Translate

Rabu, 25 Maret 2015

MATERI MENULIS RINGKASAN WACANA NON SASTRA

Tembung ringkesen mono saemper tegese karo tembung ikhtisar. Tembung loro iku

mujudake andharan cekak saka wacana kang asli. Diarani andharan cekak, amarga ing

ringkesan ora ngowahi bakune isi wacana. Bedane kang baku, ringkesan isih tetep njaga urut-

urutan isine wacana asli, dene ing ikhtisar ora njaga urut-urutan mau.

         Ngringkes iku njupuk pokok-pokok isine wacana kang dianggep penting utawa

wigati. Kanthi ringkes, wacana kang dawa lan ngambra-ngambra bisa digawe luwih cendhak,

nanging bab-bab kang penting ing wacana iku isih bisa ditemokake.

         Cara kang gampang supaya bisa nemokake pokok isine wacana yaiku kanthi

nemokake gagasan kang pokok saka wacana kang diringkes. Bab-bab kang ora utawa kurang

penting kang dudu pokoke isi, kayata cacahe ( kuantitas ) barang, bobote ( kualitas ) dhata,

lan jeneng-jenenge panggonan dilebokake ing ringkesan mung menawa bab kasebut dianggep

penting banget.

        Sawise nemokake pokoke gagasan utawa pokok pikiran, banjur digoleki apa isine

kang baku. Bakune isine iku banjur diandharake nganggo basane dhewe nanging urutane

ajeg, ora owah. Sajrone nggawe ringkesan, becike ora maca wacana mau, cukup nggathuk-

nggathukake pokoke gagasan utawa pikiran kang wis dicathet.



lihat selengkapnya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...