Translate

Minggu, 31 Maret 2024

Wayang Fiber Anggitane Ki Mudjito

Wayang kulit wis lumrah kasumurupan umum. Kerajinan sungging wayang walulang uga akeh tinemu ing saperangan laladan Yogya lan Solo. Nanging bahan kanggo nyungging wayang jebul ora muhung saka walulang. Saweneh pandhemen budaya wayang asal Kutoarjo, Purworejo jebul wis nganggit wayang kang digawe saka fiber. Nadyan kalah popular yen dibandingake karo wayang kulit, wayang fiber mujudake pambudidaya kanggo ngurip-urip kerajinan wayang. Satlereman tampilan wayang fiber ora beda adoh yen dibandingake karo wayang kulit, mung wayange katon luwih kandel. Kekuwatane wayang fiber uga ora kalah pengkuh yen kabandhing karo wayang kulit.

Banjur sapa paraga kreatif sing kasil nganggit wayang fiber iku? Asma jangkepe Ki Drs. H. Mudjito. Bapa Mudjito iku lair ing Boyolali taun 1951. Ahli akuntansi iki nate ngasta dadi guru Akuntansi ing SMK Negeri 2 Kutoarjo, Purworejo lan wus purna tugas nalika taun 2011. nadyan wus purna tugas, Ki Mudjito isih katon bergas lan trengginas. Disuwuni priksa mungguh motivasine gawe wayang fiber Mudjito ngendika lamun anggone nganggit wayang fiber lan uga dadi dhalang wayang purwa fiber mung karana dhemen lan tresna budaya Jawa, utamane traadhisi pakeliran. Nyinau dhalang uga karana autodidak (ajar dhewe). Yen ora kagungan motivasi sing dhuwur tangeh bisa mujudake pangangen-angene sing luhur kuwi.

Ki Mudjito ngendika yen wayang fiber mujudake alternatif saliyane wayang kulit. Bahan fiber nyata bisa direkayasa utawa dikemonah dadi wujud pepethan wayang purwa sing nyengsemake. Tampilan wayang fiber memper banget karo wayang kulit. Wayang fiber anggitane Ki Mudjito iku jebu; ora mung kanggo pentas pakeliran nanging uga kanggo dekorasi dinding kanthi cara diwenehi figura kang cekli lan dipasang ana ruwang tamu utawa kantor. Akeh pandhemen saka ngendi-endi papan kang bisa sesambungan lewat tilpun.

Teteken katekunan wus nglantarake Ki Mudjito nggayuh sukses. Saka kreativitas nganggit wayang fiber mau, Ki Mudjito wis nampa penghargaan saka Museum Rekor Indonesia (MURI) nalika Juli 2007 minangka tukang nggawe wayang fiber sing sepisanan ing Indonesia. Penghargaan iku ora diparingake ujug-ujug. Ana proses studi kelayakan sing dawa sadurunge MURI netepake saweneh paraga entuk penghargaan MURI.

Banjur piye mula bukane Ki Mudjito nemokake kreativitas unik kuwi? Ki Mudjito  nyritakake lamun anggone nganggit wayang fiber tuwuh karana nyumurupi saweneh siswa sing nggawa tepas saka bahan fiber ana kelas. Nalika ngubengi murid-muride sing lagi nggarap tugas Akuntansi kuwi, Ki Mudjito priksa ana murid wadon ayu sing tepas-tepas nganggo bahan fiber. Tepas mau banjur disilih Ki Mudjito. Saka nyawang tepas fiber, Ki Mudjito terus duwe panemu. Panjenengane duwe panduga yenfiber mesthi bisa diolah utawa direkayasa dadi wayang kang memper wayang kulit.

Panduga mau ora mung mandheg ing pangangen-angen. Sateruse Ki Mudjito mbudidaya ngumpulake bahan- bahan fiber lan dikreasi dadi paraga-paraga wayang. Sepisan pindho pambudidaya mau pancen durung kasil. Ora gampang gawe pepethan paraga wayang saka bahan fiber, wiwit ngrancang pola, gawe pepethan lan uga nyungging nggunakake cet sing trep. Karana seneg, eksperimen mau ditindakake bola-bali nganti kasil gawe wayang fiber.

Wayang fiber anggitane Ki Mudjito nyata uga ngalami owah-owahan saka kawitan nganti saiki. Ing awale gawe wayang, bolongan-bolongan kayata kang ana ing perangan kuluk wayang utawa gelung ora dibolong. Perangan iki mung digawe transparan (tanpa werna utawa cet) kanthi pangangkah lamun kena sorotan lampu ing pementasan wayang, perangan transparan sing tetep buntet iku ora ketara. Nanging Ki Mudjito ora marem tekan semono. Panjenengan uga banjur ngembangake kreativitase kanthi mbolong perangan ing gelung wayang sing pancen kudu dibolong, mula pakaryane gawe wayang dadi luwih sampurna. Asile wayang kreasine Ki Mudjito iki ora beda karo wayang kulit liyane.

Ki Mudjito uga banjur sinau piye bisane pentas wayang. Kanthi tumemen sinau, Ki Mudjito wusana bisa pentas ana tanggap warsa kaping 50 SMP Negeri 5 Purworejo. Ing pagelaran mau Ki Mudjito nggelar lakon Dewaruci lan kepetung sukses. Para penonton padha ngalembana keprigelane Ki Dhalang sing jebul wasis. Pentas iki uga kalebu Istimewa awit Ki Mudjito nampa maneh penghargaan saka MURI. Yen penghargaan sing kawuri kanggo menehi pakurmatan marang paraga kang nyipta wayang fiber sing sepisanan ing Indonesia, penghargaan angka loro iku diparingake amarga pentas wayang fiber paling akeh sing sepisanan. Gunggunge wayang fiber kagungane Ki Mudjito ana 250 lan kepetung paling akeh sadonya.

Gawe wayang saka fiber sing sekawit ora ana sing nglakoni bareng dipersudi jebul uga ana menehi manfaat kanggo bebrayan malah nganti entuk penghargaan sing tan kanyana-nyana. Kerajinan, seni, sastra, tari lan maneka warna bab kang dipersudi wis mesthi menehi piguna kanggo sesamining gesang. Mula Ki Murdjito tansah  njejurug marang kanoman lan sapa wae supaya nuwuhake kreativitas. Kreativitas iku jebul larang regane lan dhuwur pengajine. Amrih bisa kreatif, wong kudu tansah ngulik-ngulik kahanan banjur nemokake bab anyar kang duweni keunggulan kabandhing karo sing wis ana sadurunge.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 40, 6 Oktober 2018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...