Miturut panemune ahli basa Jawa anyar sing lawas, ater-ater anuswara ana 4 yaiku : am (m), an (n), any (ny), ang (ng). Anuswara tegese : swara irung (nasal, sengau). Satemene ater-atere yaiku "a" katambahan nasal (N). Padha persis karo ater-ater "haN- " ing basa Jawa Kuna. Miturut panemune ahli basa Jawa saiki rumuse dadi :
aN- + lingga
Ater-ater anuswara (aN-) ngalami owah-owahan wujud yen sumambung ing tembung lingga. Owah-owahan wujud mau dadi : am (m), an (n), any (ny), ang (ng), lan nge. Dadi ater-ater anuswara iku ora mung 4 (papat) nanging 5 (lima).
Panganggone :
Ater-ater am (m).
Dianggo yen karaketan tembung lingga kang purwane swara mati (konsonan) : b, p, w
Tuladha :
am + buru > amburu > mburu
am + babat > ambabat > mbabat
am + bujung > ambujung >mbujung
am + begal >ambegal >mbegal
am + pangan > amangan > mangan
am + pikir > amikir > mikir
am + pijet > amijet > mijet
am + pikat > amikat > mikat
am + warung > amarung > marung
am + warah > amarah > marah
am + wulang > amulang > mulang
am + wadhah + (i) > amadhah(i) > madhah(i)
Katrangan :
Ana tembung sing nyebal saka paugeran (pakajaban) kang apurwa swara mati (konsonan ) w , yen karaketan ater-ater anuswara dadi ng, tuladha :
am + wetu + (ake ) > ngetokake
am + wedal + (aken) > ngedalaken
Ater ater an (n)
Dianggo yen karaketan tembung lingga kang apurwa swara mati (konsonan): d, dh, t, th
Tuladha :
an + dudut >andudut > ndudut
an + deleng > andeleng > ndeleng
an + dangu > andangu > ndangu
an + dulang > andulang > ndulang
an + dhupak > andhupak > ndhupak
an + dhangir > andhangir >ndhangir
an + dhodhog > andhodhog > ndhodhog
an + dhapuk > andhapuk > ndhapuk
an + tandur > anandur > nandur
an + titip > anitip > nitip
an + tulis > anulis > nulis
an + tiba >aniba > niba
an + thuthuk > anuthuk > nuthuk
an + thothok > anothok > nothok
an + thuthul > anuthul > nuthul
an + thithil > anithil > nithil
Ater –ater any (ny)
Dianggo yen karaketan tembung lingga kang apurwa swara mati (konsonan) c, j, s
Tuladha :
any + cukil > anyukil > nyukil
any + cidhuk > anyidhuk > nyidhuk
any + caruk > anyaruk > nyaruk
any + cucuk > anyucuk > nyucuk
any + jaluk > anyjaluk > nyjaluk > njaluk
any + jupuk > anyjupuk > nyjupuk > njupuk.
any + jereng > anyjereng > nyjereng > njereng
any + jaga > anyjaga > nyjaga > njaga
Katrangan :
Tembung ing dhuwur yen katulis nganggo aksara Jawa (gagrag Sriwedhari): anyjaluk, anyjupuk, anyjereng, anyjaga. Yen katulis nganggo aksara Latin : njaluk, njupuk, njereng, njaga.
any + sapu > anyapu > nyapu
any + serok > anyerok > nyerok
any + sedhot > anyedhot > nyedhot
any + senggol > anyenggol > nyenggol
Ater – ater ang (ng)
Dianggo yen karaketan karo tembung lingga kang purwane swara mati (konsonan) g, k, r, l, y, lan swara urip
Tuladha :
ang + gambar > anggambar > nggambar
ang + gulung > anggulung > anggulung
ang + garu > anggaru > nggaru
ang + ganti > angganti > ngganti
ang + kudang > angudang > ngudang
ang + kidung > angidung > ngidung
ang + kerok > angerok > ngerok
ang + kuras > anguras > nguras.
ang + rujak >angrujak > ngrujak
ang + rasa > angrasa > ngrasa
ang + rabi > angrabi > ngrabi
ang + rajang > angrajang > ngrajang
ang + lari > anglari > nglari
ang + luput + (ake) > angluput (ake) > ngluput (ake)
ang + lunjak > anglunjak > nglunjak
ang + lindur > anglindur > nglindur
ang + yiyit + (i) > angyiyit (i) > ngyiyit(i).
ang + yekti + (ake) > angyekti (ake) > ngyekti (ake)
ang + yakin + (ake) > angyakin(ake) > ngyakin (ake)
ang + obong > angobong > ngobong
ang + owah + (i) angowah (i) > ngowah (i)
ang + ulu > angulu > ngulu
ang + undang > angundang > ngundang
ang + ili > angili > ngili
ang + irig > angirig > ngirig
ang + unjal > angunjal > ngunjal
ang + uber > anguber > nguber
ang + etung > angetung > ngetung
ang + eman > angeman > ngeman
ang + empan > empan (ake) > ngempa (kake)
ang + embah > angembah > ngembah
Ater-ater anuswara kang karaketan tembung lingga kang tembunge mung sawanda, kayata: dang, dus, dol, bis, cet, pel, bel, lsp ater-ater mau owah dadi nge. Tuladha :
ang + dang > angdang > ngedang
ang + dol > angdol > ngedol
ang + dus > angdus > ngedus
ang + bis > angbis > ngebis
ang + cet > angcet > ngecet
ang + pel > angpel > ngepel
Saiki, para ahli basa Jawa nduweni panemu yen owah-owahan ang dadi nge wis mujudake ater-ater kang madeg dhewe. Dadi ater-ater anuswara iku ana 5 (lima) : am, an, any, ang, lan nge.Lugune, owah-owahan kang kaya mangkono iku niru basa Jawa Kuna. Mung wae ing basa Jawa Kuna (bokmanawa) pangucape ora pati cetha, ing basa Jawa anyar dicethakake.
Katrangan :
1. Ing tata tulis aksara Jawa (gagrag Sriwedari) tembung kang linggane apurwa swara mati (konsonan) anteb (b, g, j, d, dh) yen karaketan ater-ater anuswara ditulis jangkep am, an, ang, any. Ing tata tulis aksara Latin cukup ditulis m, n, lan ng. Ater-ater any ditulis n dudu ny.
2. Ing buku-buku sastra kang adhapur tembang macapat ana tembung kriya tanduk kang ditulis mung linggane wae (tanpa ater-ater) jalaran mburu guru wilangan supaya trep, nanging tetep diwaca kaya yen karaketan ater-ater , kayata : bedhah praja boyong putri kudu diwaca “mbedhah praja mboyong putri”.
3. Ing pocapan padinan ora bakal tinemu tembung-tembung andhodhok, anjaluk, anggambar, anjugil , amburu, lsp. Sing ana tembung ndhodhok, njaluk, nggambar, njugil, mburu, lsp. Tembung-tembung mau mung kanggo ing tata tulis utawa ing kasusastran, kang lumrah kanggo ngetrepi guru wilangan.
4. Ana tembung sing nyebal saka paugeran, lumrahe tembung mau njupuk , niru, utawa kaprebawan basa Jawa kuna, tuladha : nuwun, nandhang , nayogyani, manembah, nambut, nusup, nusu, nungsung, nungsang.
5. Tembung ngalor, ngidul,ngetan , ngulon , dhapukane niru basa Jawa Kuna. Ater-atere dudu ater-ater anuswara
Gunane ater-ater anuswara :
Gunane ater-ater anuswara yaiku :
1. Kanggo dhapuk tembung kriya tanduk (kata kerja aktif), tuladha : mangan, macul, mbalang, mbakar, ngombe, nggawe, ngundha, ngancing, numbak, nuntun, nabrak, ndhudhuk, njarag, njiwit, njaga, njupuk.
2. Kanggo ndhapuk tembung kahanan, tuladha : mbanyu, mbeguguk, mecicil, masir, mrekitik, mriyayeni, nglenga, ngglolo, nglangut, nglumut, nglimprek, ngayu, ndlewer, ndesani, ndrenginging, ndremimil, njenggarong, njenggureng, njedhodhot, njepiping,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar