Translate

Sabtu, 30 Maret 2024

Alm. Letjen (purn) Sarwo Edi Wibowo Diusulake dadi Pahlawan Nasional


Sapa kang ora kenal karo almarhum Letnan Jendral (Purn) Sarwo Edi Wibowo. Amarga saka lelabuhane kang gedhe marang negara, utamane anggone ngukuhi Pancasila supaya tetep dadi dhasaring negara kita. Ora mung kuwi, Sarwo Edi uga wis bola-bali njaga supaya tetep wutuhe NKRI, wiwit saka ngadhepi kejeme penjajah nganti tekan pemberontakan-pemberontakan sing ngancam negara. Utamane yaiku nalika mandhegani operasi militer kanggo numpes tapis Gerakan 30 September 1965 (mbalelane Partai Komunis Indonesia 1965). Kala semana, Sarwo Edi kebeneran isih njabat minangka Komandan RPKAD utawa saiki luwih dikenal minangka sebutane Kopassus. Anggone mandhegani peperangan lumawan pemberontak PKI, Sarwo Edi ora mung trima lungguh manis ana ing garis mburi, ananging tansah melu terjun langsung ing lapangan.



Dicritakake dening putrane sedulure Sarwo Edi kang manggon ing Purworejo, yaiku Yophi Prabowo, yen panjenengane iku mujudake pejuang sing peng-pengan nalika nglawan penjajah Walanda. Anggon perang tansah beberangen kalawan Alm. Pahlawan Revolusi Jendral Ahmad Yani lan asring gawe gregetane mungsuh. Mula ora gumun yen nganti prajurit Walanda ngetokake sayembara, kang isine sok sapa wae sing bisa nyekel Sarwo Edi urip utawa mati, bakal diwenehi bebungah arupa dhuwit kang ora bakal entek nganti telung turunan.

Piyayi saka Purworejo, Jawa Tengah iki sawise kasil numpes tapis pemberontakan G30S/PKI, sawetara jabatan militer lan sipil ditindakake kanthi becik. Ananging ora nganti njabat dadi Menteri. Jendral sing briliyan lan jujur kuwi tau dadi Panglima Kodam II Bukit Barisan ( 1967-1968), Panglima Kodam XVII Cendrawasih (1968-1970), Gubernur Akabri (1970-1973), Irjen Deplu (1978-1983), kepala BP7 pusat (1984-1988), lan dadi Dubes Korea Selatan.

Merga saka gedhene lelabuhane marang nusa bangsa lan negara Indonesia mau, saperangan gedhe masyarakat Kabupaten Purworejo sing usul marang Pemkab Purworejo supaya Letjend (Purn) Sarwo Edi Wibowo diusulake dadi Pahlawan Nasional menyang pemerintah pusat. Miturut Kepala Bagian Kesejahteraan Masyarakat Setda Purworejo, Drs. Bambang Susilo nerangake yen Sarwo Edi mujudake salah sijine putra pinunjul bangsa Indonesia. Minangka putra dhaerah Purworejo, panjenengane panthes nampa gelar Pahlawan Nasional Amarga prestasine, dedikasine, pengabdian lan jasa-jasane marang lemah wutah getihe.

Kapethik saka majalah Panjebar semangat No. 36, 8 September 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...