Translate

Sabtu, 30 Maret 2024

Haul Syekh Jangkung Kaping 383 ing Dukuh Landoh, Kayen

Haul Syekh Jangkung kaping 383 ing Dukuh Landoh, Kayen dipengeti setaun pisan ing sasi Rajab. Adicara ing dina Selasa 23 Januari 2024 kuwi adicara katelu saka rantaman adicara Pengetan Haul Syekh Jangkung. Adicara Haul diwiwiti awit dina rebo tanggal 17 Januari 2024 kanthi adicara Tahtimul Qur’an Binnadhor. Ing sesuke, kemis 18 Januari dianakake adicara Tahlilan umum sa-Dusun Kayen, lan ing dina iki, Selasa, digelar adicara Kirab luwur lan nyadran. Ing dina kapapate, dina Jumat tanggal 26 Januari 2024 bakal dianakake Tahtimul Quran Bil Ghoib, ing dina kalima, Sabtu tanggal 27 selambu bakal dibuka lan di lelang, dibacutake Tahtimul Qur’an ing masjid lan uga ana pengajian umum.

Tri Wijanarko, Camat Kayen sing rawuh ing adicara njletrehake yen acara iki dadi salah sawijining cara kanggo nglestarekake budaya kang ana ing tlatah Kayen.

“Pamarentah Kecamatan Kayen nyambut apik adicara Haul Mbah Syekh Jangkung Landoh. Amarga iki dadi salah sawijining cara kanggo nglestarekake budaya kang ana ing tlatah Kayen.” Kandhane Wijanarko.

Wijanarko njlentrehake, sabubare kirab bakal ana acara ngganti utawa salin luwur utawa klambu sing ana ing makam Syekh Jangkung.

“Setaun sepisan luwur saka makame Mbah Jangkung bakal diganti anyar, banjur sing lawas di lelang” kandhane. Wijanarko duwe pangajab kirab iki bisa kalaksanan ing taun-taun candhake lan luwih meriah. Sing paling wigati, bisa nglestarekake budaya kirab iki nganti anak putu mbesuk. 


Kapethik saka https://mitrapost.com/2024/01/23/kirab-haul-syekh-jangkung-landoh-ke-383-berlangsung-meriah/2/ kanthi ewah-ewahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...