Translate

Sabtu, 30 Maret 2024

Semarake Festival Giri Samudra Ing Pati, Sarana kanggo ngenalake budaya lokal

  Festival Kirab Giri Samudra ing Kabupaten Pati ginelar kanthi semarak. Saben kecamatan ing Pati padha nggelar kabudayan locale. Kurang luwih ana 21 peserta saka saben kecamatan sing nonjolake kabudayane dhewe-dhewe. Para peserta miwiti kirab saka ngarep Makodim 0718/Pati utawa Jl. Jendral Sudirman mlaku tumuju panggung utawa sing ana ing Kawasan Alun-alun simpang 5 Pati.

Pentas kapisan diwiwiti saka Kecamatan Sukolilo sing nggelar tradhisi Meron. Tradhisi iki biyasane digelar masyarakat Sukolilo nalika mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW. Para peserta nggawa gunungan Meron lan nganggo busana khas. Pentas sabanjure saka Kecamatan Gabus sing ngusung tema ngarak kapuk. Pentas saka Gabus iki duweni ancas ngenalake ing masyarakat yen kecamatan Gabus dadi penghasil kapuk. Saka kapuk kuwi banjur diolah dening warga Gabus dadi bantal lan Kasur. Sabubare kuwi, dibacutake dening Kecamatan Tambakromo kanthi tema Nyi Ageng Ngerang lan sega tewel. Pungkasan arak Arakan saka Kecamatan Juwana sing mentasake industry kerajinan kuningan. Peserta saka kecamatan Juwana nggawa patung gedhe wujud ir. Soekarno sing digawe saka kuningan.

Ewonan warga antusias ngebaki alun-alun Pati. Pj Bupati Henggar Budi Anggoro ing pidhatone njlentrehake yen festival iki duweni ancas tujuwan kanggo ngrembakake budaya sing ana ing Kabupaten Pati. Saliyane kuwi, lumantar festival iki, diajab bisa nuwuhake perekonomian warga Pati pascapandemi.

 


Kapethik saka detikjateng, "Meriahnya Festival Giri Samudra di Pati, Ajang Kenalkan Budaya Lokal" selengkapnya https://www.detik.com/jateng/budaya/d-6864308/meriahnya-festival-giri-samudra-di-pati-ajang-kenalkan-budaya-lokal. Kanthi ewah-ewahan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...