Translate

Minggu, 31 Maret 2024

Gamelan Gaweyane Legiyono Tekan Mancanegara

Wis ora kaetung maneh seniman lan seniwati kang nyandhong rejeki saka kabudayan Jawa, embuh kuwi wayang wong, wayang kulit, kethoprak, tari lan sapanunggalane. Maneka seni budaya  mau, ora bakal komplit utawa kaleksanan tanpa anane gamelan. Mula, katone sepele, perajin gamelan ora bisa diselaki jasane gedhe tumprap lestarine budaya Jawa.

Salah sawijine perajin gamelan sing eesih eksis mau yaiku Legiyono. Senajan ekonomi dinya rada seret kaya saiki, serete rejeki mau ora dumadi ing papan usahane Legiyono. Mapan ing omahe, Dusun Palem Lor Rt 03 RW 01, Baturetno, Banguntapan, Bantul, Ngayogyakarta, Legiyono kebanjiran pesenan gamelan saka maneka papan.

Kanthi dibiyantu 12 karyawane, Legiyono saguh ngrampungake patang set gamelan saben sasine. Sa set gamelan kuwi yaiku Bonang penerus sarancak 10 iji, kenong sarancak 5 iji, slenthem 1, gender 1, gambang 1, demung 1, saron 2, peking 1, bonang barung sarancak 10 iji, ketuk 1, kempul 5, suwukan 2 sarta gong 1. Dene rebab, siter sarta suling, Legiyono pesen ing papan liya.

Gamelan-gamelan gaweyane wis sumebar ing ngendi-endi papan sanuswantara, kayata Banda Aceh lan Palembang, mligine kanggo Dinas Pariwisata dan Kebudayaan ing wewengkon dhaerah kasebut. Saliyane kuwi,akeh uga maneka Grup Campursari sing padha mesen gamelan marang Legiyono. Malah gamelan Legiyono iki pranyata wis tekan manca barang, kayata Jerman, Jepang, Malaysia lan Kanada.

Menawa biye ubarampe bahan gamelan kudu nukoni ing warga saka adol rongsokan wesi, waja, lan kuningan, saiki kabeh urusan bahan baku wis ana sing nyetori, yaiku Perusahaan saka Surabaya.

Temtu gamelane isih during komplit lan macak yen durung ana aksesorise, yaiku rancak lan gayor. Legiyono nggunakake kayu Nangka, senajan satemene kuwalitas paling apik ya kayu Jati. Aksesoris saka kayu kasebut, ukiran lan wernane khas keraton, kayata werna emas, ijo lan abang.

Kanggo ngrampungake saperangkat gamelan komplit karo rancak lan gayor sing ora ana ukirane, dibutuhake wektu udakara 2 sasi. ”Menawa rancak lan gayor kudu diukir, wektune bisa nganti 3 sasi”, akune Legiyono.

Saben sasine, omzete Legiyono anggone gawe gamelan bisa nganti atusan yuta rupiyah. Kanthi omzet sing ora sethithik kuwi, Legiyono muji syukur marang sing gawe urip.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 14, 6 April 2019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...