Translate

Rabu, 20 Maret 2024

Sedekah Laut Juwana

 


Sedekah Laut Juwana uga kawentar kanthi jeneng prosesi Larung Sesaji Kali Juwana. Tradhisi larung sesaji iki wis ana udakara 50 taun kepungkur. Adicara Tradhisi Sedekah Laut diwiwiti acara pawai arak-arakan miniatur kapal nelayan sing ngamot ndas wedhus lan sega tumpeng jangkep sarta jajanan pasar. Para warga melu ngarak arak-arakan miniatur kapal nganti dilarung ing segara. Sadurunge dilarung, miniatur lan ubarampe didongani luwih dhisik. Karepe umbul donga supaya pikatuk berkah saka Gusti Kang Mahatunggal, uga minangka pangucap Syukur Amarga wis diparingi lancar lan gancar anggone golek iwak.

Tradhisi kasebut wis lumaku turun tumurun lan dadi pakulinan masyarakat Juwana. Kanthi lumakuning zaman, tradhisi iki narik kawigatene warga minangka tontonan lan panglipur sing nyenengake. Sedekah laut ing Dusun Bajomulyo Juwana Kabupaten Pati minangka represntasi/ wujuding budaya lokal kang duweni tujuwan minangka wahana kanggo mbangun karakter, ngembangake solidaritas sosial lan nyengkuyung kabudayan nasional. Kabeh urut-urutaning adicara lan ubarampe sing dienggo upacara kasebut magepokan karo nilai-nilai sosial lan etika masyarakat. Yen disawang saka babagan ekonomi, upacara sedekah laut Juwana iki bisa dadi salah sawijining daya tarik pariwisata, uga bisa dadi medhia pembelajaran babagan etos kerja.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...