Gunane ater-ater PI kanggo mangun tembung aran.
Dene tembung lingga kang oleh ater-ater PI rimbage diarani RIMBAG LINGGA ANDHAHAN
Trap-trapane ater-ater PI bares wae, tuladha :
piadu (kw) < pi + adu = padu, papadon
piala (kw) < pi + ala = panggawe ala
piandel < pi + andel
piangkah (kw) < pi + angkah = pangangkah
piangkuh (kw) < pi + angkuh = umuk
pianjur (kw) < pi + anjur = pangarep, panganjur
piawon < pi + awon
pidosa (kw) < pi + dosa = ukum, paukuman
pidhuwung < pi + dhuwung = rasa getun, kedhuwung
piguna < pi + guna
pikantuk < pi + kantuk
pikekah < pi + kekah
pikoleh < pi + koleh
pikrama < pi + krama = ningkah, laki - rabi
pikudhung < pi + kudhung = layang turunan, layang kekancingan
pikukuh < pi + kukuh
pilara < pi + lara
pilenggah < pi + lenggah
pilungguh < pi + lungguh
pirena < pi + rena
pisakit < pi + sakit
pisuka < pi + suka
pisungsung < pi + sungsung
pitakon < pi + takon
pitedah < pi + tedah
piterang < pi + terang = katrangan
pituduh < pi + tuduh = kang dituduhake, pitutur
piturut < pi + turut
pituwas < pi + tuwas = opahan lsp kanggo leliruning kangelan
piutang < pi + utang = utang
piwadul < pi + wadul
piwales < pi + wales
piweling < pi + weling
piwulang < pi + wulang
Tembung-tembung kang arimbag LINGGA ANDHAHAN yen kawuwuhan panambang AN rimbage diarani RIMBAG WISESANA LINGGA ANDHAHAN, tuladha :
pitakon , pikajengan, pirampungan, pirembugan, pirembagan, pilulusan *), pilapuran, pilampahan, pilakon, pikarepan.
*) pilulusan = idin, palilah.
Tembung-tembung kang arimbag LINGGA ANDHAHAN yen kawuwuhan panambang AN rimbage diarani RIMBAG WISESANA LINGGA ANDHAHAN, tuladha :
pitakon , pikajengan, pirampungan, pirembugan, pirembagan, pilulusan *), pilapuran, pilampahan, pilakon, pikarepan.
*) pilulusan = idin, palilah.
https://nguripuripbasajawa.blogspot.com/search/label/Ater-ater%20PI
Tidak ada komentar:
Posting Komentar