A. Omah Adat Jawa
Omah adat
Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing
duwé gaya arsitektur joglo, seliyané iku uga ana umah
sing dibangun nganggo gaya arsitektur liya misalé: limas, dara gepak, joglo
trajurmas uga bangunan liya umpamane sasono suko.
Umah
adat Jawa sing
isih lengkap lan nduwé nilai-nilai budaya Jawa yaiku
sing nduwé 3 bageyan bangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 bangunan
liya sing radha cilik lan posisiné radha neng arepan bangunan pendhapa. Bagian
tengah ana pringgitan lan bagian mburi dhéwé ana dalem.
Umah neng
desa-desa lan penduduk biasa umumé bangunané tunggal lan dibangun nganggo gaya
arsitektur dara gepak. Bangunan kuwi beda karo bangunan gaya saiki utawa asring
diarani rumah minimalis.
1.
Bageyan omah adat jawa
a.
Pendhapa, diapit Pengrawit apitan lan Tajuk mangkurat
Pendhapa iku
bagian bangunan umah adat Jawa sing
anane neng sisih paling ngarep. Bangunan iki
biasane diarani pendhapa agung utawa pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing
jembar banget, tanpa sekat, tanpa tembok utawa dinding uga tanpa lawang (pintu).
Pendhapa umume dibangun nganggo gaya arsitektur joglo trajumas. Pendhapa nduwe fungsi
kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo
pagelaran kesenian uga upacara adat.
Bangunan pendhapa iku ngandut makna sipat pradah, sifat iki antarane lapang
dada, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi isa lan siap nerima tamu. Makna
liyane saka bangunan iki yaiku momot utawa sanggup nampung apa wae uga termasuk
sanggup nampung lan ngatasi kabeh masalah sing timbul. Bangunan pendhapa ing
jaman saiki isa ditemokake ana ing komplek-komplek kraton,
kantor utama pemerentah (nengJawa Tengah, Yogyakarta lan Jawa Timur)
misale kantor Bupati utawa DPRD. Pringgitan iku bagéyan ruangan ing umah adat Jawa sing
dunungé ana ing antara pendhapa lan
dalem utama (Dalem Ageng). Pringgitan nduwèni
kagunan kanggo nampa tamu, lan papan kanggo pagelaran wayang nalika
ana gawé utawa hajatan. Ruang pringgitan iki uga bisa kanggo lenggahan
ngénggar-énggar penggalih wayah soré.
b. Pringgitan neng tengah-tengah
c. Dalem ageng utawa dalem: sing
dipérang manèh dadi 3 bagian yaiku: Senthong kiwa, Senthong tengah lanSenthong tengen
Pawon sacara harafiah tegesé sawijining
panggonan, biasané ing jero omahkanggo
aktivitas ngolah lan nyadiakaké bahan panganan utawa pangan.
Aktivitas iki diarani olah-olah utawa masak. Ananging
tembung pawon bisa uga ngarujuk marang aktivitas iki, utawa asil saka
aktivitas iki yakuwi panganan. Kanthi tuwuhing budaya lan teknologi,
wangun pawon tansah owah. Perencanaan pawon modèrn saiki mèlu prinsip
segitelu sing nyatakaké yèn 3 fungsi utama pawon yakuwi panyimpenan (kaya kulkas),
persiapan, lan masak. Prinsip iki nandhesaké supaya antara ktelu fungsi
kasebut, ora silih ngalangi nanging uga let antara kaloroné ora pati adoh.
Sawetara wangun pawon sing umum yakuwi
1) Kabèh fungsi ing dhuwur dipasang ing siji
témbok saéngga segitiga iku dadi garis. Wangun iki kurang èfèktif nanging
ngirit panggonan.
2) Wangun liya fungsi ing dhuwur, yaiku
dipasang ing loro témbok sing adhep-adhepan.
3) Wangun pawon L, yakuwi alat-alat pawon
dipasang ing pojoking rong témbok.
4) Wangun pawon U, yaiku mangon ing telung
témbok.
Anakalané,
pawon uga duwé papan kanggo mangan utawa sarapan
Akeh masakan sing dhadi pangane wong Jawa mulai jaman
kalabendhu. Pramila, kaca iki nyoba mitulungi panjenengan sakabeh kanggo
ngangkat masakan tanah Jawa. tembung Pawon sejatiné nduwé arti
"panggonan kanggo masak", yèn ing basa Indonesia yaiku dapur
2.
Gaya arsitektur
a.
Joglo (payon joglo)
Joglo iku
salah sawijining wewangunan omah tradisional
ing Jawa Tengah. Saliyané joglo ing Jawa Tengah
uga ana wangun omah limas.
Omah Joglo duwèni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis
arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman
saiki. Biasané omah joglo iku ana gebyogé
kanggo pepaès. Omah Joglo dumadi saka rong pérangan utama yakuwi Pendhapa lan dalem. Bagéan pendhapa arupa bagéan ngarep
sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané dipigunakaké kanggo
nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kulawarga.
Bagéan dalem minangka bagéan jero omah arupa ruangan kamar lan ruangan liya
sing sipaté luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yakuwi bagéan payon
pendhapané dhuwur kaya gunung.
Jinis-jinis omah Joglo :
1)
Joglo Lawakan
2)
Joglo Sinom
3)
Joglo Jompongan
4)
Joglo Pangrawit
5)
Joglo Mangkurat
6)
Joglo Hageng
7) Joglo Semar Tinandhu
b.
Limasan (payon
limas)
Omah
Limasan iku salah siji wangun umah adat Jawa sing
payoné awangun limas. Omah Limasan iki kaciri saka payoné sing nduwèni 4
(papat) bidhang sisi, nganggo dudur. Akèh-akèhé kanggo papan padunungan.
Perkembangan saka wangun iki yèn ditambah èmpèr utawa serambi, sarta sawetara
ruangan bakal kacipta wangun-wangun sinom, kutuk ngambang,lambang gantung, trajumas,
lan liya-liyané.
Jinis-jinis omah Limasan
1)
Limasan Lawakan
2)
Limasan Gajah Ngombe
3)
Limasan Gajah Njerum
4)
Limasan Apitan
5)
Limasan Pacul Gowang
6)
Limasan Cere Gancet
7)
Limasan Trajumas
8)
Limasan Gajah
Mungkur
9)
Limasan Klabang
Nyander
10) Limasan Lambang Teplok
11) Limasan Semar Tinandu
12) Limasan Lambang Sari
1 13) Limasan Semar Pinondhong, conto Bangsal Kama, Kraton Cirebon
c.
Kampung (payon
pelana)
Omah
Kampung iku omah adat Jawa sing
wanguné prasaja, kanthi payon rong empyak (2 belah sisi), lan siji wuwungan ing tengahé. Amarga
prasaja banget mula jinis omah iki
akèh sumebar ing karang padésan.
Jinis-jinis omah Kampung :
1)
Kampung Pokok
2)
Kampung Trajumas
3)
Kampung Pacul Gowang
4)
Kampung Srotong
5)
Kampung Cere Gancet
6)
Kampung Gotong Mayit
7)
Kampung Semar
Pinondhong
8)
Kampung Apitan
9)
Kampung Gajah Njerum
10)
Kampung Gajah Ngombe
11)
Kampung Doro Gepak
12)
Kampung Klabang
Nyander
13)
Kampung Jompongan
Lambang Teplok Semar Tinandhu (kangggo tobong kapur)
14) Kampung Lambang Teplok (kanggo gudang genteng)
d.
Panggang Pe
Omah
panggang pe yakuwi omah kang payone (atape) mung sasisihan.
Jinis-jinis omah Panggang Pe :
1)
Panggang Pe Pokok
2)
Panggang Pe Trajumas
3)
Panggang Pe Empyak
Setangkep
4)
Panggang Pe Gedhang
Selirang
5)
Panggang Pe Gedhang
Setangkep
6)
Panggang Pe Cere
Gancet
7)
Panggang Pe bentuk
kios
8)
Panggang Pe Kodokan
(jengki)
9)
Panggang Pe Barengan
10) Panggang Pe Cere Gancet
e.
Mesjidan/Tajugan
Omah masjidan/ tajugan yakuwi omah kang saka
gurune mbelah patang sisi payon tanpa bubugan, dadine landhep mandhuwur.
Jinis-jinis omah Mesjidan/Tajugan :
1)
Mesjidan Cungkup
Pokok
2)
Mesjidan Lawakan
(langgar)
3)
Mesjidan Lambang
Teplok, conto : Bangsal Gianyar, Bali
4)
Mesjidan payung agung (meru), susun 3 kanggo rakyat, 5 sentana (keluarga)
raja, 7 pangeran, 11 raja, conto Pamujaan Besakih, Bali
5)
Tajug Tawon Boni,
conto : Bangsal Pajajaran
6)
Tajug Tiang Satu
Lambang Teplok, conto : Mesjid rakyat Gombong
7)
Tajug Semar
Sinongsong Lambang Teplok, conto : Langgar Kecil Kraton Cirebon
8)
Tajug Pendawa,
contoh : Kraton Cirebon
9)
Tajug Lambang
Gantung, conto : Bangsal Ponconiti Kraton Yogyakarta
10)
Tajug Lambangsari,
conto : Bangsal Pertemuan para Wali, Gunung Sembung
11)
Tajug Lawakan
Lambang Teplok, conto : Pasarean Suwargan, Imogiri
12)
Tajug Semar
Tinandhu, Dukuh, Yogyakarta
13)
Tajug Semar
Sinongsong Lambang Gantung, conto : Masjid Soko Tunggal (gabungan
Pajajaran lan Sultan Agungan, Taman, Kraton Yogyakarta
14)
Tajug Ceblokan
Lambang Teplok, Masjid Agung Yogyakrata
15) Tajug Mangkurat, Bangsal
Witono, Kraton Yogyakarta
16) Tajug Sinom Semar Tinandhu, Lawang Sanga-sanga, Kraton Cirebon
B. Wacana Deskripsi
Yaiku Paragraf utawa karangan kang isine
nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane)kathi
trewaca. Sok ana jroning paragraf iki.
Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake
kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya-kaya ana ngarepe
wong kang maca.
Tuladha :
1. Lemari wesi
kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis ora bisa diinepake,
tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat
nyangga buku-buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
2. Museum
Diponegoro manggon ing Magelang, persis ing Jalan Diponegoro no. 1. Gedhunge
manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene,
mbiyen Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki
kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Dipanegara, klambi kang
ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain)
shantung. Ana uga kitab Tahrib, bale kanggo sholat, 7 (pitung) cangkir, lan
maneka warna liyane.
3.
Cagak
bendera iku dhuwure kurang luwih 10 meter, ngadeg ing tengah plataran sekolah,
warnane kang putih, mulai luntur merga kena panas lan udan saben dina. Ngisore
panggonan kanggo ngadege iku wujud joglo kaya umah asline wong jawa, uga wes
mulai pecah lan rusak merga lumut kang tansah tlaten anggone ngrusak jogloan
iku. Bendera abang putih kang dina iku dipasang setengah tiang katon
kibat-kibit digawa angin kang alon wae anggone mlaku. Senajan bendera iku wis
suwek ing pojokane, nanging bendera iku tetep wae anggone kibat-kibit nunjuake
rasa bela sungkawa ing tengah-tengah tiang iku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar