Translate

Rabu, 20 Maret 2024

Haul Syekh Ahmad Mutamakkin

 

 

Taun iki, pengetan Haul Syekh Ahmad Mutamakkin (Mbah Mutamakkin) ing Dusun Kajen, Margoyoso, Pati dilaksanakake ing dina Jumat 28 Juli 2023 utawa tanggal 10 Muharram 1445 H. Panitia Haul wis miwiti nyepakake ubarampe kanggo rantaman adicara haul.

Miturut wara-wara nomor : 04/I/P-HAUL/YMAM/VI/2023 sing dirilis dening panitia, pengetan haul bakal kalaksanan limang dina suwene awit tanggal 24-28 Juli 2023 utawa 6-10 Muharram 1445 H.

“Nganti saiki, persiapan wis lumaku separo saka sakabehing rantaman adicara. Saka kegiyatan ibu-ibu PKK apadene kegiyatan panitiya liyane. Pangajabe panitiya, insyaAllah bisa regeng lan gayeng kaya taun-taun kepungkur,” kandhane panitiya perlengkapan lan konsumsi Haul Syekh Ahmad Mutamakkin, Punky Ilham (10/7/2023).

Punky njlentrehake pengetan haul diwiwiti awit Mudarosah Al-Qur’an Bil Ghaib kang bakal dilaksanakake ing dina Senen Legi (24/7/2023) jam wolu bengi. Selasa Pahing, tanggal 25 Juli jam siji awan dilaksanakake adicara Walimah Takhtimul Qur’an Bil Ghaib lan bengine dianakake acara Burdah wiwit jam 8 bengi. Dina rebone, Rebo Pon jam 8 bengi bakal dilaksanakake Tahlil Muqoddimah. Dene ing dina kemis (27/7/2023) dilaksanakake acara mbukak slambu utawa lelang slambu ing makam Syekh Ahmad Mutamakkin wiwit jam wolu esuk nganti sarampunge.

“Sabubare kuwi ana tahlil Haul, pengajian umum lan Takhtimul Qur’an Binnadhor sing padatan dilaksanakake ing rong papan panggonan yaiku ing makam Syekh Ahmad Muttamakin lan ing mAsjid Jami’ Kajen wiwit jam pitu bengi nganti rampung,” kandhane.

Ing adicara Haul Syekh Ahmad Mutamakkin uga digelar acara kirab budaya ing dina Jumat tanggal 28 Juli 2023. Kirab budaya iki ora mung dieloni dening warga dusun Kajen, nanging uga saka para santri. Santri lan sekolah-sekolah sing mapan ing Kajen kayata Perguruan Islam Mathali’ul Falah, Al-Hikmah Kajen, SMK Cordova, Salafiyah lan liya-liyane.

“Saliyane kuwi, uga bakal dilaksanakake acara manaqib panutup ing makam Syekh Ahmad Mutamakkin wiwit jam pitu bengi nganti sarampunge,” celathune Pungky.

Mbah Ahmad Mutamakkin kuwi salah sawijining pawongan sing sinebut waliyullah ing tlatah Jawa. Asale saka dusun Kajen, Pati. Manut silsilahe trah tumurun, Mbah Mutamakkin iki isih trah saka Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir saka ramane aran Raden Sumohadinegoro lan ibu Putri Raden Tanu Tuban. Asma timure yaiku Raden Sumohadiwijaya/ Hadikusuma.

Haul Mbah Mutamakkin dadi salah sawijining adicara sing gedhe lan gayeng ing wewengkon Kabupaten Pati. Ing padatan, acara iki ditekani dening pelancong saka njaban rangkah.

https://suaranahdliyin.com/inilah-rangkaian-acara-peringatan-haul-mbah-mutamakkin-kajen-33423

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...