K.H. Abdurrahman Wahid, akrab diundang Gus
Dur (lair ing Jombang, Jawa Timur, 7 Sèptèmber 1940 – pati ing Jakarta, 30
Dhésèmber 2009 ing umur 69 taun; lair kanthi jeneng Abdurrahman Addakhil iku
tokoh Muslim Indonésia lan pamimpin pulitik kang dadi Présidhèn Indonésia kang
kapapat wiwit taun 1999 nganti 2001. Gus Dur minangka ketua Nahdlatul Ulama lan
kang ngadegaké Parté Kebangkitan Bangsa (PKB). Wahid nggantèkaké Présidhèn B.
J. Habibie sawisé kapilih déning MPR asil Pemilu 1999. Mangsa kapresidenan kang
diwiwiti tanggal 20 Oktober 1999 dipungkasi sajeroning Sidang Istimewa MPR taun
2001 tangal 23 Juli 2001, kapemimpinan digantèkaké déning wakilé yaiku Megawati
Soekarnoputri sawisé mandat dijabel déning MPR. Abdurrahman Wahid ngayahi
pamaréntahan dibantu déning para mantri sajeroning Kabinet Persatuan Nasional.
Abdurrahman wahid lair ing dina kepapat
lan wulan wolu kalender Islam taun 1940 ing Denanyar Jombang, Jawa Timur saking
kekalihipun Wahid Hasyim lan solichah. wonten kapitadosan manawi piyambakipun
lair tanggal 4 Agustus, nanging kalender kang digunakaké kanggé nandai dinten
kelairane inggih punika kalender Islam kang artosipun piyambakipun lair wonten
4 Sya'ban, sami kaliyan 7 September1940 dhèwèké lair kanthi nama Abdurrahman
Addakhil. "Addakhil" tegesé "Sang Penakluk". Tembung
"Addakhil" ora misuwur lan diganti nama "Wahid", lan luwih
misuwur kanthi celukan Gus Dur. "Gus" yaiku jeneng kehormatan khas
pesantren kanggo putrane kiai kang tegesé "abang" utawa
"mas".
Gus Dur yaiku pembarep saking enem
sedhulur. Wahid lair ing kulawarga kang terhormat ing komunitas Muslim Jawa
Timur. simbah saka bapaké yaiku Hasyim Asyari, pengadegé Nahdlatul Ulama (NU),
déné simbah saka sisih biyung, Bisri Syansuri, yaiku guru Muslim kepisan kang
miwulang kelas karo bocah wadon [2]. Bapakè Gus Dur, Wahid Hasyim, kalebu ing
Gerakan Nasionalis lan dadi mantri Agama taun 1949.Biyungé, Ny. Hj. Sholehah,
yaiku putri pendiri Pondok Pesantren Denanyar Jombang.
Gus Dur kanthi kabuka pernah nyatakake yèn
dhèwèké duwé trah Tionghoa. Abdurrahman Wahid ngaku yèn ia dhèwèké keturunan
saka Tan Kim Han kang daup karo Tan A Lok, sadulur kandung Raden Patah (Tan Eng
Hwa), pendiri Kesultanan Demak. Tan A Lok dan Tan Eng Hwa putra saking Putri
Campa, puteri Tiongkok punika selir Raden Brawijaya V.Tan Kim Han sendiri
kemudian dhedhasar penaliten peneliti Perancis, Louis-Charles Damais
diidentifikasikan minangka Syekh Abdul Qodir Al-Shini kang tinemu makamé ing
Trowulan.
ing taun 1944, Wahid pindah saka Jombang
nuju Jakarta, pnggonan bapaké katut karo Parté Majelis Syuro Muslimin Indonésia
(Masyumi), sawijining organisasi kang didirike bala Jepang kang wektu iku
nguwasani Indonésia. Sawisé déklarasi kamardikan Indonésia tanggal 17 Agustus
1945, Gus Dur balik nuju Jombang lan tete manngon ing kana sasuwéné perang
kamardikan Indonésia nglawan Walanda. ing akir perang taun 1949, Wahid pindah
nuju Jakarta lan bapaké ditunjuk dadi Mantri Agama. Abdurrahman Wahid sinau ing
Jakarta, masuk ing SD KRIS sadurungé pindah ing SD Matraman Perwari. Wahid uga
diajari mawca buku non-Muslim, majalah, dan koran karo bapaké kanggo njebaraké
pengetahuané. Gus Dur terus manggon ing Jakarta kaliyan kaluwargané sanajan
bapaké wis ora dadi mantri agama taun 1952. ing April 1953, bapaké Wahid tilar
donya amarga kacilakaan mobil.
Pawiyatan Wahid lanjut lan ing taun 1954,
dhèwèké malebu ing sekolah Menengah Pertama. ing taun iku, dhèwèké ora munggah
kelas. biyungé lajeng ngirim Gus Dur nuju Yogyakarta kanggo neruskake
pawiyatane. ing taun 1957, sawisé lulus saka SMP, Wahid pindah nuju
Magelangkanggo wiwit Pawiyatan Muslim ing Pesantren Tegalrejo. dhèwèké
ngembanagaken reputasi minangka murid berbakat,namatkake pawiyatan pesantren
ing wektu rong taun (haruse empat taun). ing taun 1959, Wahid pindah nuju
Pesantren Tambakberas ing Jombang. ing kana, sawatara nglanjutke pawiyatan
dhèwèkan, Abdurrahman Wahid uga narima pakaryan kapisan dadi guru lan besuke
minangka kepala sekolah madrasah. Gus Dur uga makarya dadi jurnalis majalah
kaya ta Horizon dan Majalah Budaya Jaya. Gus Dur tilar donya dina Rebo tanggal
30 Dhésèmber 2009.
Kapethik saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Abdurrahman_Wahid
Tidak ada komentar:
Posting Komentar