Translate

Tampilkan postingan dengan label TEKS DESKRIPSI BUDAYA JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label TEKS DESKRIPSI BUDAYA JAWA. Tampilkan semua postingan

Kamis, 04 April 2024

TEKS DESKRIPSI OMAH ADAT JAWA

A.  Omah Adat Jawa

Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur joglo, seliyané iku uga ana umah sing dibangun nganggo gaya arsitektur liya misalé: limas, dara gepak, joglo trajurmas uga bangunan liya umpamane sasono suko.

Umah adat Jawa sing isih lengkap lan nduwé nilai-nilai budaya Jawa yaiku sing nduwé 3 bageyan bangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 bangunan liya sing radha cilik lan posisiné radha neng arepan bangunan pendhapa. Bagian tengah ana pringgitan lan bagian mburi dhéwé ana dalem.

Umah neng desa-desa lan penduduk biasa umumé bangunané tunggal lan dibangun nganggo gaya arsitektur dara gepak. Bangunan kuwi beda karo bangunan gaya saiki utawa asring diarani rumah minimalis.

1.    Bageyan omah adat jawa

a.    Pendhapa, diapit Pengrawit apitan lan Tajuk mangkurat

Pendhapa iku bagian bangunan umah adat Jawa sing anane neng sisih paling ngarep. Bangunan iki biasane diarani pendhapa agung utawa pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing jembar banget, tanpa sekat, tanpa tembok utawa dinding uga tanpa lawang (pintu). Pendhapa umume dibangun nganggo gaya arsitektur joglo trajumas. Pendhapa nduwe fungsi kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo pagelaran kesenian uga upacara adat. Bangunan pendhapa iku ngandut makna sipat pradah, sifat iki antarane lapang dada, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi isa lan siap nerima tamu. Makna liyane saka bangunan iki yaiku momot utawa sanggup nampung apa wae uga termasuk sanggup nampung lan ngatasi kabeh masalah sing timbul. Bangunan pendhapa ing jaman saiki isa ditemokake ana ing komplek-komplek kraton, kantor utama pemerentah (nengJawa TengahYogyakarta lan Jawa Timur) misale kantor Bupati utawa DPRD. Pringgitan iku bagéyan ruangan ing umah adat Jawa sing dunungé ana ing antara pendhapa lan dalem utama (Dalem Ageng). Pringgitan nduwèni kagunan kanggo nampa tamu, lan papan kanggo pagelaran wayang nalika ana gawé utawa hajatan. Ruang pringgitan iki uga bisa kanggo lenggahan ngénggar-énggar penggalih wayah soré.

b.    Pringgitan neng tengah-tengah

c. Dalem ageng utawa dalem: sing dipérang manèh dadi 3 bagian yaiku: Senthong kiwaSenthong tengah lanSenthong tengen

d.    Gandhok lan pawon

Pawon sacara harafiah tegesé sawijining panggonan, biasané ing jero omahkanggo aktivitas ngolah lan nyadiakaké bahan panganan utawa pangan. Aktivitas iki diarani olah-olah utawa masak. Ananging tembung pawon bisa uga ngarujuk marang aktivitas iki, utawa asil saka aktivitas iki yakuwi panganan. Kanthi tuwuhing budaya lan teknologi, wangun pawon tansah owah. Perencanaan pawon modèrn saiki mèlu prinsip segitelu sing nyatakaké yèn 3 fungsi utama pawon yakuwi panyimpenan (kaya kulkas), persiapan, lan masak. Prinsip iki nandhesaké supaya antara ktelu fungsi kasebut, ora silih ngalangi nanging uga let antara kaloroné ora pati adoh. Sawetara wangun pawon sing umum yakuwi

1)     Kabèh fungsi ing dhuwur dipasang ing siji témbok saéngga segitiga iku dadi garis. Wangun iki kurang èfèktif nanging ngirit panggonan.

2)    Wangun liya fungsi ing dhuwur, yaiku dipasang ing loro témbok sing adhep-adhepan.

3)    Wangun pawon L, yakuwi alat-alat pawon dipasang ing pojoking rong témbok.

4)     Wangun pawon U, yaiku mangon ing telung témbok.

Anakalané, pawon uga duwé papan kanggo mangan utawa sarapan

Akeh masakan sing dhadi pangane wong Jawa mulai jaman kalabendhu. Pramila, kaca iki nyoba mitulungi panjenengan sakabeh kanggo ngangkat masakan tanah Jawa. tembung Pawon sejatiné nduwé arti "panggonan kanggo masak", yèn ing basa Indonesia yaiku dapur

 

2.    Gaya arsitektur

a.    Joglo (payon joglo)

Joglo iku salah sawijining wewangunan omah tradisional ing Jawa Tengah. Saliyané joglo ing Jawa Tengah uga ana wangun omah limas. Omah Joglo duwèni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Biasané omah joglo iku ana gebyogé kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama yakuwi Pendhapa lan dalem. Bagéan pendhapa arupa bagéan ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kulawarga. Bagéan dalem minangka bagéan jero omah arupa ruangan kamar lan ruangan liya sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yakuwi bagéan payon pendhapané dhuwur kaya gunung.

Jinis-jinis omah Joglo :

1)   Joglo Lawakan

2)   Joglo Sinom

3)   Joglo Jompongan

4)   Joglo Pangrawit

        5)   Joglo Mangkurat

        6)   Joglo Hageng

        7)   Joglo Semar Tinandhu

b.    Limasan (payon limas)

Omah Limasan iku salah siji wangun umah adat Jawa sing payoné awangun limas. Omah Limasan iki kaciri saka payoné sing nduwèni 4 (papat) bidhang sisi, nganggo dudur. Akèh-akèhé kanggo papan padunungan. Perkembangan saka wangun iki yèn ditambah èmpèr utawa serambi, sarta sawetara ruangan bakal kacipta wangun-wangun sinomkutuk ngambang,lambang gantungtrajumas, lan liya-liyané.

Jinis-jinis omah Limasan

1)        Limasan Lawakan

2)        Limasan Gajah Ngombe

3)        Limasan Gajah Njerum

4)        Limasan Apitan

5)        Limasan Pacul Gowang

6)        Limasan Cere Gancet

7)        Limasan Trajumas

        8)      Limasan Gajah Mungkur

        9)      Limasan Klabang Nyander

        10)  Limasan Lambang Teplok

        11)  Limasan Semar Tinandu

        12)  Limasan Lambang Sari

1                               13)  Limasan Semar Pinondhong, conto Bangsal Kama, Kraton Cirebon

c.    Kampung (payon pelana)

Omah Kampung iku omah adat Jawa sing wanguné prasaja, kanthi payon rong empyak (2 belah sisi), lan siji wuwungan ing tengahé. Amarga prasaja banget mula jinis omah iki akèh sumebar ing karang padésan.

Jinis-jinis omah Kampung :

1)        Kampung Pokok

2)        Kampung Trajumas

3)        Kampung Pacul Gowang

4)        Kampung Srotong

5)        Kampung Cere Gancet

6)        Kampung Gotong Mayit

7)        Kampung Semar Pinondhong

8)        Kampung Apitan

9)        Kampung Gajah Njerum

             10)    Kampung Gajah Ngombe

            11)    Kampung Doro Gepak

            12)    Kampung Klabang Nyander

            13)    Kampung Jompongan Lambang Teplok Semar Tinandhu (kangggo tobong kapur)

            14)    Kampung Lambang Teplok (kanggo gudang genteng)

d.    Panggang Pe

Omah panggang pe yakuwi omah kang payone (atape) mung sasisihan.

Jinis-jinis omah Panggang Pe :

1)        Panggang Pe Pokok

2)        Panggang Pe Trajumas

3)        Panggang Pe Empyak Setangkep

4)        Panggang Pe Gedhang Selirang

            5)        Panggang Pe Gedhang Setangkep

            6)        Panggang Pe Cere Gancet

            7)        Panggang Pe bentuk kios

            8)        Panggang Pe Kodokan (jengki)

            9)        Panggang Pe Barengan

            10)     Panggang Pe Cere Gancet

e.    Mesjidan/Tajugan

Omah masjidan/ tajugan yakuwi omah kang saka gurune mbelah patang sisi payon tanpa bubugan, dadine landhep mandhuwur.

Jinis-jinis omah Mesjidan/Tajugan :

1)        Mesjidan Cungkup Pokok

2)        Mesjidan Lawakan (langgar)

3)        Mesjidan Lambang Teplok, conto : Bangsal Gianyar, Bali

4)        Mesjidan payung agung (meru), susun 3 kanggo rakyat, 5 sentana (keluarga) raja, 7 pangeran, 11 raja, conto Pamujaan Besakih, Bali

5)        Tajug Tawon Boni, conto : Bangsal Pajajaran

6)        Tajug Tiang Satu Lambang Teplok, conto : Mesjid rakyat Gombong

7)        Tajug Semar Sinongsong Lambang Teplok, conto : Langgar Kecil Kraton Cirebon

8)        Tajug Pendawa, contoh : Kraton Cirebon

              9)        Tajug Lambang Gantung, conto : Bangsal Ponconiti Kraton Yogyakarta

            10)    Tajug Lambangsari, conto : Bangsal Pertemuan para Wali, Gunung Sembung

            11)    Tajug Lawakan Lambang Teplok, conto : Pasarean Suwargan, Imogiri

            12)    Tajug Semar Tinandhu, Dukuh, Yogyakarta

            13)    Tajug Semar Sinongsong Lambang Gantung, conto : Masjid Soko Tunggal (gabungan                     Pajajaran lan Sultan Agungan, Taman, Kraton Yogyakarta

            14)    Tajug Ceblokan Lambang Teplok, Masjid Agung Yogyakrata

            15)    Tajug Mangkurat, Bangsal Witono, Kraton Yogyakarta

            16)    Tajug Sinom Semar Tinandhu, Lawang Sanga-sanga, Kraton Cirebon


B.   Wacana Deskripsi

Yaiku Paragraf utawa karangan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane)kathi trewaca. Sok ana jroning paragraf iki.

Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca.

Tuladha :

1.  Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku-buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.

2. Museum Diponegoro manggon ing Magelang, persis ing Jalan Diponegoro no. 1. Gedhunge manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene, mbiyen Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Dipanegara, klambi kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain) shantung. Ana uga kitab Tahrib, bale kanggo sholat, 7 (pitung) cangkir, lan maneka warna liyane.

3.    Cagak bendera iku dhuwure kurang luwih 10 meter, ngadeg ing tengah plataran sekolah, warnane kang putih, mulai luntur merga kena panas lan udan saben dina. Ngisore panggonan kanggo ngadege iku wujud joglo kaya umah asline wong jawa, uga wes mulai pecah lan rusak merga lumut kang tansah tlaten anggone ngrusak jogloan iku. Bendera abang putih kang dina iku dipasang setengah tiang katon kibat-kibit digawa angin kang alon wae anggone mlaku. Senajan bendera iku wis suwek ing pojokane, nanging bendera iku tetep wae anggone kibat-kibit nunjuake rasa bela sungkawa ing tengah-tengah tiang iku.

Selasa, 02 April 2024

Adat Bebrayan Jawa

Saka Sangkan Tekan Paraning Dumadi

Ritual adat wis dadi bab kang lumrah kanggone bebrayan Jawa. Ora sethithik kang isih nindakake tekan saiki. Ana kang kanthi jangkep, ana kang samadya wae njupuk surasa wigatine. Yen disetitekake, ritual adat iku bakale dilakoni saka timur nganti tuwa. Malah, sejatine ritual iki wis kagelar wiwit sadurunge lair nganti tekane sowan Gusti.

Ritual adat Jawa nalika bayi isih ana kandhutane ibune, karan mitoni utawa tingkeban. Mitoni saka tembung lingga ”pitu”. Ritual iki pancen kagelar nalika umure bayi ngancik pitung sasi ing guwa garbane biyunge. Dene sinebut tingkeban, gegayutan karo crita gethok tular turun temurun.

Kacarita ing jaman paprentahan kraton Kediri ana pawestri ara Niken Satingkeb. Dhaup karo Sadiya, Niken wis mbobot nganti ping 9. Ananging saben lairan, bayine mati. Lelorone banjur ada-ada ngadhep raja Jayabaya, wadul bab kasangsayane. Raja nitahake amrih digelar upacara lan dedonga, banjur ngglindhingake cengkir ing wetenge Niken Satingkeb. Elok! Sawise iku Niken kasil mbobot lan nglairake bayine, slamet sekabehane.

Ya wiwit kuwi, saben pawestri sing mbobot sepisanan banjur nindakake ritual tingkeban. Angkahe ora liya, nyuwun berkah amrih lairane gancar lan bayi sarta ibune slamet kuwarasan.

Lumrahe ritual adat, ana ubarampe kang digunakake. Salah sijine yaiku tumpeng robyong. Sega putih digawe tumpeng, direnggani Lombok abang wutuh lan brambang, kacang lanjaran, terong, tempe goreng. Saben jejangkep iku gunggunge pitung iji.

Ana busana werna pitu kang mengkone mbaka siji dienggo dening calon ibu. Saka kang sepisanan nganti kang kaping nenem, sawise dienggo banjur disebut “during pantes” dening para rawuh. Kang pungkasan, busana kapitu, kang paling prasaja. Iku kang banjur dikandkakae wis cocog.

Ubarampe liyane yaiku cengkir gadhing loro kang diukir gegambaran wayang. Sing siji gambare Kamajaya, dene sijine Kamaratih. Cengkir iki kang mengkone ditlusupake mbrobos sinjang nganti ngliwati wetenge calon ibu.

Kang uga klebu trewaca ya sesaji dhedhaharan. Bebrayan Jawa ing wewengkon Surakarta, Ngayogyakarta, lan sakupenge, umume nyepakkake sega putih lan sega kuning, dijangkepi maneka lawuh. Banjur ditata ing takir ponthang; takir kang digawe saka goodhong gedhang, lan pinggirane direnggani janur kuning. Sabanjure dilemeki layah lempung.

Lawuhe ana kering tempe, bergedel kenthang, terik daging sapi, klengkam, sambel goreng krecek, acar kuning, endhog dadar rawis lan iwak lele goreng. Nalika pasugatan, cemepak uga rujak gobet.

Rong sasi candhake, ana maneh ritual kang digelar, yaiku procotan. Kandhutan 9 sasi, tegese wis ngancik wayahe lairan, slametan kagelar kanthi pangajab bayi lair procot. Gancar lan slamet.

Calon ibu, calon bapak, uga kaluwarga ageng padha nglumpuk lan padha bebarengan umbul donga. Sadurunge iku, kulawarga wis nyepakake ubarampe wujud nyamikan. Lumrahe sinebut bubur procotan lan jajanan didum marang tangga teparo. Kejaba wujud andum rasa suka, uga minangka tandha nyuwun donga pangestu.

Kapethik saka Panjebar Semangat, No. 51-23 Desember 2023

Aja Nerak Wewaler ing Pasareyane Sunan Kalijaga

 

Wis dadi sesawangan umum, pasareyan keramat Wali Sanga sing sumebar ing Jawa sisih kulon, Jawa Tengah lan Jawa Sisih Wetan, tanpa kendhat diziarahi ewon masyarakat saka maneka panggonan. Sebageyan Masyarakat sing ziarah mau, ana sing karana mburu karomah. Ana uga kang mligi ndongakake sing sumare.

Saka sanga pasareyan sing banget kinurmatan mau, salah sijine yaiku pasareyan Sunan Kalijaga ing Kadilangu, Demak. Ing jaman biyen, Kadilangu kuwi dhaerahe nganti tekan laladan Mrapen, Grobogan. Nanging sawise Inggris nguwasani Nuswantara, Kadilangu diciutake mung kari 11 desa. Malah, nalika Landa genti nguwasani, Kadilangu mung kari 1 desa.

Status kadilangu sadurunge taun 1962 yaiku panembahan. Sabanjure tahun 1962-2002, owah dadi desa. Lan status desa owah dadi kalurahan wiwit taun 2002 nganti tekan saiki. Ing Kadilangu iki, Sunan Kalijaga uga ngedekake mesjid sing ana persis ing sisih wetane. Kompleks pasareyan Kanjeng Sunan Kalijaga ing Kadilangu iki prasasat ora tau sepi peziarah.

”Pasareyan Kanjeng Sunan Kalijaga ora tau sepi. Apa maneh ing dina-dina sing dianggep sacral, sing ziarah bisa nganti wong puluhan ewu,” ujare R. Prayitno, salah sijining juru kunci pasareyan.

Miturut pratelane, R. Pratyitno, Kadilangu iki lemah perdikan, lemah bebas pajek minangka sembulih saka Raden Patah sing diwenehake marang Sunan Kalijaga. Kabeh mau, imbuhe R. Prayitno, karana Sunan Kalijaga kasil ngrampungake masjid Agung Demak. Sinebut Kadilangu amarga ing lemah perdikan mau akeh tinemu tetanduran sing ambune langu.

Lha, lemah sing awujud alas mau, isih miturut R. Prayitno, banjur digulawentah dening Kanjeng Sunan Kalijaga lan para muride. Ing lemah sing subur mau, Sunan Kalijaga manggon lan ndhidhik para muride sinau agama Islam. Temtu, Kanjeng Sunan Kalijaga uga syiar agama Islam ing maneka papan liyane.

Sing mbedakake, Sunan Kalijaga anggone nyebarake agama Islam iki nggunakake maneka seni budaya, kayata seni ukir, wayang, gamelan, sarta seni swara suluk minangka sarana dakwah. Contone yaiku tembang Lir-ilir lan Gundhul-Gundhul Pacul.

Mung wae, yen arep mlebu ziarah ing KOmpleks Pesareyan Sunan Kalijaga, ana maneka wewaler sing ora oleh diterjang. Kejaba kudu sopan, niat apik, ati resik lan sing ora kalah penting yaiku, ora diidini mlebu nggawa pusaka awujud apa wae.

”Ziarah ing Kadilangu iki ana aturane. Kabeh pusaka, wujude apa wae, ora oleh digawa mlebu pasareyan,” ujare R. Prayitno wanti-wanti. Menawa isih nekad, imbuhe juru kunci mau, kesaktene bakal ilang.

Miturut pratelane R. Prayitno, sing njalari kabeh pusaka ilang dayane yen digawa mlebu yaiku anane pasareyan Empu Supa. Nalika urip, Empu Supa iki kondhang minangka resi sing nggawe pusaka para raja ing tanah Jawa. Karana kasaktene Empu Supa sing ora ana tandhingane mau, pusaka-pusaka sing digawa mlebu pasareyan Kadilangu bakal ilang dayane.

Mula, saben peziarah arep mlebu mesthi ditakoni lan diwenehi pesen, yen nggawa wesi aji uatwa pusaka, luwih apik ditinggal njaba, dititipake ing pos abdi dalem. Miturut pengalaman sing uwis-uwis, R. Prayitno njlentrehake ana Sebageyan peziarah sing nekat lan nerak wewaler kasebut. Wesi aji lan pusaka sing digawa mlebu kuwi langsung ilang dayane.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 44, 3 November 2018

Sadranan Kanggo Ngelingake Marang Leluhur

 

Saben ngarepe sasi pasa, akeh warga sing padha nganakake ziarah kubur ana ing makam leluhure. Tradhisi iki adat padatan saben taun kaleksanan ana ing sasi ruwah lan aran tradhisi Sadranan. Tradhisi sadranan nduweni karep pinangka kanggo ngraketake tali silaturahmi/ ngelingake para anak turun marang leluhure. Secara run temurun, tradhisi iki dianakake ana tlatah ngendi wae.

Wiwit esuk warga masyarakat uwis nyawisake sesasji jajan pasar ana ing pendhapa makam. Unike sesaji jajan pasar kabeh diwadhahi ana jero wadhah tenongan, kang digawe saka nam naman pring. Wadhah tenongan wujude bunder kaya rodha ban mobil, dadi ciri khas ana ing tradhisi sadranan. Senadyan saiki wis ana tenongan kang digawe saka bahan alumunium, nanging wujude tetep ora ngurangi saka asli lan pigunane.

Ana ing njero tenongan pendhudhuk desa menehi manekawarna sesaji, ing antarane wajik ketan, jadah, sega tumpeng, panggang pitik, kerupuk, lawuhan lan sesaji sesaji liya. Saben warga beda-beda anggone menehi rerangken sesaji, gumantung kekarepane sing sedhekah. Nanging senadyan maneka warna jinise, mligine sega tumpeng lan panggang pitik kudu ana ing njero tenongan.

Tradhisi sadranan kanggo ngelingake anak turun, menawa pawongan iki duweni leluhur kang nate mbangun generasi, nate nggawe pranatan lan nate nggawe Sejarah ana ing desa. Tradhisi sadranan bisa kanggo mbangun rasa persatuan lan kesatuan. Ora mbedakake siji lan sijine, ora mbedakake golongan lan agama, kabeh tumpleg bleg dadi siji ana ing tradhisi sadranan. Makna iki dadi salah sijine alesan nganti tumeka saiki tradhisi sadranan isih tetep lestari dianakake. Wiwit jaman para wali tradhisi sadranan uwis dilakoni.

Sabubare ubarampe sadranan didongakake, banjur di edum kanggo warga masyarakat liya kang ora duwe, saprelu kanggo sodaqoh. Ana ing wektu sadranan, akeh warga sing ngalab sawab, nyenyuwun marang Gusti lumantar punden cikal bakal, nyenyuwun tansah diparingi bagas, waras, lancar rejekine lan panyuwun liyane.

Kapethik saka Panjebar Semangat, No. 20, 18 Mei 2018

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...