Translate

Minggu, 31 Maret 2024

Gamelan Gaweyane Legiyono Tekan Mancanegara

Wis ora kaetung maneh seniman lan seniwati kang nyandhong rejeki saka kabudayan Jawa, embuh kuwi wayang wong, wayang kulit, kethoprak, tari lan sapanunggalane. Maneka seni budaya  mau, ora bakal komplit utawa kaleksanan tanpa anane gamelan. Mula, katone sepele, perajin gamelan ora bisa diselaki jasane gedhe tumprap lestarine budaya Jawa.

Salah sawijine perajin gamelan sing eesih eksis mau yaiku Legiyono. Senajan ekonomi dinya rada seret kaya saiki, serete rejeki mau ora dumadi ing papan usahane Legiyono. Mapan ing omahe, Dusun Palem Lor Rt 03 RW 01, Baturetno, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta, Legiyono kebanjiran pesenan gamelan saka maneka papan.

Kanthi dibiyantu 12 karyawane, Legiyono saguh ngrampungake patang set gamelan saben sasine. Sa set gamelan kuwi yaiku Bonang penerus sarancak 10 iji, kenong sarancak 5 iji, slenthem 1, gender 1, gambang 1, demung 1, saron 2, peking 1, bonang barung sarancak 10 iji, ketuk 1, kempul 5, suwukan 2 sarta gong 1. Dene rebab, siter sarta suling, Legiyono pesen ing papan liya.

Gamelan-gamelan gaweyane wis sumebar ing ngendi-endi papan sanuswantara, kayata Banda Aceh lan Palembang, mligine kanggo Dinas Pariwisata dan Kebudayaan ing wewengkon dhaerah kasebut. Saliyane kuwi,akeh uga maneka Grup Campursari sing padha mesen gamelan marang Legiyono. Malah gamelan Legiyono iki pranyata wis tekan manca barang, kayata Jerman, Jepang, Malaysia lan Kanada.

Menawa biye ubarampe bahan gamelan kudu nukoni ing warga saka adol rongsokan wesi, waja, lan kuningan, saiki kabeh urusan bahan baku wis ana sing nyetori, yaiku Perusahaan saka Surabaya.

Temtu gamelane isih during komplit lan macak yen durung ana aksesorise, yaiku rancak lan gayor. Legiyono nggunakake kayu Nangka, senajan satemene kuwalitas paling apik ya kayu Jati. Aksesoris saka kayu kasebut, ukiran lan wernane khas keraton, kayata werna emas, ijo lan abang.

Kanggo ngrampungake saperangkat gamelan komplit karo rancak lan gayor sing ora ana ukirane, dibutuhake wektu udakara 2 sasi. ”Menawa rancak lan gayor kudu diukir, wektune bisa nganti 3 sasi”, akune Legiyono.

Saben sasine, omzete Legiyono anggone gawe gamelan bisa nganti atusan yuta rupiyah. Kanthi omzet sing ora sethithik kuwi, Legiyono muji syukur marang sing gawe urip.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 14, 6 April 2019

Ecoprint Kreasine Fajarina

Bathik, sapa uwonge sing during wanuh. Saiki manganggo bathik wis padha karo padinane warga Nuswantara. Kajaba wis dikukuhake dadi warisan budaya, bathik pancen tansaya akeh lan gampang tinemu. Bathik tulis sing aji nemen, lawasan uga kombinasi. Apamaneh bathik cap kang regane luwih endhek lan gunggunge uga luwih akeh, bisa dadi seragam.

Sawise tansaya akeh sing wiwit numangkarake bathik, saiki jumedhul teknik anaye maneh. Arane ecoprint. Carane nggawe saemper mbathik, ananging minangka corake migunakake bahan alami. Lumrahe mono gegodhongan lan pang-pang cilik.

Kaya kang dadi ubede Fajarina Eka Endarti. Dheweke wis pirang taun iki nggawe maneka kreasi ecoprint. Ajar dhewe saka nonton Youtube, sabanjure kabeh uga digarap dhewe. Klebu nyiapake bahan-bahane, nganti masarake asile.

Yen nyawang pekarangan omahe Rina, celukane, ing tlatah Grobogan, Jawa Tengah. Meh saemper karo alas cilik. Awit sakehing tetanduran kang ana ing kana. Ya kenikir, mangsi, nganti eucalyptus lan jati. Uga ana kang arane uwit lanang. Kabeh iku dijupuk godhonge minangka bahan nggawe ecoprint.

Nggawe ecoprint carane kain digelar, banjur kekembangan lan gegodhongan ditata sumebar ing ndhuwure. Diimbuhi pang-pang cilik amrih katon luwih regeng. Sabanjure digulung lan digodhog kanthi diimbuhi bahan kanggo ngasilake werna kain. Dudu weton pabrik, ananging uga saka bahan alami. Oyod-oyodan, kulit kayu, utawa sarining tandhuran tinamtu.

Awit bahan lan carane nggawe iku, ecoprint dikandhakake minangka kreasi kain kang “ramah lingkungan”. Bahan-bahan turahane klebu alami, yen ta dibuwang ya gampang ajure. Semono uga banyu tilase godhongan kain. Ora ngandhut bahan kimia pabrikan kang bisa ngrusak lemah lan sakupenge.

Barang kreasine Rina ana kain lembaran, pashmina, slayer, mukena, uga sajadah. Saka kain lembaran iku ana kang banjur digawe sarung bantal lan guling. Uga ana kang dadi tas cangklong.

Adate Rina migunakake kain katun lan sutra. Ana sing ambane rong meteran, ana kang semester punjul sithik. Iku mengkone magepokan karo asile akhir arep digawa.

Fajarina masarake asil kreasine liwat pameran, uga srana promosi online. Kajaba saka iku, dheweke majang asil karya-karyane ing ruwang ngarep omahe. Sapa wae sing kepengin milih bisa milang-miling lan ndemok bahane langsung. Uga nylarasake karo isine dhompet.

Regane pira ta? Iku mono gumantung wujude. Paling murah, slayer, regane wiwit suwidak ewu. Dene tas cangklong Rp 125 ewu nganti sarus seket ewu. Pashmina lan jilbab regane Rp 125.000-Rp 200.000, dene mukena wiwit rega RP 250.000 nganti Rp 400.000

Ecoprint gaweyane Fajar uga wis ana pandhemene. Umume weruh lan tuku sepisan  nalika ana pameran, banjur kepranan. Sidane banjur pesen maneh. Ora mung warga ngenggon wae. Ananging uga ana saka Purworejo, Kebumen, Jakarta lan Sidoarjo, malah Fajar uga nduwe pelanggan sing dumunung ing Kalimantan. Marang saben sing tuku, Fajar tansah weling, amrih kain ecoprint ora dikumbah nganggo mesin. Nganggo tangan wae lan sabune uga ana kang kuwat nemen. “Aja nganggo pemutih,” kandhane. Sawise iku anggone mepe aja ing panasan. Papan kang rada eyup wis cukup, sauger keterak angin rak ya garing. Lan sabanjure, yen butuh disetrika, aja panas keladuk. Ancase or aliya amrih bathik ecoprint luwih awet. Yen corake, wernane uga kekuwatane.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 37, 16 September 2023

Sepedha Kuna : isih dadi Klangenan

Yen ana sepedhahe simbah kang sumimpen ana gudhang ora kerumat, coba panjenengan tiliki. Aja-aja sepedhah kuwi yen ditawakake marang kolektor regane bisa larang. Apamaneh yen mereke kalebu kang misuwur saka taun prodhuksi sadurunge jaman kamardikan. Bisa dibarter karo sepedha motor utawa mobil.

Sepedhah kuna gaweyan Eropa merek kondhang kaya Gazelle, Raleigh, Fongers, Simplex, Humber, utawa Valuas kalebu sepedha kuna kang diburu dening kolektor. Tansaya tuwa umure, tansaya larang regane. Tansaya apik kahanan fisike lan tansaya lengkap ubarampene, tansaya larang regane.

Pamore sepedhah kuna ing negara kita tansaya moncer amargi saiki akeh komunitas pandhemen sepedhah kuna. Komunitas iki ajeg gawe pertemuan kanggo silaturahmi lan tular informasi bab sepedhah ing antarane para anggotane. Ing pertemuan kuwi uga ana dol tinuku sepedhah utawa spare part. Ya iki gawe sepedhah kuna tansah urip nadyan pabrike wis ora produksi maneh utawa tutup.

Bursa sepedhah kuna uga ngangkat rega. Sepedhah kuna kanthi merek biasa regane watara 1,5 -6 yuta, gumantung marang kahanane lan mereke. Nanging yen merek kondhang regane wis ora winates. Kaya sepedhah merek Golden Sun Beam gaweyan Inggris taun 1914 duweke Mardi (56), warga Desa Mlirip, Kecamatan Jetis, Kabupaten Mojokerto. Sepedhah kuwi dituku taun 2012 kanthi rega 45 yuta rupiyah. Rega samono yen ditukokake pit montor wis entuk apik 250cc.

Mbeburu sepedhah kuna ora kudu golek menyang luar negeri. Indonesia sejatine gudhange sepedhah kuna, utamane gaweyan Eropa. Sepedhah-sepedhah kuna lumebu menyang Indonesia Amarga ditekakake karo wong Walanda dhek jaman penjajahan. Akeh-akehe gaweyan awal taun 1900-an nganti tumekane jaman revolusi. Sepedhah kuwi ditekakake kanggo alat transportasi ing Perkebunan, perkantoran firma dhuweke wong Walanda, utawa patroli polisi.

            Kepriye mangerteni yen sepedhah kuwi pengaji banget? kang utama kudu diteliti rangkane apa isih asli. Yen rangkane asli, mesthi ana nomor registere. Saka nomor register iki bisa dikawruhi taun produksi lan tipe utawa modhele. Nomor rangka umume diukir langsung ing wesine rangka utawa ditempel kanthi lembaran pelat.

Spare part uga malu nemtokake endhek dhuwure regane sepedhah kuwi. Kaya setir kang isih aseli, sadhel, rante, velg lan piranti liyane kaya lampu lan bel. Ora kaya barang elektronik kang tansaya tuwa regane saya mudhun, sepedhah kuna regane tansaya larang yen umure tuwa. Apamaneh yen tipe utawa modhele kalebu langka.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 21, 26 Mei 2018 kanthi ewah-ewahan

Wayang Fiber Anggitane Ki Mudjito

Wayang kulit wis lumrah kasumurupan umum. Kerajinan sungging wayang walulang uga akeh tinemu ing saperangan laladan Yogya lan Solo. Nanging bahan kanggo nyungging wayang jebul ora muhung saka walulang. Saweneh pandhemen budaya wayang asal Kutoarjo, Purworejo jebul wis nganggit wayang kang digawe saka fiber. Nadyan kalah popular yen dibandingake karo wayang kulit, wayang fiber mujudake pambudidaya kanggo ngurip-urip kerajinan wayang. Satlereman tampilan wayang fiber ora beda adoh yen dibandingake karo wayang kulit, mung wayange katon luwih kandel. Kekuwatane wayang fiber uga ora kalah pengkuh yen kabandhing karo wayang kulit.

Banjur sapa paraga kreatif sing kasil nganggit wayang fiber iku? Asma jangkepe Ki Drs. H. Mudjito. Bapa Mudjito iku lair ing Boyolali taun 1951. Ahli akuntansi iki nate ngasta dadi guru Akuntansi ing SMK Negeri 2 Kutoarjo, Purworejo lan wus purna tugas nalika taun 2011. nadyan wus purna tugas, Ki Mudjito isih katon bergas lan trengginas. Disuwuni priksa mungguh motivasine gawe wayang fiber Mudjito ngendika lamun anggone nganggit wayang fiber lan uga dadi dhalang wayang purwa fiber mung karana dhemen lan tresna budaya Jawa, utamane traadhisi pakeliran. Nyinau dhalang uga karana autodidak (ajar dhewe). Yen ora kagungan motivasi sing dhuwur tangeh bisa mujudake pangangen-angene sing luhur kuwi.

Ki Mudjito ngendika yen wayang fiber mujudake alternatif saliyane wayang kulit. Bahan fiber nyata bisa direkayasa utawa dikemonah dadi wujud pepethan wayang purwa sing nyengsemake. Tampilan wayang fiber memper banget karo wayang kulit. Wayang fiber anggitane Ki Mudjito iku jebu; ora mung kanggo pentas pakeliran nanging uga kanggo dekorasi dinding kanthi cara diwenehi figura kang cekli lan dipasang ana ruwang tamu utawa kantor. Akeh pandhemen saka ngendi-endi papan kang bisa sesambungan lewat tilpun.

Teteken katekunan wus nglantarake Ki Mudjito nggayuh sukses. Saka kreativitas nganggit wayang fiber mau, Ki Mudjito wis nampa penghargaan saka Museum Rekor Indonesia (MURI) nalika Juli 2007 minangka tukang nggawe wayang fiber sing sepisanan ing Indonesia. Penghargaan iku ora diparingake ujug-ujug. Ana proses studi kelayakan sing dawa sadurunge MURI netepake saweneh paraga entuk penghargaan MURI.

Banjur piye mula bukane Ki Mudjito nemokake kreativitas unik kuwi? Ki Mudjito  nyritakake lamun anggone nganggit wayang fiber tuwuh karana nyumurupi saweneh siswa sing nggawa tepas saka bahan fiber ana kelas. Nalika ngubengi murid-muride sing lagi nggarap tugas Akuntansi kuwi, Ki Mudjito priksa ana murid wadon ayu sing tepas-tepas nganggo bahan fiber. Tepas mau banjur disilih Ki Mudjito. Saka nyawang tepas fiber, Ki Mudjito terus duwe panemu. Panjenengane duwe panduga yenfiber mesthi bisa diolah utawa direkayasa dadi wayang kang memper wayang kulit.

Panduga mau ora mung mandheg ing pangangen-angen. Sateruse Ki Mudjito mbudidaya ngumpulake bahan- bahan fiber lan dikreasi dadi paraga-paraga wayang. Sepisan pindho pambudidaya mau pancen durung kasil. Ora gampang gawe pepethan paraga wayang saka bahan fiber, wiwit ngrancang pola, gawe pepethan lan uga nyungging nggunakake cet sing trep. Karana seneg, eksperimen mau ditindakake bola-bali nganti kasil gawe wayang fiber.

Wayang fiber anggitane Ki Mudjito nyata uga ngalami owah-owahan saka kawitan nganti saiki. Ing awale gawe wayang, bolongan-bolongan kayata kang ana ing perangan kuluk wayang utawa gelung ora dibolong. Perangan iki mung digawe transparan (tanpa werna utawa cet) kanthi pangangkah lamun kena sorotan lampu ing pementasan wayang, perangan transparan sing tetep buntet iku ora ketara. Nanging Ki Mudjito ora marem tekan semono. Panjenengan uga banjur ngembangake kreativitase kanthi mbolong perangan ing gelung wayang sing pancen kudu dibolong, mula pakaryane gawe wayang dadi luwih sampurna. Asile wayang kreasine Ki Mudjito iki ora beda karo wayang kulit liyane.

Ki Mudjito uga banjur sinau piye bisane pentas wayang. Kanthi tumemen sinau, Ki Mudjito wusana bisa pentas ana tanggap warsa kaping 50 SMP Negeri 5 Purworejo. Ing pagelaran mau Ki Mudjito nggelar lakon Dewaruci lan kepetung sukses. Para penonton padha ngalembana keprigelane Ki Dhalang sing jebul wasis. Pentas iki uga kalebu Istimewa awit Ki Mudjito nampa maneh penghargaan saka MURI. Yen penghargaan sing kawuri kanggo menehi pakurmatan marang paraga kang nyipta wayang fiber sing sepisanan ing Indonesia, penghargaan angka loro iku diparingake amarga pentas wayang fiber paling akeh sing sepisanan. Gunggunge wayang fiber kagungane Ki Mudjito ana 250 lan kepetung paling akeh sadonya.

Gawe wayang saka fiber sing sekawit ora ana sing nglakoni bareng dipersudi jebul uga ana menehi manfaat kanggo bebrayan malah nganti entuk penghargaan sing tan kanyana-nyana. Kerajinan, seni, sastra, tari lan maneka warna bab kang dipersudi wis mesthi menehi piguna kanggo sesamining gesang. Mula Ki Murdjito tansah  njejurug marang kanoman lan sapa wae supaya nuwuhake kreativitas. Kreativitas iku jebul larang regane lan dhuwur pengajine. Amrih bisa kreatif, wong kudu tansah ngulik-ngulik kahanan banjur nemokake bab anyar kang duweni keunggulan kabandhing karo sing wis ana sadurunge.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 40, 6 Oktober 2018

Timnas Esport Indonesia Siap Tandhing ing Kejuaraan Dunia IESF

 

Tim Nasional Esports Indonesia siap main ing limang nomer pertandingan ing Kajuwaraan Dunia Esports IESF 2023 (IESF World Esports Championship 2023) kang digelar ing Rumania. Nukil saka katrangan resmi, Kemis, Kepala Staf Kesekjenan PB ESI Bambang Moegono ngandhake, ing kajuwaraan dunia esports taun iki Indonesia nglolosake tim Mobile Legends: Bang Bang (MLBB), tim DOTA2. Efootball, Tekken 7 lan tim CSGO.

Timnas esports Indonesia dinane iki uga wis ana ing Rumania kanggo tandhing ing kejuaraan IESF ka-15 iki. Tekane Tim Nasional Esports Indonesia kasebut dipapag dening Duta Besar Republik Indonesia kanggo Rumania lan Moldova Meidyatama Suryodiningrat, bebarengan jajarane. Dubes Meidyatama aweh dukungan penuh tumprap kasuksesane Indonesia ing kejuaraan esports dunia IESF iki.

“Kita ngajab, Tim Nasional Esports Indonesia bisa nuduhake performa hebat ing saben pertandingan ing kajuwaraan  kejuaraan dunia esports IESF 15th World Esports Championship 2023 kang bakal enggal digelar ing kutha Lasi, Rumania,” Ujare Meidyatama. Dheweke nambahake yen dinane iki Rumania wis ngecakake jaringan internet kanthi kecepatan dhuwur. Bab iku diajab bisa dadi sawijining referensi positif kanggone jagading esports bab wigatine kecepatan akses internet ing sawijining pertandingan esports.

Sauntara iku, atlet-atlet Indonesia kang padha ambyur dumadi saka Calvin (MLBB), Dicky Cahyana (MLBB), I Gusti Made Indra Dwipayana (MLBB), Hengky Gunawan (MLBB), Kenneth Marcello (MLBB), Marcel Juan Moreno (MLBB), Brizio Adi Putra (DOTA2), Syaid Muhammad Resky (DOTA2), Randy Muhammad Sapoetra (DOTA2), Julio (DOTA2), Noel Pinot Prando (DOTA2), Daniel Adimasta (CS:GO), Andre Yosua (CS:GO), Muhammad Sulaiman (CS:GO), Grant Hadiputra (CS:GO).

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 35, 2 September 2023 kanthi ewah-ewahan

Dinda Aneswari

Bos Toko “Jadul” Mbokjajan

Dalane wong sukses kuwi pirang-pirang carane. Dinda Nareswari, 29 taun sukses uripe jalaran diwiwiti saka ngimpi. Ora kanyana, Dinda saiki wis dadi bo  s Toko “Mbokjajan”, took barang-barang jadhul taun 1970-an nganti taun 1990-an.

“Wektu kuwi sasi pasa, lab hawane panas banget. Aku isih dadi karyawan ing salah sijining radhio sawata ing Ngayogyakarta. Kesel banget, aku keturon. Ndilalah aku ngimpi aneh, yaiku mangan biscuit Gem Rose sing daksenengi zaman aku cilik. Suwe banget ora mangan panganan kuwi, lan kangen,” jlentrehe Dinda.

Kangene ora bias diempet, Dinda banjur golek jajanan kuwi ning internet. Saka internet , Dinda nemokake maneka jajanan ‘jadhul’ sing pepak banget, klebu uga biscuit sing diimpekak kasebut.

Wiwitane, Dinda mung tuku saperlu dipangan dhewe. Saben ing kantor, Dinda mesthi nggawa pangangan kasebut kanggo nyamikan. Kanca-kanca kantor sing weruh jajanan ‘jadhul’ sing digawa Dinda, kok padha kepengin.

“Lha kanca-kanca kuwi padha njaluk. Nek dijaluk terus-terusan, rugi ta aku. Suwe-suwe dakkon tuku. Ha…ha…ha…,” Dinda ngguyu sora maneh.

Saka dodolan kanggo kanca-kanca kasebut, Dinda banjur nemokake ide, geneya kok ora nyoba dodolan jajanan ‘jadhul’ srana online. Paling ora, minangka karyawan, dheweke duwe usaha samben, yaiku dodolan jajanan ‘jadhul’.

Amarga esih samben lan mung seneng-seneng, Dinda mung dodolan udakara 20 jenis jajanan lawas. Rumangsa keterusan, Dinda banjur rada tenanan. Temtus supaya luwih ditepungi, perlu jeneng utawa ‘brand’ sing prasaja lan gampang dielaing eling.

Wusanane Dinda milih jeneng Mbokjajan lan miwiti bukak took online tanggal 9 Juli 2014. Jeneng mbokjajan iki di ilhami saka sedulure sing kerep nyeluk dheweke mbok.”Dijenengi Mbokjajan, pas banget jalaran sing duwe ya wanita lan uga ajak ajak ayo jajan ing basa Jawa.” Jlentrehe Dinda.

Lumakuning wektu, pametu saka dodolan jajanan ‘jadhul’ dirasakke Dinda pranyata luwih akeh tikel tekuk saka bayarane minangka karyawan radhio. Patang sasi sawise ngrintis dodolan online, wusanane metu saka karyawan radhio lan milih total nggilut bisnis dodolan jajanan lawas sing luwih ngrejekeni.

Wiwitane Dinda mung kepengin dodolan lewat online lan duwe gudhang kanggo nyimpen dagangane. Nanging nalika sansaya kondhang, konsumen padha kepengin meruhi langsung dagangane, saengga Dinda banjur ngontrak omah kanggo mbukak took Mbokjajan ing Jalan Ireda Nomor 181A, Keparakan Kidul, Mergangsan, Kutha Ngayogyakarta.

Ing toko iki dinda banjur ngompliti maneka barang sing arep didol, wiwit saka jajanan awaujud camilan utawa panganan, uga ana dolana. Cemilan sing di dol ana maneka warna, kaya ta ciklat Coyo, coklat Jago, Anak Mamee, Mie instan Sakura, es lilin, es gabus, Anak Mas, krip-Krip, Tic-Tic Snack, permen Bolala, permen karet Yosan lan sapunanggale. Panganan sing paling larang yaiku coklat Coyo isi 20 iji, regane 15000. Miturut Dinda, coklat Coyo iki akeh sing nyenengi, perlu dimangerteni, sanajan cemilan-cemilan kuwi zaman ‘jadul’, cemilan kasebut aman. Sebab, cemilan kuwi anyar gaweyan pabrik.

Kajaba panganan ‘jadhul’, dolanan ‘jadhul’ uga pepak banget ing took duweke Dinda iki, kayata blowing balloon, tamagochi, gimbot, kapal othok-othok, wayang kertas, gangsingan, monopoli modhel lawas lan sapunggalane.

Dolanan sing paling larang yaiku monopoli modhel lawas, regane Rp. 75000. Dene dolanan sing paling laris yaiku dolanan gaweyan pabrik Tamagochi, regane 35,000. Kapal othok-othok uga akeh sing tuku, regane mung Rp. 20.000. dinda ngaku, maneka barang kasebut dipesen saka maneka papan kayata Jakarta,Cilacap, Pekalongan lan Banjarmasin.

Wiwitane pancen angel golekane karana ning pasar wis ora ana. Ananging Dinda ora surut semangate. Wusanane dheweke bisa nekake barang kuna kuwi, langsung saka pabrike. Pranyata, barang-barang kuna sebageyan isih diprodhuksi, ananging gunggunge winates.

Usaha sing tlaten lan ubete kasebut, Dinda saiki wis dadi ‘bos’ sing dibiyantu 4 karyawane. Mbokjajan uga ora mung dodolan barang ‘jadhul’, nanging uga dadi distributor. Nalika ditakoni omsete, Dinda ngaku menawa pas akeh pesenan, sesasi bisa puluhan yuta rupiah. Putusane Dinda metu saka kantor, pranyata ora kleru.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 25, 23 Juni 2018  

Wayang Uwuh Tekan Mancanegara

 

https://www.liputan6.com/photo/read/4395215/foto-perjuangan-seniman-wayang-uwuh-bertahan-di-tengah-pandemi-covid-19

Krungu tembung wayang, biyasane ana gegayutane karo wayang kulit. Lumrahe pancen mengkono, wayang kulit digawe saka kulit. Mligine wayang kulit kebo. Sabanjure, wayang kulit sing dimainke dening para dhalang ana ing kelir.

Nanging, laras karo kahanan, owah gingsire jaman, saiki ana wayang uwuh. Ngapa kok diarani ngono? Kepiye bentuke? Banjur sapa sing nggawe lan kepriye critane?

Pancen katon nyleneh, wayang uwuh. Wayang iki gaweyane Iskandar Hardjodimukjo, S.E saka Ngayogyakarta. Diarani wayang uwuh amarga wayang iki diagwe saka uwuh, sampah. Sanajan saka uwuh, wayang iki bias katon endah. Kepara bias ditampilake ana ing kelir.

Miturut Iskandar, wayang uwuh iki digawe saka botol-botol plastic tilas wedang mineral, utawa botol bekas. “Aku mung saderma nguri-uri budaya. Kejaba kuwi, uga ngelongi uwuh sing wujude plastic,” ujare karo nambahake yen wayang uwuh karyane uga dikoleksi ing mancanegara.

Gawe wayang uwuh wis disenengi dening Iskandar wiwit esih enom. Apa maneh, nalika kuliah uga melu pecinta alam. Kena kanggo landhesan nekuni gawe wayang uwuh. Seni, kalebu wayang, kanggone sarjana akutansi lulusan STIE YKPN Yogyakarta iki, ora mung ditonton, didelok, dirungokake utawa dinikmati wae.

Sing diayahi Iskandar, uga sarana supaya warga masyarakat bias ngurangi uwuh. Uwuh kuwi uga ana gunane . cara ngene popular katelah “daur ulang”. Saliyane kuwi, tumindak kang apik, menehi conto supaya seneng karo kabudayane dhewe. Luwih-luwih seneng karo wayang, kabudayan tinggalane leluhur.

Gawe wayang saka botol iki, uga ditularake dening Iskandar marang bocah-bocah. Dadi ora perlu ragad larang-larang. Uwuh saka botol plastic kayake uga gampang golekane. “Liwat wayang saka botol plastic iki, aku menehi pitutur marang bocah-bocah supaya sekolah sing tumemen lan temen. Tumindak besik marang sapadha-padha,” pratelane.

Kanthi cara iku, ngajari para warga tumindak kreatif. Iskandar, bapak sing kagungan putra loro iki, nate diundang amrih mulang, menehi workshop gawe wayang uwuh ing mancanegara. Kayata ing Philipina, Thailand, Bangkok, lan India. Dadi lewat workshop wayang uwuh, melu ngenalake budaya bangsa ing mancanegara.

Taun 2018 kepungkur, wulan Mei, ing adicara ’70 Taun Persahabatan Indonesia-India’ karyane dipamerake ana Monas, Jakarta. Entuk kawigaten lan dipirsani langsung  dening Presiden Joko “Jokowi” Widodo lan Perdana Menteri India narendra modi. Karyane, gambar wayang sing digambar ana ing layangan.

Wayang sing digambar temane Ramayane. Ana selawe layangan digawe dening Iskandar. Gawe wayang ana layangan sing digawe Iskandar perlu wekti rong wulan. Mung wae, ragangane layangan digawe dening Museum Layang-layang Jakarta. Wayang uwuh yasane Iskandar nate dipentasake ing adicara “Aryo Pengalasan Masuk Istana” ngepyakae buku “The President” sing ditulis dening budayawan Muhammad Sobari. Pentas iki mapan ana ing Taman Budaya Yogyakarta, entuk kawigaten atusan penonton sing ngebaki gedhong.

Iskandar kelairan Sleman 3 Februari 1960. Seneng wayang wiwit isih cilik. Wayang iku kebak tuntunan kanggo sangu urip. Ing wayang, liwat tokoh-tokohe kena kanggo conto, tumindak ing bebrayan agung. “Aku terus ngupaya, amrih wayang terus disenengi, tetep lestari. Ora mung ana Indonesia wae nanging uga bias kawentar ing mancanegara,” pratelane Iskandar sing nate juara I ana “Bali Kiten Festival” sing karyane diwenehi judhul “Kumbakarna”.

Panemune, wong Indonesia dhewe isih akeh sing ora ngerti wayang. Dene ngenalake wayang ing mancanegara, ing pangajab wong manca bias mangerteni karaktere Bangsa Indonesia. Kajaba kuwi, filosofi ana ingw wayang wigati banget, mligine babagan budi pekerti lan tuntunan liyane. Kajaba wayang uwuh, saiki Iskandar lagi tumemen menehi workshop ing Jakarta, gawe wayang besek. Tuwuh rasa prihatin, besek sing asli karyane para pengrajin saka Indonesia, terus kesingkir sing jarene jaman modern iki. Besek diganbar maneka warna wayang. Cata iki, nglestarekake besek lan kabudayan.

Sejatine, Iskandar bisa urip kepenak, kena kanggo nyukupi cagak urip sabendinane. Syarate urip ing mancanegara, kanthi ngolah uwuh utawa limbah, ditawani urip ing kana. Tetep ora dilayani, amarga rasa nasionalisme, tetep milih ing Indonesia, urip ing Ngayogyakarta sing ayem, tentrem.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 10, 9 Maret 2019

Ngenalake Mobil/Motor Lawas Marang Bocah

Ikatan Mobil Kuno Indonesia nggandheng Ikatan Motor Indonesia balik majang mobil motor lawas koleksi anggotane ing Grand City Surabaya kanthi irah-irahan Road to 6th Intl’l Classsic Car Show Series Surabaya durung suwe iki.

https://thefactistrue.wordpress.com/2012/11/27/pameran-mobil-dan-motor-klasik-2012-di-grand-city-surabaya/

Sawatara mobil motor lawas dipajang ana ing plataran ngarep apadene ing njeron Gedhong Convention & Exibition kayata Oldsmobile kayata mobil Presidental Limo RI 1 Soekarno, mobil era 30-an kayata Chevrolet Classical Blinkz, mobil era 40-an kayata Austin Seven Ruby taun 1937, mobil era 60-an kayata VW Kodhok taun 1963 apadene Chevrolet Nova II taun 1969 . mobil era taun 70-an kayata Ford Mustang, Mobil era 80-an kayadene Datsun taun 1980, Mobil era 90-an kaya Toyota, Mercy lan sapiturute. Dene motor lawas sing dipajang kayata motor gedhe era 30-an apadene 40-an kayata BMW, Norton, Japanesse Classic Bike kayata Honda S110, Suzuki Mini Chooper,Yamaha Classic, Classsic Scooter kayata Vespa lan sapiturute.

Senadyan klebu even eksklusif ananging antuk kawigaten mirunggan. Ora mung mligi para pandhemen apadene kolektor motor mobil lawas, ananging lumuber tekan para warga Surabaya. Malahan ana kang teka saka Jakarta. Manut katrangan salah sijine panitia, pameran iki tujuwan utamane kanggo ngenalake mobil apadene motor lawas marang bocah-bocah supaya ngerti sejarah. Salah sawijining pengunjung, arane Mas Aji nganti nggawa anak-anak apadene ponakan-ponakane ing pameran.

“Bubar rampungan acara kawinan sedulurku ing Pagesangan, aku, bojoku anak-anakku lan ponakan-ponakanku kabeh langsung tak jak mrene” ujare Mas Aji sinambi njupuk gambar mobil sing disenengi nganggo kamera saku.

Mas Aji sing ngakune karyawan swasta, nadyan durung duwe mobil lawas ananging duwe mobil favorit kayata Sedan Buick rakitan taun 1919 sing dipajang ing barisan ngarep cedhak lawing mlebu ruwang pameran. “Bentuke kuwi lho mas antic tur miyayeni”. Manut sejarahe mobil taun paling tuwa ing pameran dinane iki mujudake mobil tunggangane kulawarga bangsawan nalika pesiyar. Beda maneh karo Tessa ponakane mas Aji, dhewekke kesengsem karo Ford Mustang werna ireng kanthiplesir werna emas ing bageyan dhuwur. Taun 70-an Ford Mustang nadyan bensine klebu boros ngowos klebu mobil idola amarga bentuke aerodinamis lan lanang banget.

Anyusiasme bocah-bocah sajrone nonton mobil apadene motor favorit gawe mongkog panitia. Mula panitia duwe pangangen angen ing mengkone olehe mamerake motor-mobil lawas bakal dikerepi. Paling ora setaun bakal digelar kaping pindho lan majang koleksi luwih akeh.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No-15, 13 April 2013

Karawitan Saka California

Nggayengake Apeman Sosromenduran

Menawa para mudha kita padha ora gelem ngleluri karawitan, bisa wae mengkone anak putu kita sinau gamelan ana ing Amerika Serikat. Merga ing Barkeley, California, Amerika Serikat ana pakumpulan karawitan kanthi jeneng Sari Raras. Grup Karawitan saka Amerika Serikat kasebut mentas iki nuduhake kawasisan ing acara Apeman Kampung Sosromenduran, Kecamatan Gedongtengen, Kota Jogjakarta.

Karawitan kanthi anggota pangrawit 20 kabeh bule iku bener-bener gawe erame para warga kang teka ana ing acara mau. Anggone nabuh prigel, ora mung kuwi grub karawitan iku duweni sindhen cacahe loro kang padha pinter nembang jawa. “Kita sinau gamelan ana ing Universtas California”. Critane Henry, salah sijining anggota nalika ditemoni sawise manggung.

Ana ing acar iku para anggota karawitan Sari Saras nembangake gendhing-gendhing pangkur lan uyon-uyon. Miturut pratelane Henry, karawitan iku salah sijining program jurusan ana ing kampus Universitas California. Dosen kang mulang yaiku Ki Midiyanto kang asalae saka Wonogiri.

Minangka pandhemen gamelan anyar, merga lagi setaun ngajar gamelan. Dheweke rumangsa bombong merga dheweke karo kanca-kancane bisa nuduhake kabisane nabuh gamelan. “Apamaneh bisa nuduhake kabisan gamelan ana ing Yogyakarta kang minangka punjering kabudayan Jawa,” ujare.

Aksine para warga Berkeley anggone nabuh gamelan lan nembang iku uga narik kawigatene warga lan para wisatawan kang teka ana ing acara iku. Akeh wisatawan lokal kang teka banjur padha motret para pangrawit lan pesindhen saka Amerika Serikat. Suguhan karawitan saka kelompok Sari Saras, California dadi sawijining suguhan kang banget narik kawigaten kanggo masyarakat lan uga para wisatawan kang teka ana ing kampung kang papane ora adoh saka Malioboro, Yogyakarta.

Merga ananing masyarakat manca kang padha nuduhake kabisane ana ing babagan nabuh gamelan bisa dadi sarana kanggo ndudut atine para mudah kita supaya padha gelem latihan gamelan. Aja nganti gamelan kang adiluhung banget iku cures merga diadohi para wargane.

Acara apeman Sosromeduran, Yogyakarta iku minangka tradhisi masyarakat kang biyasa diadani ing wulang sya’ban utawa Ruwah. Minangka tradhisi masyarakat Jawa kanggo mapag tekane wulan Romadhon utawa pasa. “Ana makna ing tradhisi gawe apem, yaiku minangka pralambang njaluk ngapura lan kanggo ndongakake wong tuwa lan sedulur kang wis tilar donya,” pratelane Muhammad Taslim.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 34, 25 Agustus 2012

Kenya manis iki ngukir sejarah anyar Bulutangkis Dunia

Tim Bulutangkis Indonesia, bakal disengkuyung pemain sing rupane ayu. Pemain iki esih enom umure. Saka cathetan Federasi Bulutangkis Dinia utawa BWF, kenya manis iki lagi umur 20 Taun. Cewek iki arane Virni Putri, ing awaling taun iki, Virni bakal langsung didunake ing rong turnamen sekaligus, yakuwi ing Thailand Masters Super 300 tanggal 8-13 Januari iki lan malaysia Masters Super 500.

Saka kekarone turnamen kasebut, Malaysia Masters mujudake turnamen kang kebak sejarah manggone Virni. Iki ora lya merga kuwi mujudake turnamen taunan BWF super 500 alias level IV kang bakal dieloni Virni. Sing rada lucu maneh, ing dhaftar undian Malaysia Masters, kecathet jenenge Virni bakal pasangan karo seniore, Della Detiara Haris. Iki uga sejarah anyar, merga Virni/Della lagi iki dhuet ing sawijining lapangan.


Taun kepungkur, Virni dhuet karo Ni Ketut Mahadewi Istarani. Kekarone didhunake ana ing rong turnamen pungkasan ing 2018, yaiku ing Syed Modi lan Korea Masters. Penampilane Virni kari Ni Ketut ing rong turnamen mau lumayan apik. Saka telung pertandhingan kang dieloni, Virni/Ni Ketut bisa menangake siji, yaiku nalika ngalahake wakil Taiwan Hung Shin Han/Chien Hui Yu ing babak 32 Korea Masters.

Sasuwene ambyur ing jagading Bulutangkis, Virni pancen tau mudhun ing turnamen BWF mawa level II utawa super 1000, yakuwi ing Indonesia Open 2017 lan 2018. Nanging mung tekan babak kualifikasi lan 32 besar wae. Dinane iki Virni isih ana ing rangking 196 dunia, kanthi cathethan wis menangake 42 pertandingan ing gandha putri lan gandha campuran. Tekane pasangan anyar iki diajab bisa nangekake prestasi gandha putri Indonesia. Merga jroning sawenehing taun pungkasan iki, sektor gandha putri ing donya dikuwasani pemain saka Jepang lan China.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 2, 12 Januari 2019

Dhalang Cilik Abi Sugondho

 

Dinane iki akeh dhalang wayang kulit cilik. Ing Tulungagung wae kang umur-umurane satingkat SD tumekaning SMP ana 10 dhalang kang anyar katon. Iki ndhadhekake mongkoge para seniman senior mligine para dhalang wayang kulit, awit rasa was-sumelange ngenani lestarine wayang kulit bakale ana kang nukuli.

Salah sawijining dhalang cilik mau yakuwi Ki Abi Sugondo. Dheweke putrane Bapak Djoko Santosa kang dedalem ing RT 03 RW 02 Dhusun Jatisari, Desa Buntaran, Kecamatan Rejotangan Tulungagung. Abi kang jeneng asline Hazel Abirama Arafi kinawruhan duweni bakat seni kang onjo, mula Abi njaluk pindhah saka SDN Ngunut ana ekstra kurikulere karawitan. Ngertine yen Abi seneng yakuwi nalika dheweke isih PAUD biyen. Ing PAUD wae Abi wis seneng ndheleng jaranan lan ngrungokake gendhang-gendhing.

Kelas 1 SD Abi banjur melu gladhen ing Pepadi Tulungagung bebarengan 10 kancane saka manek dhaerah. Sajroning pandhadharan ing Pepadi kuwi kemajuwane katon banget. Mula Abi uga lulus ing ujiane. Wondene ujiane yakuwi ndhalang keroyokan bebarengan  kancane kanthi lakon Karno Tandhing. Ing kene saben dhalang mung bisa tampil sa-babak. Kurang luwih suwene 30 menit, nanging kanthi estafet. Tegese lakon kang dimainke dhalang sepisan banjur diterusake dhalang sabanjure nganti tancep kayon.

Rehne anggaran cumpen, kegiyatan Pepadi Tulungagung banjur kandheg. Abi sakanca banjur les dhalang marang Ki Nyata Carita utawa Pak hadi Sunyata, guru dhalang lulusan sekolah dhalang kraton Mangkunegaran taun 1977. Sabanjure ing acara syukuran, ing daleme Pak Nyata kang mapan ing Desa Doroampel Sumbergempol Tulungagung Abi tampil dhalang. Ing kene Abi tampil 2 jam. Katerusake tampil ing Kec. Sendang ing rerangken hala bi halal sasi september 2011 kepungkur.

Miturut Pak Nyata kabisane Abi kalebu onjo yen nitik umure kang isih 9 taun iki. Antawencanane, sabetan, tengene, (kepekaan) bab laras gendhing, kawruh pewayangan lan lawruh umum pedhalangan, bijine kabeh kalebu sandhuwure rata-rata. Pak Nyata ngakoni yen Abi kemajuwane akeh banget. Awit Abi kadunungan bakat kang manjila sanajan bapak ibune ora ana trah turun seniman. Mung wae yen ditelusuri teka simbah-simbahe nganti tekan udheng-udheng, saka trah e Pak Joko pancen ana, abi tiba turun ka-6 saka Mbah Minto kang biyene dhalang kondhang ing Nganjuk. Menewa getih seni saka Mbah Minto iki kang nuruni bakate Abi.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 29, 21 Juli 2012

Sabtu, 30 Maret 2024

K.H. Abdurrahman Wahid

 

K.H. Abdurrahman Wahid, akrab diundang Gus Dur (lair ing Jombang, Jawa Timur, 7 Sèptèmber 1940 – pati ing Jakarta, 30 Dhésèmber 2009 ing umur 69 taun; lair kanthi jeneng Abdurrahman Addakhil iku tokoh Muslim Indonésia lan pamimpin pulitik kang dadi Présidhèn Indonésia kang kapapat wiwit taun 1999 nganti 2001. Gus Dur minangka ketua Nahdlatul Ulama lan kang ngadegaké Parté Kebangkitan Bangsa (PKB). Wahid nggantèkaké Présidhèn B. J. Habibie sawisé kapilih déning MPR asil Pemilu 1999. Mangsa kapresidenan kang diwiwiti tanggal 20 Oktober 1999 dipungkasi sajeroning Sidang Istimewa MPR taun 2001 tangal 23 Juli 2001, kapemimpinan digantèkaké déning wakilé yaiku Megawati Soekarnoputri sawisé mandat dijabel déning MPR. Abdurrahman Wahid ngayahi pamaréntahan dibantu déning para mantri sajeroning Kabinet Persatuan Nasional.

Abdurrahman wahid lair ing dina kepapat lan wulan wolu kalender Islam taun 1940 ing Denanyar Jombang, Jawa Timur saking kekalihipun Wahid Hasyim lan solichah. wonten kapitadosan manawi piyambakipun lair tanggal 4 Agustus, nanging kalender kang digunakaké kanggé nandai dinten kelairane inggih punika kalender Islam kang artosipun piyambakipun lair wonten 4 Sya'ban, sami kaliyan 7 September1940 dhèwèké lair kanthi nama Abdurrahman Addakhil. "Addakhil" tegesé "Sang Penakluk". Tembung "Addakhil" ora misuwur lan diganti nama "Wahid", lan luwih misuwur kanthi celukan Gus Dur. "Gus" yaiku jeneng kehormatan khas pesantren kanggo putrane kiai kang tegesé "abang" utawa "mas".

Gus Dur yaiku pembarep saking enem sedhulur. Wahid lair ing kulawarga kang terhormat ing komunitas Muslim Jawa Timur. simbah saka bapaké yaiku Hasyim Asyari, pengadegé Nahdlatul Ulama (NU), déné simbah saka sisih biyung, Bisri Syansuri, yaiku guru Muslim kepisan kang miwulang kelas karo bocah wadon [2]. Bapakè Gus Dur, Wahid Hasyim, kalebu ing Gerakan Nasionalis lan dadi mantri Agama taun 1949.Biyungé, Ny. Hj. Sholehah, yaiku putri pendiri Pondok Pesantren Denanyar Jombang.

Gus Dur kanthi kabuka pernah nyatakake yèn dhèwèké duwé trah Tionghoa. Abdurrahman Wahid ngaku yèn ia dhèwèké keturunan saka Tan Kim Han kang daup karo Tan A Lok, sadulur kandung Raden Patah (Tan Eng Hwa), pendiri Kesultanan Demak. Tan A Lok dan Tan Eng Hwa putra saking Putri Campa, puteri Tiongkok punika selir Raden Brawijaya V.Tan Kim Han sendiri kemudian dhedhasar penaliten peneliti Perancis, Louis-Charles Damais diidentifikasikan minangka Syekh Abdul Qodir Al-Shini kang tinemu makamé ing Trowulan.

ing taun 1944, Wahid pindah saka Jombang nuju Jakarta, pnggonan bapaké katut karo Parté Majelis Syuro Muslimin Indonésia (Masyumi), sawijining organisasi kang didirike bala Jepang kang wektu iku nguwasani Indonésia. Sawisé déklarasi kamardikan Indonésia tanggal 17 Agustus 1945, Gus Dur balik nuju Jombang lan tete manngon ing kana sasuwéné perang kamardikan Indonésia nglawan Walanda. ing akir perang taun 1949, Wahid pindah nuju Jakarta lan bapaké ditunjuk dadi Mantri Agama. Abdurrahman Wahid sinau ing Jakarta, masuk ing SD KRIS sadurungé pindah ing SD Matraman Perwari. Wahid uga diajari mawca buku non-Muslim, majalah, dan koran karo bapaké kanggo njebaraké pengetahuané. Gus Dur terus manggon ing Jakarta kaliyan kaluwargané sanajan bapaké wis ora dadi mantri agama taun 1952. ing April 1953, bapaké Wahid tilar donya amarga kacilakaan mobil.

Pawiyatan Wahid lanjut lan ing taun 1954, dhèwèké malebu ing sekolah Menengah Pertama. ing taun iku, dhèwèké ora munggah kelas. biyungé lajeng ngirim Gus Dur nuju Yogyakarta kanggo neruskake pawiyatane. ing taun 1957, sawisé lulus saka SMP, Wahid pindah nuju Magelangkanggo wiwit Pawiyatan Muslim ing Pesantren Tegalrejo. dhèwèké ngembanagaken reputasi minangka murid berbakat,namatkake pawiyatan pesantren ing wektu rong taun (haruse empat taun). ing taun 1959, Wahid pindah nuju Pesantren Tambakberas ing Jombang. ing kana, sawatara nglanjutke pawiyatan dhèwèkan, Abdurrahman Wahid uga narima pakaryan kapisan dadi guru lan besuke minangka kepala sekolah madrasah. Gus Dur uga makarya dadi jurnalis majalah kaya ta Horizon dan Majalah Budaya Jaya. Gus Dur tilar donya dina Rebo tanggal 30 Dhésèmber 2009.

Kapethik saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Abdurrahman_Wahid

Dr. (HC) Ir. Sukarno

 

Dr. (HC) Ir. Sukarno (Blitar, 6 Juni 1901-Djakarta, 20 Juni 1970), asma aslinipun Kusno Sosrodihardjo, inggih punika présidhèn kapisan Républik Indonésia ingkang mengku kalungguhan periode 1945–1966. Panjenenganipun gadhah peran wigatos kanggé mardikakaken bangsa Indonésia saking panjajahan Walanda. Présidhèn Sukarno punika ingkang gadhah gagasan ngenani Pancasila amargi panjenenganipun ingkang sepisanan nyetusaken konsèp ngenani dhasar nagara Indonésia punika lan panjenenganipun piyambak ingkang maringi nama Pancasila. Panjenenganipun punika Proklamator Kamardikan Indonésia (sesarengan kaliyan Mohammad Hatta) ingkang dumados tanggal 17 Agustus 1945. Présidhèn Sukarno gadhah paraban Bung Karno. Bung Karno dipun-gantos déning Soeharto.

kapethik saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Soekarno

Ki Hadjar Dewantara

 

Ki Hadjar Dewantara lair ing Ngayogyakarta, 2 Mèi 1889 – pati ing Ngayogyakarta, 26 April 1959 ing umur 69 taun; iku pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonésia ing jaman panjajahan Walanda.

Lair kanthi jeneng Radèn Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan kaya déné para priyayi utawa wong-wong Walanda.

Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur ya iku "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing ariwarta de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis sajeroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindhia Walanda (Indonésia), sing wektu iku isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.

Ki Hajar Dewantara séda tanggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlathi, Sléman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mèi, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonésia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonésia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998.

kapethik saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Ki_Hadjar_Dewantara

Dewi Sartika

 

Dewi Sartika (Bandhung, 4 Dhésèmber 1884 - Tasikmalaya, 11 September 1947), punika tokoh Sundha ing widhang pandhidhikan kaliyan kabangkitan kaum èstri. Dipunakeni satunggiling Pahlawan Nasional déning Pamaréntah RI taun 1966.


Dewi Sartika miyos saking kulawargi ménak (Priyantun) Sundha, Nyi Radèn Rajapermas kaliyan Radèn Somanagara. Sanadyan nglanggar tradhisi kala punika, tiyang sepuhipun nyekolahaken Dewi Sartika wonten ing satunggiling sekolah Walandi. Sasampunipun bapanipun séda, lajeng Dewi Sartika dipunopèni déning pakdhénipun (kangmas ibunipun) ingkang gadhah pangkat patih ing Cicalengka. Saking pakdhénipun, Dewi Sartika pikantuk pendhidhikan prakawis kabudayan Sundha, wondéné wawasan kabudayan Kilèn piyambakipun pikantuk saking nyonyah sémahipun satunggiling Asistèn Résidhèn.

Ing 16 Januari 1904, Dewi Sartika mbikak Sakola Istri (Sekolah Wanita) ingkang kapisan saubengipun Hindia-Walandi. Siswanipun angkatan pratama wonten 20 jalmi. Kala punika sadaya nganggé pendhapa kabupatèn Bandhung.

kapethik saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Dewi_Sartika

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...