Translate

Minggu, 22 Maret 2015

MATERI WARA-WARA

WARA-WARA

Pengumuman utawa wara-wara digawe bisa lumantar tulisan utawa sarana 

dipocapake. Pengumuman mujudake informasi sing dituju ora mung pribadhi, nanging sipate 

sapa-sapa kena. Tuladhane nalika kowe arep ngleboni SMA kene, kowe maca pengumuman 

“Penerimaan Siswa Baru”. Coba jenengmu mesthi ora ana. Sing ana mung sing nanggung 

jawab sing gawe pengumuman. Ana maneh ngrungokake pengumuman lumantar mesjid 

perkara sesuk sing arep nindakake shalat Idul Fitri. Terkadhang pengumuman kerja bakti apa 

kumpulan RT cukup nganggo loudspeaker masjid. Iki srana nekakake pengumuman sing 

paling prasaja, uga nganggo papan pengumuman sing amadya ing sekolah, RT, Kelurahan lan 

sapanunggalane (Fokus, kaca 68).

Wara-wara mujudake salah sawijining basa kang duweni tenger:

a. Basane komunikatif, maksude basane cukup saperlune wae, nganggo tetembungan 

kang prasaja bae, supaya gampang ditampa dening kang maca utawa sing 

ngrungokake.

b. Isine ringkes, maksude ngemot bab-bab kang wigati (penting) bae.

c.   Perangane jangkep, maksude sanajan ringkes, ananging kudu lengkap. Saka wara-

wara mau   bisa diwangsuli pitakon: apa, sapa, kapan, neng endi, kenapa, kepriye lan 

pitakonan liyane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...