Translate

Rabu, 25 Maret 2015

MATERI MACA PAWARTA

Maca seru utawa maca nyaring nduweni ancas supaya bisa mangerteni tembung-

tembung kanthi bener. Maca pawarta kaya kang dilakokake panggiyar (penyiar), kagolong

jenikang maca kanggo wong liya. Mula pamacane pawarta kudu cetha, supaya isine

pawarta katampa wutuh kanggone kang ngrungokake lan ora dadi kleru ing panampa.

Mula saka kuwi, ana babagan kang kudu dinggatekake pamaca pawarta yaiku :

1. Pamaca pawarta kudu nguwasani isine pawarata kanga rep diwaca. Sadurunge maca,

pamaca pawarta kudu wis maca naskah luwih dhisik lan naliti menawa ana kang kleru.

2. Pelafalan utawa kedale fonem, konsonan utawa vocal kudu cetha supaya ora dadi samar

karepe amarga anane tembung-tembung kang arep padha pangucapane

3. Unjal ambegan utawa jeda kudu pener.Semana uga karo dawa lan cendhake

jeda.Biasane pamaca pawarata migunakake tandha ( / ) kanggo mandheg sedela,tandha

( // ) kanggo mandheg suwe,  tandha ( - ) kanggo pungkasan baris kang ora kena

mandheg.

4. Wirama utawa dhuwur cendhek swara selang-seling supaya gampang dibedakake

antarane bagian kang penting lan ora penting

5. Anggone maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget. Tempo kang cepet banget

ngangelke anggone nampa, suwalike menawa rendhet banget bakal mbosenake kang

ngrungokake.

6. Bantere swara cukup, saengga cetha ditampa.

7. Menawa maca pawarta, sikep /solah bawa pamaca kudu katan wajar, ora kaku, utawa

ora sakarepe dhewe. Pandeleng ora kena mung katuju marang naskah. Iku sabenere

pamaca pawarata ing TV migunakake teleprompter, yaiku alat kang mirip TV kang

isine teks pawarata. Alat iki diselehake ing ngisor kamera saengga pamaca pawarta

kaya-kaya mung delengi kamera lan katan apal teks pawarta.



lihat selengkapnya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...