Kabupaten
Pati duweni kabudayan sing wis dadi ciri khas, or aliya yakuwi sedhekah bumi.
Para warga Pati mestine wis ora asing maneh karo tembung sedekah bumi. Amarga
ing meh saben dhusun mesthi nglakoni tradhisi iki. Apamaneh Pati duweni semboyan Pati Bumi Mina Tani. Saka
semboyan iki wis cetha yen masyarakat Pati sing urip minangka dadi petani.
Sedhekah bumi duweni teges minangka wujud syukur kita tumprap anugrah saking
Gusti Ingkang Mahakuwasa lumantar asil bumi sing akeh banget. Mula masyarakat
ing Pati sregep anggone nglaksanakake ritual upacara kasebut minangka wujud
rasa syukur.
Sanadyan saben-saben masyarakat ing tlatah Pati nganakake
sedekah bumi, ananging nyatane ing saben dhusun duweni cara sing beda-beda.
Sedekah bumi ing padatan dilaksanakake setaun sepisan. Ing adicara kuwi,
pamarentah dhusun nganakake iuran saben kulawarga sing cacahe wis ditemtokake. Dana
iuran kasebut banjur diklumpukake ana ing panitiya sedekah bumi. Sing unik,
awit jaman biyen para warga padha nggawe ambengan sing isine woh-wohan,
sayur-sayuran lan maneka warna jajanan pasar. Ambengan kuwi banjur digawa utawa
diarak mubeng dhusun kanthi kairingan thong-thek, arak-arakan lan drumband.
Saliyane kuwi uga ana acara slametan utawa kondhangan sing dilaksanakake ing
punden utawa omah salah sawijining warga. Berkatane uga asale saka para warga dhewe. Saben omah
dijaluki urunan rong besek. Besek kuwi isine sega, maneka warna lawuh lan uga
ana jajan. Sabubare slametan, ing padatan ing dina candhake
dianakake adicara pengajian lan ing pungkasan dipentasake kethoprak lan wayang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar