Parikan
Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata kramane utawa unggah-
ungguhe basa, punapa maneh guneman nganggo parikan utawa wangsalan. Unggah-ungguh
yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama utawa
nggunakake basa. Babagan unggah-ungguh basa di butuhake banget ing jaman moderen iki.
Emane, basa krama kurang kaajarake marang siswa ing sekolahan. Mula iku ing kene para
siswa bakal di ajari kepriye tuladhane pacelathon arang wong kang luwih tuwa.
Unda-usuking basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko
kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang wis kulina utawa satataran. Dene basa
krama kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang durung kulina utawa wong kang
tataran bebrayan luwih tuwa.
Parikan yaiku unen-unen kang kedadeyan saka rong ukara, kang dhapukane kanggo
purwakanthi swara utawa purwakanthi sastra. Saben saukara kadadeyan saka rong gatra,
saben sagatrane isine 4 wanda utawa 8 wanda. Ukara kapisan minangka pambuka, ukara
kapindho iku wose utawa isi bakune. Ing basa Indonesia parikan diarani pantun.
lihat selengkapnya
Blog ini berbagi materi seputar perangkat dan materi pembelajaran bahasa jawa
Translate
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
CANGKRIMAN
BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A. Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...
-
A. Omah Adat Jawa Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur joglo , seliyané iku uga ana umah s...
-
A. Pengantar Aksara Jawa merupakan aksara yang digunakan untuk menuliskan buah pikiran orang Jawa. Menurut cerita rakyat yang ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar