Translate

Rabu, 25 Maret 2015

MACA TEKS NON SASTRA

Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan berbagai   keterampilan dan teknik membaca.
Kompetensi Dasar : Membaca pemahaman  wacana nonsastra tentang budaya Jawa

Materi Pokok : Teks bacaan non sastra tentang budaya Jawa

Indikator :

 Menemukan kata-kata sukar dalam bacaan

 Mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan

 Menemukan pokok-pokok isi bacaan

 Menjawab pertanyaan bacaan secara tepat

 Menyusun ringkasan bacaan secara tepat

 Mengungkapkan kembali isi bacaan dengan bahasa sendiri



KENDUREN, APA WIS AREP ILANG?

Dening Arief Mulyana.

           Saperangan ahli mastani, agamane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran

kenduren. Kenduren, ora beda pokoking ngibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh

perkara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi

nganti tekan matine, kalebu prstawa liyane, kayata nggawe omah, lulus sekolah,

ketampa nyambut gawe, kudu dikendureni. Upacara kenduren mono ancase kanggo

nggayuh kaslamatan. Muga kenduren uga kasebut slametan. Wong kang wus

ngleksanani upacara wujud kenduren mau, adate banjur rada ayem lan tentrem atine.

Pancen kabeh mau gumantung kepercayaan pribadine dhewe-dhewe.

            Miturut Herusatoto (1991), kenduren iku kalebu perangan tindakan simbolis

tumrape wong Jawa kanggo memuji lan  nggayuh kaslametan. Apa kang dadi tatacara,

ubarampe lan lakuning upacara kenduren sejatine mung medhia simbolis kanggo

nglairake pepinginan utawa panyuwunan marang Dzat Kang Luwih Kuwasa. Dadi, yen

ditelusuri tenan, kenduren iku kalebu wujuding ibadah tumraping wong Jawa kang

ngleksanani upacara mau, dadi kaya dene donga.



lihat selengkapnya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...