Translate

Minggu, 31 Maret 2024

Dinda Aneswari

Bos Toko “Jadul” Mbokjajan

Dalane wong sukses kuwi pirang-pirang carane. Dinda Nareswari, 29 taun sukses uripe jalaran diwiwiti saka ngimpi. Ora kanyana, Dinda saiki wis dadi bo  s Toko “Mbokjajan”, took barang-barang jadhul taun 1970-an nganti taun 1990-an.

“Wektu kuwi sasi pasa, lab hawane panas banget. Aku isih dadi karyawan ing salah sijining radhio sawata ing Ngayogyakarta. Kesel banget, aku keturon. Ndilalah aku ngimpi aneh, yaiku mangan biscuit Gem Rose sing daksenengi zaman aku cilik. Suwe banget ora mangan panganan kuwi, lan kangen,” jlentrehe Dinda.

Kangene ora bias diempet, Dinda banjur golek jajanan kuwi ning internet. Saka internet , Dinda nemokake maneka jajanan ‘jadhul’ sing pepak banget, klebu uga biscuit sing diimpekak kasebut.

Wiwitane, Dinda mung tuku saperlu dipangan dhewe. Saben ing kantor, Dinda mesthi nggawa pangangan kasebut kanggo nyamikan. Kanca-kanca kantor sing weruh jajanan ‘jadhul’ sing digawa Dinda, kok padha kepengin.

“Lha kanca-kanca kuwi padha njaluk. Nek dijaluk terus-terusan, rugi ta aku. Suwe-suwe dakkon tuku. Ha…ha…ha…,” Dinda ngguyu sora maneh.

Saka dodolan kanggo kanca-kanca kasebut, Dinda banjur nemokake ide, geneya kok ora nyoba dodolan jajanan ‘jadhul’ srana online. Paling ora, minangka karyawan, dheweke duwe usaha samben, yaiku dodolan jajanan ‘jadhul’.

Amarga esih samben lan mung seneng-seneng, Dinda mung dodolan udakara 20 jenis jajanan lawas. Rumangsa keterusan, Dinda banjur rada tenanan. Temtus supaya luwih ditepungi, perlu jeneng utawa ‘brand’ sing prasaja lan gampang dielaing eling.

Wusanane Dinda milih jeneng Mbokjajan lan miwiti bukak took online tanggal 9 Juli 2014. Jeneng mbokjajan iki di ilhami saka sedulure sing kerep nyeluk dheweke mbok.”Dijenengi Mbokjajan, pas banget jalaran sing duwe ya wanita lan uga ajak ajak ayo jajan ing basa Jawa.” Jlentrehe Dinda.

Lumakuning wektu, pametu saka dodolan jajanan ‘jadhul’ dirasakke Dinda pranyata luwih akeh tikel tekuk saka bayarane minangka karyawan radhio. Patang sasi sawise ngrintis dodolan online, wusanane metu saka karyawan radhio lan milih total nggilut bisnis dodolan jajanan lawas sing luwih ngrejekeni.

Wiwitane Dinda mung kepengin dodolan lewat online lan duwe gudhang kanggo nyimpen dagangane. Nanging nalika sansaya kondhang, konsumen padha kepengin meruhi langsung dagangane, saengga Dinda banjur ngontrak omah kanggo mbukak took Mbokjajan ing Jalan Ireda Nomor 181A, Keparakan Kidul, Mergangsan, Kutha Ngayogyakarta.

Ing toko iki dinda banjur ngompliti maneka barang sing arep didol, wiwit saka jajanan awaujud camilan utawa panganan, uga ana dolana. Cemilan sing di dol ana maneka warna, kaya ta ciklat Coyo, coklat Jago, Anak Mamee, Mie instan Sakura, es lilin, es gabus, Anak Mas, krip-Krip, Tic-Tic Snack, permen Bolala, permen karet Yosan lan sapunanggale. Panganan sing paling larang yaiku coklat Coyo isi 20 iji, regane 15000. Miturut Dinda, coklat Coyo iki akeh sing nyenengi, perlu dimangerteni, sanajan cemilan-cemilan kuwi zaman ‘jadul’, cemilan kasebut aman. Sebab, cemilan kuwi anyar gaweyan pabrik.

Kajaba panganan ‘jadhul’, dolanan ‘jadhul’ uga pepak banget ing took duweke Dinda iki, kayata blowing balloon, tamagochi, gimbot, kapal othok-othok, wayang kertas, gangsingan, monopoli modhel lawas lan sapunggalane.

Dolanan sing paling larang yaiku monopoli modhel lawas, regane Rp. 75000. Dene dolanan sing paling laris yaiku dolanan gaweyan pabrik Tamagochi, regane 35,000. Kapal othok-othok uga akeh sing tuku, regane mung Rp. 20.000. dinda ngaku, maneka barang kasebut dipesen saka maneka papan kayata Jakarta,Cilacap, Pekalongan lan Banjarmasin.

Wiwitane pancen angel golekane karana ning pasar wis ora ana. Ananging Dinda ora surut semangate. Wusanane dheweke bisa nekake barang kuna kuwi, langsung saka pabrike. Pranyata, barang-barang kuna sebageyan isih diprodhuksi, ananging gunggunge winates.

Usaha sing tlaten lan ubete kasebut, Dinda saiki wis dadi ‘bos’ sing dibiyantu 4 karyawane. Mbokjajan uga ora mung dodolan barang ‘jadhul’, nanging uga dadi distributor. Nalika ditakoni omsete, Dinda ngaku menawa pas akeh pesenan, sesasi bisa puluhan yuta rupiah. Putusane Dinda metu saka kantor, pranyata ora kleru.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 25, 23 Juni 2018  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...