika padha lekas arep mangan, kuwuk muring – muring. Sebab dening apa muring – muring, apa ta rampadane ora kapanujon ing karepe. Satemene daginge enak, sarta dirajang , ananging emane diwadhahi guci, gulune dawa lan ciyut, cangak celathu : “Daweg ta ki sanak kula wiwiti, di dhokoh oleh dika mangan. “ Kuwuk anggereng sarta angesah, banget isin lan muring – muringe, ora antara suwe ambolos.

Eliding dongeng mangkene : sing sapa dhemen angerang – erang uwong, iku ,kerep nemu wewalesing pangerang – erang.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters

Tegese tembung :
julig                        = pinter tumrap nindakake piala
rampadan           = piring kang wis tinatanan ing lelawuhan
ngrampad           = nata lelawuhan ing piring lsp.
ama                       = 1. sarupane kang agawe rusake tanduran  2. lelarane tanduran.
daweg                  = ayo, enya, mara
dhokoh                = 1. akeh sarta katon enak anggonae mangan   2. sengkut tanpa wigah – wigih anggone tumandang (tembung entar)
sengkut                = kalawan rerikatan sarta mempeng
necep                   = nesep, nucup
panyuba – nyubane = pakurmatane.
patembayan      = semayan
guci                        = bangsane gendul sing digawe saka lempung
angesah               = angresula, sambat

WONG DESA LAN MANUK ALAP – ALAP.

 

Ana manuk alap - alap sarosane ngoyak – oyak manuk cilik kang mabur ngoncati. Atine miris dening mingid – mingide cakare kang banget landhepe.  Manuk cilik rumangsa ora kelar nyembadani , meh ilang pangarep – arepe luput saka  bilahi.
Bareng ndungkap tekan ing lemah , alap – alap galak kena kacekel ing wong desa. Saking getere saka gegantunganing pepesthen, manis celathune marang wong desa : “Kula dereng nate damel piawon ing sampeyan, mila panyuwun kula, mugi sampeyan uculaken, sampun miawoni dhateng kula ingkang dereng nate damel piawon ing sampeyan “.
Wong desa mangsuli : “Celathumu iku satemene  becik banget. Saiki kowe bisa mulang bab kabecikan marang aku.  Aku tuturana, apa manuk cilik iku wus tau gawe piala marang kowe, kowe nibakake karampunganmu dhewe. Mulane aja ngresula, sarening kowe sumedya ngalani manuk cilik mau, wewalese tanpa welas kabener tumiba ing awakmu.”
Eliding dongeng mangkene : samubarang panganggep kang ora kosenengi tumiba ing awakmu, iku aja ko empakake ing liyan.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters
Tegese tembung :
miris                      = wedi sarta sumelang
mingid – mingid= mingis – mingis, katon landhep banget
bilahi                     = cilaka, tiwas, blai
ndungkap              = meh tekan ing
piawon                  = piala, nandukake ala.
ngalani                 = anggawe ala.
https://nguripuripbasajawa.blogspot.com/search/label/08%20DONGENG%20BOCAH

KANCIL LAN BULUS

 

Ana bulus celathu marang kancil, tembunge : “ Aku ora maido, yen kowe pinunjul ing playu, kang ananging ayo ,padha balapan, sapa kang ndhisiki tekan wekasaning ara-ara iki.”
Tembung mangkono iku ingatase si kancil padhane angecemong, ewadene pangajake mau di rasa aneh, mulane dituruti.
Nuli bulus enggal miwit lumayu, kancil ngenakake dhedhe, ciptane : “ si gumremet kareben mempis  - mempis, aku wus mesthi ora rekasa bisa anjujul, aku mencolot ping telu utawa ping pat bae, wus tamtu bisa nglancangi kewan nglemer kuwi” saya adoh olehku ngaceki aya ndadekake kocapku.
Ing nalika samana bulus meh tekan ing wates. Kancil isih sareh  ing sawatara, bareng tumandang arep anjujul , weruh yen meh kasep awit dening talompene, ewadene isih anduweni pangarep – arep menang sarana cukating lumpate.
Enggal lumayu rikate prasasat angin, ananging tanpa gawe, awit bulus wus ndhisiki tekan wekasaning ara-ara, dadi kancil kalah.
Eliding dongenge mangkene : wong iku sanajan terang budine, elingana, tuwin titis ing ciptane yen ora tengginas ing samubarang gawe, mesthi kedhisikan ing liyan, iku kang amek kauntungane.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters

Tegese  tembung :
pinunjul               = linuwih, luwih saka pepadhane
ara-ara                  = palemahan jembar kang ora ditanduri
ngecemong        = angger ngomong
ewadene             = sanadyanta
ngenakake          = ngenak-enak , tumindak sakarepe
dhedhe                                = kekaring ing panasan
gumremet          = mlaku sing rindhik banget.
nglemer               = ora cukat tandang tanduke
kacek                    = ora padha, beda
talompe               = tlompe, randhat, remben
cukat                     = trengginas, sarwa rikat tandang tanduke.
budi                       = 1. pikir, nalar   2. golek, ngrekadaya   3. watak     4. polah arep oncat, ora manut
budi arda             = kekarepam
terang budine   = terang nalare, pinter.
amek                     = 1. njupuk 2. golek.

TEMBUNG GARBA ( TEMBUNG SANDI )

 KINANTHI


Dadia lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja sok sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak-ajak,
satemah anenulari.

(Wulangreh, PB IV)

Ing tembang Kinanthi ing dhuwur iku ana tembung “lakunireku” lan tembung “lakunireki”. Satemene tembung lakunireku kedadean saka tembung laku + panambang ira + tembung iku. Tembung-tembung mau didadekake satembung, perlune kanggo nyocokake guru wilangane tembang. Yen saupama ora dibuwang wandane , bakal kaluwihan sawanda. Samono uga tembung lakunireki.
Tembung-tembung sing kaya mangkono iku diarani tembung garba utawa tembung sandi.

Tembunggarba ana telung warna yaiku :
1. Tembung garba sutrawam : yaiku tembung garba sing oleh aksara w. Tuladha: :
malbweng = malebu + ing
munggweng = munggu + ing (tg. manggon ing)
2. Tembung garba sutraye : yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya). Tuladhane :
sedyarsa = sedya + arsa (tg. tujuane, karepe)
sugyarta = sugih + arta. (tg. sugih dhuwit )
3. Tembung garba warga ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku. Tuladha:
narenda = nara + endra. (tg. wong sing pangwasane kaya bathara endra, ratu)
narpendah = narpa + endah (tg. ratu sing ayu )

Tuladha liyane :

aneng = ana + ing
araneki = arane + iki
dupyarsa = dupi + arsa.
jalwestri = jalu + estri
jiwangga = jiwa + angga
kajuwareng = kajuwara + ing
kalokeng rat = kaloka + ing rat
karyenak = karya + enak
kawindra = kawi + indra
lagyantuk = lagi + antuk
lebdeng = lebda + ing
legaweng = legawa + ing
lumakweng = lumaku + ing
maharaja = maha + raja
maharsi = maha + resi
mahmeru = maha + meru
martotama = marta + utama
murweng = murwa + ing
nayakeng = nayaka + ing
pranaweng = pranawa + ing
prapteng = prapta + ing
prawireng = prawira + ing
prawirotama = prawira + utama
sangsayarda = sangsaya + arda
sarotama = sara + utama
sarwendah = sarwa + endah
sireku = sira +iku
sitinggil = siti + inggil.
sukeng = suka + ing
surendra = sura + indra
waspadeng = waspada + ing
wirotama = wira + utama
yeku = ya + iku.

ATER-ATER PI

Gunane ater-ater PI kanggo mangun tembung aran.

Dene tembung lingga kang oleh ater-ater PI  rimbage diarani RIMBAG LINGGA ANDHAHAN

Trap-trapane ater-ater PI bares wae, tuladha :
piadu (kw)        < pi + adu           = padu, papadon
piala (kw)         < pi +  ala           = panggawe ala
piandel              < pi +  andel
piangkah (kw)   < pi +  angkah    = pangangkah
piangkuh (kw)   < pi +  angkuh    = umuk
pianjur (kw)       < pi +  anjur      = pangarep, panganjur
piawon              < pi +  awon
pidosa (kw)       < pi +  dosa         = ukum, paukuman
pidhuwung         < pi +  dhuwung = rasa getun, kedhuwung
piguna               < pi +  guna
pikantuk            < pi +  kantuk
pikekah             < pi +  kekah
pikoleh              < pi +  koleh
pikrama             < pi +  krama      = ningkah, laki - rabi
pikudhung          < pi +  kudhung = layang turunan, layang kekancingan
pikukuh              < pi +  kukuh
pilara                 < pi +  lara
pilenggah            < pi +  lenggah
pilungguh            < pi +  lungguh
pirena                   < pi +  rena
pisakit                   < pi +  sakit
pisuka                   < pi +  suka
pisungsung         < pi +  sungsung
pitakon              < pi +  takon
pitedah              < pi +  tedah
piterang             < pi +  terang      = katrangan
pituduh               < pi +  tuduh       = kang dituduhake, pitutur
piturut                < pi +  turut
pituwas              < pi + tuwas        = opahan lsp kanggo leliruning kangelan
piutang               < pi +  utang       = utang
piwadul              < pi +  wadul
piwales               < pi +  wales
piweling              < pi +  weling
piwulang             < pi +  wulang

Tembung-tembung kang arimbag LINGGA ANDHAHAN yen kawuwuhan panambang AN rimbage diarani RIMBAG WISESANA LINGGA ANDHAHAN, tuladha :
 pitakon , pikajengan, pirampungan, pirembugan, pirembagan, pilulusan *), pilapuran, pilampahan, pilakon, pikarepan.

*) pilulusan = idin, palilah.

https://nguripuripbasajawa.blogspot.com/search/label/Ater-ater%20PI

ATER-ATER PA

Rimbage PA kang  dadi atêr-atêring têmbung lingga, aran: LINGGA ANDHAHAN. Trap-trapane ana kang bares, uga ana kang luluh karo aksara purwane lingga, kaya ta:

padu, luluhing: paadu, saka: adu,
polah < pa + ulah
pojar < pa + ujar
potang < pa + utang
pamit < pa + amit

ATER-ATER PA + TANDUK
a.       Ana sangarêping rimbag tanduk, aran: KRIYA WACAKA,  kaya ta:
panjaluk, têgêse = olèhe anjaluk
pamanggih
pamasuh
pambengok
pamengku
paminta
pamrayoga
pamuji
pamuring
pandherek
pandonga
panempuh
panemu
pangalembana
pangeram-eram
panggalih
panggawe
panggunggung
panglamar
pangrusak
panjemparinge
panuding
panungkul
panyuwun

b.      Nanging yèn rimbage nyimpang saka ugêring tanduk, kaya ta:
panèwu
panumping
penatus  iya isih aran rimbag kriya wacaka.

PA + LINGGA + AN.
Atêr-atêr pa, ana sangarêping têmbung lingga, olèh panambang: an, aran: DAYA WACAKA, bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta:
petungan < pa + itung + an
palangan  < pa + alang + an
pocapan < pa + ucap + an
polatan < pa + ulat + an
pomahan < pa + omah + an
pabean < pa + beya + an
padaleman < pa + dalem + an
padangan < pa + adang + an
padaringan < pa + daring + an , daring saka dring (Kw) = uwos
padasan < pa + das + an, das wancahan saka abdas (Ar).
padesan < pa + desa + an
padhalangan < pa + dhalang + an
padhepokan < pa + dhepok + an
padina < pa + dina + an , kanggo ing saben dina
padunungan < pa + dunung + an
padupan < pa + dupa + an
padusan < pa +adus + an
pagagan < pa + gaga + an
pagelaran < pa + gelar + an
paguyuban < pa + guyub + an
paidon < pa + idu + an
pajagalan < pa + jagal + an
pajeksan < pa + jeksa + an
pakaryan < pa + karya + an
pakuburan < pa + kubur + an
pakunjaran < pa + kunjara + an
palanangan < pa + lanang + an
palataran < pa + latar + an
palereman < pa + lerem + an
palintangan < pa + lintang + an
pambegan < pa + ambeg + an
paperangan > paprangan < pa + perang + an
pasanggrahan  < pa + sanggrah + an
pasemon  < pa + semu + an
pasewakan < pa + sewaka + an
pasilan < pa + sewaka + an
pasulayan < pa + sulaya + an
patapan < pa + tapa + an
paukuman < pa +  ukum + an
pawadonan <  pa + wadon + an

PA + TANDUK + AN
Atêr-atêr: pa, ana sangarêping rimbag tanduk, olèh panambang: an, aran: KARANA WACAKA, kaya ta:
pamulangan < pa + mulang + an
pandhadharan < pa + ndhadhar + an
pandhelikan < pa + ndhelik + an
panepen < pa + nepi + an
pangadilan < pa + ngadil + an saka: ngadili
pangandikan < pa + ngandika + an
pangaron < pa + ngaru + an saka tembung: ngaru
pangauban < pa + ngaub + an
pangayoman < pa + ngayom + an
panggorengan < pa + nggoreng + an
pangungsen < pa + ngungsi + an
panjaringan < pa + njaring + an
panjilidan < pa + njilid + an
panyuwunan < pa + nyuwun + an

GUNANE ATER-ATER PA, PA – AN.
Gunane ater-ater PA kanggo mangun tembung aran :

TEGESE ATER-ATER  PA, PA – AN (konfik PA –AN).
1.      Ateges papan : pamulangan, pandhelikan, panepen, pangadilan, pomahan, pabeyan, padaleman, padaringan,  padesan, padunungan, pagagan, padusan, pagelaran, paguyuban, paidon, pajeksan, pasewakan, paprangan, pangungsen, pasanggrahan, padupan,
2.      Ateges piranti : pangilon, pangaron, panggilingan,  
3.      Araning pangkat : panewu, panatus, paneket.
4.      Kanggo ing saben : padinan,
5.      Ngenani bab : palintangan, petungan, pasemon, pambegan, padhalangan,
6.      Apa-apa kang di : pakaryan, pasulayan, pangandikan, panyuwunan, pocapan,

https://nguripuripbasajawa.blogspot.com/search/label/Ater-ater%20PA

LAMBANG JAMAN

1.      Catur rana semune segara asat;
catur = 1. papat; 2. kandha
rana = 1. perang, paprangan; 2. warana (slintru); 3. mrana.

Minangka pralambangipun sekawan nagari , Jenggala, Kedhiri, Ngurawan lan Singosari..sanajan negari kasebut kathah prajurit ingkang sekti mandraguna tur baut olah kaprajuritan...nanging datanpa daya jalaran kadi segara asat...boten gadhah pangan lan prabeya [Logistik]..pramila sekawan nagari inggih sinebat negara ringkih..kawulane kesrakat .

2.      Gândâ kentir sêmune liman pêpekâ.
gândâ = ambu
kentir = kèli, kendhang
sêmune =tingkah, pralampita, pralambang, sasmita
liman = gajah
pêpekâ =lenâ

.Pasêmoning praja Pajajaran jamane Prabu Sri Pamêkas, dikendhangake dening Siyung Wanârâ ânâ ing kali Karawang . ujaring kândhâ yèn Siyung Wanârâ iku putrane sang Prabu, sing nalikâ laire tau diangkah patine awit saka ramalane nujum ‘ yèn jabang bayi kang lagi kababar iku bakal dadi mungsuh uga klilipe Sri Pasmêkas. Jabang bayi banjur dikendhangake dening parentahe Sri Pamekas, nanging ditemu dening ki Buyut Karawang. Barêng wus diwasa males ukum marang sang Prabu.

3.      Macan galak semune curiga kethul.
curiga = keris

Pralampitanipun praja Majapahit, ingkang kinajrihan déning sasamining Ratu, kathah para narendra ingkang nungkul karana aris datanpa ginebaging yuda awit saking kawentaripun sang Prabu ing Majapahit. Ananging emanipun pepindhaning curiga kethul. Kathah para nayaka pangembating praja ingkang kethul nalar budinipun ing babagan susastra.

4.      Lunga pêrang putung watang.
putung = tugel
Lunga prang menika pralampitaning Sultan Demak nalika nglurug prang nelukaken para Dipati saindenging pulo Jawa ingkang taksih ngrasuk agami Buda. Putung watange pasemoning para wali ingkang dados pangembating praja Demak, nalika samanten sampun kathah ingkang surud ing kasidan.

5.      Lelungan datan kongsi kaselak kampuhe bedhah, utawi lelungan datan kongsi bebasahan.
datan = ora
kongsi = nganti
kampuh = 1. dodot; 2. kalah.
bebasahan = panganggo keprabon (dododan, kulukan)

Menika pasemonipun kasultanan Pajang. Sultan Hadiwijaya anggènipun nyepeng panguwaosing praja boten dangu [1568-1586 M] kanthi makatên kawibawaning narendrâ ugi dèrèng katingal kuncârâ, kaselak rabak kampuhe [ kampuhe bedhah]. Jalaran pangeran pati ingkang kagadhang nggentosi kapraboning Sultan Hadiwijaya, kasunyatanipun kacidra dening Panembahan Kudus kaparingaken dhumateng Pangeran Arya Pangiri, ingkang ajejuluk Sultan Awantipura. Pangeran Pati Arya Benawa malah kalenggahaken dados Adipati ing Jipang Panolan. Sultan Pajang II menika namung lumampah tigang taun, awit Sultan Awantipura [ Arya Pangiri] kapikut dening Senapati Mataram. Wusana dhampar kaparingaken dhateng Pangeran Benawa ingkang ajejuluk Sultan Prabuwijaya, namung satunggal taun nyepeng panguwaosing Pajang, tansah sakit-sakiten lajeng murud ing kasidan.

6.      Surâ kalpâ sêmune lintang sinipat.
surâ = wani, dewa, prajurit, pahlawan
kalpâ = sathithik, di sudâ
sinipat= didêlêng [dipadhangi dening soroting srêngenge]

Mênika pasêmonipun Nagari Mataram nalika jamanipun Panêmbahan Senapati nalikâ badhe nêlukakên sadâyâ Adipati ing pulo Jâwâ namung kanthi grêgêting manah. Nanging botên sinêngkuyung mawi praboting prang [pasukan, logistik, beaya] Sabên-sabên dipunèngetakên dening ki juru..wangsulanipun namung  sadâyâ namung nênggâ panguwaosing Gusti, manawi kakersakakên inggih nungkul krânâ aris, manawi botên inggih nênggâ wekdal kemawon.

7.      Kêmbang Sempol sêmune lêbe kêkêthu.
kêmbang sempol = kembang tunjung [ bunga teratai].
lêbe kêkêthu = lêbe = modin, kaum,
kêkêthu = nganggo trebus.

Menika mralambangaken nagari Mataram nalika jamanipun Sultan Agung Hanyakrakusuma ugi putranipun…kaya modin nganggo trebus.

8.      Kalpika sru semune kanaka putung.
kalpika sru = ali-ali ingkang sesak.
kanaka = kuku,
putung = tugel.

Menika mralambangken jamanipun Sunan Amangkurat I ingkang seda ing Tegalarum. Sunan Amangkurat I priyagung ingkang wangkot [keras hati]. Asring midana pejah dhateng tiyang ingkang dereng temtu lepatipun. Andhawahaken ukum kisas saderengipun pradataning nagari netepaken pidana dhateng pasakitan. Kanaka putung menika nyemoni; awit kathah para nayaka praja ingkang dados piyandeling nagari tiwas kapidana pejah.

9.      Layon kèli semune satriya brangta..
layon = bathang, jisim
kèli = kèntir, kendhang
satriya wis ngarani
brangta = susah

Pasemon menika nelakaken jamanipun Sunan Amangkurat III utawi Sunan Mas ingkang pindha layon kèli jalaran anggènipun sinengkakaken ing ngaluhur boten wonten ing kedhaton..nanging nalika lolos saking praja. Sri Susuhunan Amangkurat Mas, utawi asring ugi kaserat minangka Amangkurat III utawi Sunan Mas (tanggal lair boten dipunmangertosi, séda ing Sri Lanka taun 1734), inggih punika Raja Kasunanan Kartasura ingkang jumeneng antawis taun 1703– 1705.

10.  Gunung Kêndhêng sêmune Kênya musoni.
Gunung Kêndhêng = pêgunungan sing jèjèr-jèjèr dawa, nyêmoni umur sing wis akèh, lungse.
Kênya musoni= prawan sing lagi musu kapas [pakaryan kang rèmèh].

Pasêmon mênika mratelakakên jamanipun Sunan Pakubuwana I ing Kartasura. Sri Susuhunan Pakubuwana I utawi Pangéran Puger utawi Radèn Mas Darajat (miyos ing Plèrèt, 1648 – séda ing Kartasura, 22 Februari 1719 kanthi yuswa 71 taun) inggih menika raja trah Mataram ingkang pungkasan wonten ing kraton Plèrèt, lan raja ingkang kaping tiga wonten ing kraton Kartasura. PB I winisudha nalika yuswa sampun lungse. Anggènipun nyêpêng pusaraning adil, kados lare, liripun ingkang dipun panggalih namung babagan ingkang rèmèh..kêpara babagan nagari dipunlirwakaken.

11.  Gajah metâ sêmune têngu lêlakèn.
Gajah meta = gajah ngamuk.
têngu lêlakèn= tengu sanggama,

Mratelakakên pasêmonipun PB II ing Kartosurâ ingkang sinuyudan dening pârâ Adipati. Sri Susuhunan Pakubuwana II utawi Radèn Mas Prabasuyasa (miyos ing Kartasura, 8 Desember 1711 – séda ing Surakarta, 20 Desember 1749 kanthi yuswa 38 taun) inggih menika raja trah Mataram ingkang kaping pisan wonten ing kraton Surakarta.
Nalika kêdhatêngan mêngsah, lajêng rumaos tintrim panggalihipun, lajêng nyuwun pambiyantunipun Adipati Pânârâgâ. lan Adipati Madurâ. Salajêngipun PB II anggarwâ putrinipun Adipati Pânârâgâ.

12.  Panji roro semune Pajang Mataram.
panji = 1. gendera; 2. arane sesebutan darahing ratu; 3. arane pangkat lurahing prajurit; 4. arane pangkat saemper wedana.

Mratelakaken raja kalih nagari pecahipun Surakarta kalihan Mataram nalika jamanipun SISKS Pakubuwana III kalihan ingkang paman inggih menika Pangeran Mangkubumi. Pangeran Mangkubumi ingkang salajengingipun winisudha kanthi gelar Sultan Hamengku Buwana I ing Kasultanan Ngayogya karta. Sri Susuhunan Pakubuwana III wiyosan: Kartasura, 1732 – seda : Surakarta, 1788, punika raja ingkang kaping kalih saking Kasunanan Surakarta sing marentah taun 1749 – 1788.[ Pakubuwana III punika ratu katurunan Mataram ingkang kapisanan winisudha déning Walanda.]

13.  Rara ngangsu randha roro pijer atukar;  
Rara = prawan

Pasemonipun Kanjeng Pangeran Harya Mangkunegara nalika lolos saking kedhaton..inggih menika Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara I utawi Pangéran Sambernyawa utawi Radèn Mas Said (miyos ing Kartasura, 7 April 1725 – séda ing Surakarta, 28 Desember 1795 ) inggih menika raja wonten ing keraton Mangkunagaran. Lajeng randha roro nututi apijer tukaran..inggih menika antawisipun Sri Susuhunan Pakubuwana III (miyos: Kartasura, 1732 – seda : Surakarta, 1788) kalihan Pangéran Mangkubumi utawi Radèn Mas Sujana (miyos ing Kartasura, 6 Agustus 1717 – séda ing Yogyakarta, 24 Maret 1792 ) ingkang winisudha Sultan Hamengku buwana I...inggih punika putra Sunan Amangkurat IV. Ananging kekalihipun pijer paben kemawon. Lajeng nuwuhaken prajanjen Giyanti.. tanggal 13 Fèbruari 1755 antawisipun Sunan Pakubuwana III lan Pangèran Mangkubumi ingkang misahaken Krajan Mataram dados kalih Kasunanan Surakarta kaasta dening PB. III lan Kasultanan Yogyakarta kaasta dening HB I.

14.  Tan kober pepaes amangun sinjang.
Menika pralampitanipun praja Surakarta nalika jamanipun Sunan Pakubuwana IV nalika taksih timur nama Radèn Mas Subadya. (1768 – 1820) ugi sinebat Sunan Bagus. putra Pakubuwana III , miyos saking garwa padmi trah sultan Demak.Narendra ingkang kaping tiga ing Kasunanan Surakarta marentah taun 1788 –1820. Pakubuwana IV ugi sinebat Sunan Bagus, jalaran suwarna ing pasuryanipun. Pakubuwana IV menika raja Surakarta ingkang gadhah gegayuhan luhur saha kendel ngawekani bebaya, béda kalihan ingkang rama, misuwur ringkih lan kirang praceka. PB IV anggilut dhateng kawruh Kejawèn lan ngangkat para tokoh golongan kasebat wonten salebeting pamarentahan. Kakwonten makaten boten pinkantuk panyangkuyung saking para pangageng Islam ingkang sampun mapan ing kraton. Para tokoh Kejawèn kasebat nyengkuyung Pakubuwana IV supados uwal saking VOC lan nggadhahi pangangkakh supados Kasunanan Surakarta pinangka negari ingkang unggul ing pulo Jawa, saged ngawonaken Kasultanan Yogyakarta.[babad Pakepung]. Ngantos dumugi Sunan Pakubuwana V [1785-1823], ngasta paprentahan ing Kasunanan Surakarta taun 1820-1823.ngibaratipun tan kober pepaes amangun sinjang boten kober macak ugi boten kober miru sinjang…menika pasemoning ratu kekalih ingkang prasasat saben wekdal dipunridhu dening prakawis nagari, kraman lsp. Nalika taksih timurnama Raden Mas Sugandi, putra saking PB. IV ingkang miyos saking garwa padmi R. A. Handoyo putri Adipati Cakraningrat bupati Pamekasan. Jumeneng Nata ing Surakarta tanggal 10 Februari 1820. Pakubuwana V ugi sinebat Sunan Sugih, jalaran sugih bandha lan sugih kasektèn. Pakubuwana V ingkang marentahaken nyerat Serat Centhini .  

15.  Kalabendu semune Semarang lan Tembayat.
Menika mratelakaken lolosipun Pangeran Diponegara saking Ngayogyakarta. Kalabendu, pasemon wiwit pecah prang antawisipun Kumpeni Walanda kalihan pribumi Jawa. Pangeran Diponegara menika putra pambarepipun Hamengkubuwana III, seorang raja Mataram ing Yogyakarta. Wiyosan 11 November 1785 ing Ngayogyakarta saking garwa ampeyan ingkang asma R.A. Mangkarawati, saking Pacitan. Pangeran Diponegoro nalika taksih timur sesilih Raden Mas Ontowiryo.  Nglenggana kalenggahanipun minangka putra selir, P. Diponegoro nduwa keparengipun ingkang rama, Sultan Hamengkubuwana III, nalika badhe kawisudha nggentosi kaprabon,jalaran ngèngêti ingkang ibu punika namung garwa ampeyan. Garwanipun P. Diponegara wonten tiga inggih menika: BRA. Antawirya, RA. Ratnaningsih, & RA. Ratnaningrum. P. Diponegoro langkung kepranan ing babagan spiritual agami Islam lan srawung kalihan kawula alit, pramila lajeng remen manggèn wonten ing Tegalrejo ing dalemipun eyang buyut putri , Ratu Ageng Tegalrejo garwa padmi HB I, tinimbang lenggah wonten ing keraton. P. Diponegara mbalela dhateng Kasultanan Ngayogyakarta nalika kaasta dening Sultan Hamengkubuwana V (1822) ingkang taksih 3 th nalika jumênêng Nâtâ. Jalaran boten sarujuk kanthi wontenipun Dewan Curator, sanajan P. Diponegoro kalebet dados satunggal saking dewan curator ingkang ngampingi Hamengkubuwana V.  Wondene ingkang kajibah ngastâ paprentahaning nagari Patih Danurêjo kalihan Residhèn Walandi.

16.  Tunjung putih semune pudhak sinumpet.
tunjung = 1. kembang trate; 2. kuningan lsp kawangun lancip kaetrapake ing buntaring tumbak.

17.  Gandrung-gandrung ing lelurung andulu gelung kekendhon, keris parung tanpa karya, edolen tukokna uleng-uleng campur bawur... 
      Pralambanging negari ingkang sampun gemah ripah loh jinawi.

https://nguripuripbasajawa.blogspot.com/search/label/07%20ADAT%20TATA%20CARA

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...