Translate

Selasa, 24 Maret 2015

CONTOH SOAL UJI KOMPETENSI BAHASA JAWA KELAS X

1. “Bocah-bocah, suk dina setu tanggal 25 Oktober 2005 raport bakal didumake. Sing

mundhut kudu wong tuwane dhewe, ora kena diwakilke.”

Kangge nanggepi wara-wara punika, murid-murid anggenipun matur dhateng tiyang sepuh

ingkang leres…

a. “Pak/ Bu, dipun aturi tindak dhateng sekolah, saperlu mundhut raport, benjang

tanggal 25 Oktober.”

b. “Pak/ Bu, raportipun sampun saged dipun pundhut tanggal 25 Oktober.”

c. “Pak/ Bu, kon menyang sekolahan njupuk raport semesteran suk tanggal 25 Oktober.”

d. “Pak/ Bu, tanggal 25 Oktober raportan, ken mundhut piyambak boten angsal

diwakilke.”

e. “Pak/ Bu, diutus mendhet raport teng sekolah tanggal 25 Oktober.”

Wara-wara

Wara-wara iki katujokake kanggo para siswa anyar kelas X. Kabeh siswa anyar kelas X

supaya ngumpul ing:

dina : Kemis

tanggal : 19 Juli 2007

wanci : jam 12.00 wib

panggonan : kelase dhewe-dhewe

kaperluan : ngrembug bab kerja bakti reresik ing lingkungan sekolah

Wara-wara iki penting banget, mula kanggo para siswa anyar kelas X prayogane kabeh

bisa nekani patemon iku.

2. Sapa kang menehi pengumuman kuwi?

a. Kepala sekolah

b. Ketua OSIS SMA XI

c. Baskoro kembar

d. Wakil Ketua OSIS

e. Siswa anyar

3. Manut isine, wara-wara kuwi saperlu kanggo ngrembug bab apa?

a. Kerja bakti

b. Kerja bakti reresik ing lingkungan sekolah

c. Kumpul ing kelase dhewe-dhewe

d. Para siswa anyar supaya kumpul

e. Pengumuman saka OSIS


lihat selengkapnya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...