PAGEBLUG Mayangkara
ora mung dumadi ana jagading pewayangan, nanging nyata-nyata kedadeyan ana
jagading kasunyatan. Kedadeyane wis suwe banget, watara taun 1951, ing desaku
Desa Weru ketaman dahuru utawa pageblug. Akeh banget sing dadi kurban, bebasan
esuk Iara sore mati, sore lara esuk mati. Ing wektu kuwi mbarengi larang
pangan, lan larang sandhang wis mesthi. Awit nalika kuwi lagi nem taun Nagara
kita Indonesia merdika, dadi isih krasa njareme tilas dadi jajahane bangsa
)epang. Tata gelare mono, anane pepati-pepati kuwi amarga desaku ketrajang
wabah penyakit pes, sing disebarake dening tikus. Nanging suwaliking wabah pes
mau ana kedadeyan ghaib sing ora bisa diwawas nganggo mripat walaka, kang
tegese akehe pepati mau amarga dadi kurbane bangsa le lembut.
Wiwitane lelakon sing nggegirisi mau mangkene. Mbah
Rejosetomo, sawijining se sepuh ing desa Weru, sawijining lingsir we ngi,
Iawange dithothok uwong saka njaba, bareng dibukak jebul ana dhayoh sing ne
neka lan nyalawadi. Dhayoh mau cacahe wa tara wong sepuluh, rupane wong-wong
mau durung tau ditepungi dening Mbah Rejo, lan wong-wong neneka mau nyandhang
me nganggo kaya Prajurit Kraton. Sawise di manggakake mlebu lan lungguh ana
ndhing klik dawa, salah siji pawongan sing sajake dadi pemimpine, takon marang Mbah
Rejo setomo. "Ki
Rejo, aku arep takon. Sapa wong desa kene sing tumindake dakwenang marang
sapadhaning urip, lan sing watake padha adigang-adigung! Bakal taksowanake me
nyang ngarsane Kanjeng Ratu, kareben dipa trapi pidana". Mbah Rejo
ora mudheng apa sing dita kokake wong nyalawadi iku, ora bisa wang sulan mung
meneng bingung lan blangke men. Weruh Ki Rejosetomo ora bisa wangsu lan, wong
mau manthuk-manthuk karo ngu cap mangkene : "Ya wis Ki Rejo yen kowe ora
ngerti ora dadi ngapa. Kowe aja melumelu, takcekelane wong-wong sing padha duwe
watak sawenang-wenang kuwi". Bubar ngucap ngono, dhayoh nyalawadi mau
padha pamitan lan diuntapake Mbah Rejo nganti tekan latar. Nanging saiba
kaget lan wedine Mbah Rejo, sawise tekan latar, wong-wong nyalawadi mau padha
ilang saka pandulu. Mbah Rejo bali mlebu ngomah lung guh karo thenger-thenger.
Ora mudheng apa sing dikarepake dhayoh nyalawadi mau lan atine kuwatir
ketir-ketir, mikir bakal ana keda deyan apa ing dina-dina candhake. Esuke Mbah
Rejo ngabarake lelakon sing dialami mau bengi menyang tangga teparo. Nanging
kabar mau ora digatekake dening wongwong desa kono, mung dianggep gawe-ga we,
utawa dianggep kabar ngayawara. Sepasar sawise ketekan dhayoh nyalawa di
mau, ing desa Weru sawijining wengi dika getake swarane asu baungan, sing
mbaung ngalup-alup mecah sepining tengah wengi, sing penere swara baungan mau
saka arah ara-ara sakulone desa. Tanpa dikomandho, wong-wong desa padha
metu saka ngomah, lan nglumpuk ana dalan prapatan. Saka da lan prapatan, katon
sesawangan sing nyala wadi, yakuwi penere ing bulak amba saku lone desa, katon
ana obor gedhe ngremo mong. Obor gedhe mau pecah-pecah la men car-mencar dadi
sapirang-pirang, nganti prasasat sak ara-ara sakuloning desa kebak wa rata obor
utawa colok sing pating klencar. Wong-wong desa kono ngarani, sing obor gedhe
kae diarani memedi Kemamang, dene sing obor cilik-cilik mencar-mencar dadi sak
tegal kae diarani memedi Colok. Esuke wong-wong desa padha geger opyak, ngen
di-endi papan ngandhakake lelakon mau bengi, yen ing bulak kulon desa ana
memedi Kemamang lan memedi Colok nganti nge baki ara-ara amba. Telung dina
sawise keda deyan kuwi, ing desa Weru katekan asu sing nyalawadi sing cacahe
sapirang-pirang. Asuasu kuwi tekane mbuh saka ngendi, sebab asu-asu kuwi yen
awan padha teka pating grudug playon turut kebonan lan turut latare wong desa
kono, lan yen wengi malah padha ngilang embuh menyang ngendi. Aneh! Sing Iuwih
nyalawadi maneh, dene asu-asu kuwi kabeh ulese ireng mulus, tur gedhene
racakracak padha. Sawijining
esuk latare Lik Pawirodrono disaba asu ireng cacah loro. Asu mau digu sah ora
lunga, mung ngenak-enak sajak ora duwe wedi. Lik Pawirodrono jengkel lan nye
kel tugelan bongkotan pring petung, asu mau dibabit nganggo bongkotan pring,
kena awake lan mlayu karo kaing-kaing. Durung sepira dohe playune, dumadakan
asu ireng loro mau ilang musna tanpa tilas. Lik Pawiro drono atine wiwit
dheg-dhegan, nggraita yen sing mentas dibabit mau mesthi asu
lelembut. Sesuke, sedina sawise lelakon kuwi, Lik Pawirodrono lara panas,
lan mung watara sedina utawa rolas jam, Lik Pawirodrono tilar donya. Layon
dikubur ana pekuburan kulon Mesjid kanthi becik. Nanging sesuke, Lik Le giyem
bojone Pawirodrono ya melu lara pa nas, lan mung watara sewengi larane, lik
Legiyem uga tilar donya. Dina-dina candhake, akeh wong desa kono sing
padha kena lara panas lan mung watara sedina utawa sewengi, wong sing padha
lara mau ora bisa ditambani, lan mes thi ora kalap, utawa tekan patine. Akeh ba
nget wong padha dadi korban, enom tuwa, bocah, prawan, jaka sasat warata, saben
di nane mesthi ana tangis kepaten, saben dina mesthi ana wong ngusung layon
menyang kuburan. Nganti meh seprotelone pedunung desa kono sing mati dadi
kurbaning dahuru utawa pageblug. Kerep uga kedadeyan sedi nane ana kepaten
nganti pirang-pirang enggon; nganti golek wong nggotong layon wae kangelan.
Kerep uga layon sing kudune digo tong wong papat, kepeksa mung digotong wong
loro, iya amarga akehe pepati.
Dumadakan
saka arah kulon, penere saka bulak amba kulon desa keprungu swara asu mbaung
ngalup-alup mecah sepining te ngah wengi. Tukijan lan Tumiyo metu me nyang
latar, lan weruh ing bulak kulon desa ana colok pating klencar, lan salah
sijine co lok mau katon ngremomong katon luwih ge dhe tinimbang colok liyane.
Kanthi ati diwa nek-wanekake, Tukijan lan Tukiyo mlaku ma rani dununge colok
sepirang-pirang mau. Bareng wis cedhak watara mung kari seket meter dohe,
nom-noman loro kakang adhi mau weruh, ing ara-ara amba utawa ing bu lak kebak
asu sing rupane kabeh ireng. Asuasu ireng kabeh mau, sirahe pas mbun-mbunan
murub, rupa kaya geni sing tanpa kukus. Ana salah sijine asu sing nyuwara
mbaung ngalup-alup, terus diparani asu-asu liyane, kaya-kaya asu mbaung kuwi
aweh aba-aba andhahane supaya kumpul. Nyata ne asu sing cacah sapirang-pirang
sing teka ne saka pirang-pirang arah kuwi, padha nye dhaki dununge asu baungan
sing sajake dadi penggedhene. Tukijan lan Tukiya dadi mu dheng, jebul memedi
kemamang lan colok saka tegal amba kuwi, yen dicedhaki lan bisa meruhi, tibake
rupa asu sing mbun-mbunane murub geni tanpa kukus.
Nom-noman
loro kakang adhi kuwi ba nget wedi lan miris, luwih-luwih Tukijan awake nganti
ndhredheg gemeter, kringete metu dleweran. Awit saka ora kuwat ngam pet wedine,
tanpa pikir Tukijan mbengok sa rosane kanthi nyebut asmane sing Gawe
Urip.
"Gusti
Allaaaahh! mung kuwi sing metu saka panjerite Tukijan lan Tukiyo uga melumelu
nyebut asmane Gusti, melu mbengok nyebut, "Gusti Allaaaahhh!!" Bocah
loro pa dha pating brengok bola-bali nyebut asmane Gusti Kang Murbeng
Dumadi.
Ana
kedadeyan sing aneh, krungu pam bengoke Tukijan lan Tukiyo sing nyebut as mane
Gusti, asu-asu sakbulak mau padha pating jenggirat, dumadakan lap ilang tanpa
tilas embuh menyang• ngendi ilange. Kanthi ati dheg-dhegan keweden, Tukijan lan
Tuki yo mulih menyang ngomah, sebab kelingan yen ninggal Mbokne sing lagi lara
banget.
Tekan
ngomah nom-noman Ioro mau nga dhepi kedadeyan sing aneh maneh, yakuwi Mbokne
sing ditinggal kahanane lara banget mau, lha kok saiki lagi lungguhan ana
ndhing klik dawa, katon wa ras-wiris seger buger kaya ora ana tandha-tandhane
mentas lara. Tukijan takon marang Mbokne, ya Mbok Kerto. "Lho Mbok,
sim bok mau rak lara ta? Iha kok saiki waras sing nambani sapa
Mbok?!"
"Lha sing lara kuwi sapa?" Mbok Kerto mangsuli
sajak ora mu dheng. "Wong
wiwit sore aku keturon, ta ngi-tangi nggoleki ko we bocah loro kok ora ana. Mula aku tangi
ngenteni mulihmu. Ko we mau saka ngendi ta Jan?!"
Tukija mangsuli lan crita yen mentas saka bulak amba,lan
kabeh lelakon sing nya lawadi sing mentas dialami karo Tukiyo, dicritak ake
menyang Mbokne. Mung Tukijan lan Tukiyo tetep rumangsa aneh, dene Mbok ne saiki
katon waras-wiris, ora ana tabete mentas lara, lan Mbok Kerto uga ora ngru
mangsani yen mentas lara. Sa wise lelakon aneh ing wengi kuwi, kakang adhi
Tukijan lan Tukiyo isih kudu ngadhepi lelakon sing Iuwih dening aneh lan
nyalawadi. Seje dina sawise kuwi, wancine ndungkap tengah wengi, Mbok Kerto wis
wiwit sore mapan turu, Tukijan karo adhine isih kelap-kelip ora bisa turu,
kelingan lelakon aneh dhek wingi bengi. Dumadakan lawange ana sing mbukak saka
njaba, lan ora let suwe ana wong pirangpirang mlebu ngomah, wong-wong mau ca
cahe kira-kira wong sepuluh, tur nganggo sandhangan kaya Prajurit Kraton. Ora
ngu cap apa-apa, wong-wong mau ngglandhang Tukijan lan Tukiyo, digawa metu saka
ngomah.
Tukijan lan Tukiyo sing mung nganggo sarung karo klambi saanane kuwi diglan
dhang metu saka desa, embuh arep digawa menyang ngendi, sing genah arahe me
ngulon. Rumangsane bocah loro kuwi du rung adoh metu saka desa, nanging alame
kok seje. Sakulone desa
kathik ana omah gedhong magrong-magrong, sing selawase iki ora tau ana.
Saiba
kagete lan gumune Tukijan lan adhine, awit wong-wong sing diadhepake lan
lungguh ana pagelaran mau, ora liya wong-wong desane sing kabeh wis disu murupi
padha mati ketaman pageblug. Lan sing Iuwih nggumunake, dene wong-wong mau
padha meneng kabeh, lan kaya-kaya ora weruh lan ora tepung karo Tukijan lan
Tukiyo. Nanging genah-genah kuwi wongwong desa sing wis padha mati kena lelara.
Katon ana kono jenate Lik Pawirodono, jenate lek Legiyem jenate kang Sukir,
jenate Kang Kardiyo, jenate Yu Surip lan isih akeh maneh liyane, mung sing
genah wong-wong sing ana kono kabeh wis padha mati ketra jang pageblug.
Penggedhe
sing nganggo sandhangan luwih gumebyar tinimbang andhahane mau ngucap karo
nudingi Tukijan lan Tukiyo.
"
0 ... iki ta uwonge sing dhek wingi wa ni ngindhik lan ndingkik aku sakanca?! Apa kowe cah loro
kepengin takkatutake kaya kanca-kancamu iki apa piye?!" Penggedhe mau
meneng sedhela mripate mencereng mendeliki Tukijan lan Tukiyo lan nerusake
ucape.
"Anane wong-wong desa kene padha takcidhuki bakal
taksowanake ngarsane Kan jeng Ratu. Awit wong desa kene racake wa take sawenang-wenang,
cengkiling lan te gelan ora duwe watak koma-koma. Kejaba kuwi wong desa kene
padha ora ngerti me nyang panembahe sing sejati, sing dige dhek-gedhekake mung
nuruti kanepson, se songaran lan dhug-dhengan, kaya rumangsa menangan dhewe.
Mula wong desa kene kudu entuk pepeling lan dukane Kanjeng Ratu".
Lagi
tekan semono sing diucapake peng gedhening lelembut mau, Tukijan lan Tukiyo uga
wis rumangsa yen lagi diwalik alam, uta wa lagi mapan ana alaming bangsa alus.
Tukijan eling marang _Pangwasaning Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, nanging
rumangsa ora duwe cekelan ngelmu apa-apa. Tukijan mung duwe apalan Surat
Alfatehah thok, ora duwe apa lan ayat-ayat suci liyane. Na nging Tukijan kanthi
rasa panyuwun tenantenan marang pitulunganing Gusti AIIah, lambene ndremimil
ngapalake waosan wiwit Audzubillahi Minassyaithonrrojim, Bismil lahiromanir
rohim, lan sapiturute nganti sa teruse. Dene Tukiyo kelingan piwelinge swar gi
Mbah Kakunge biyen, jare yen diwalik alam dening bangsa alus, supaya ngapalake
Caraka Balik, yakuwi apalan Ha Na Ca Ra Ka sapiturute, nanging diwaca
kuwalik.
Ya
kuwi Nga Tha Ba Ga Ma, Nya Ya Ja Dha Pa, La Wa Sa Ta Da, Ka Ra Ca Na Ha-
Mangkono diapalake bola-bali, disartani manthenging panyuwun marang wasesaning
Gusti Kang Maha Kuwasa. Dumadakan ana kaelokan, kahanan sing padhang njingglang
sanalika dadi mati pet peteng ndhedhet, wong-wong sakitere kono padha ilang
embuh menyang ngendi, lan weruh-weruh Tukijan lan Tukiyo mung kari wong loro
ana tengah mbulak ngilak-ilak, utawa ana ara-ara amba sakulon desa. Tukijan lan
Tukiyo mulih menyang ngo mah, wancine wis parak esuk, nanging sre ngenge durung
jumedhul. Ana ndalan wong loro rumangsa aneh, dene ora ketemu wong siji-sijia.
Tekan ngomah bocah loro padha mlebu ngomah, dumadakan maktratap, ora ngerti
mula bukane, ngerti-ngerti Tukijan lan Tukiyo turu mlumah mujur ngalor ana
klasa tengah jogan. Ing kono katon Mbok Kerto lagi nangisi awake, lan ana uga
Mbah Rejo setomo, Pak Bayan Harjodiyono lan isih ana maneh sawatara tangga
cedhak. Miturut Mbokne lan wong sing padha teka kono, jare
Tukijan lan Tukiyo mau wis mati. Lan kabeh padha gumun Iha kok saiki urip maneh
kaya mentas melek saka turu kepati. Tukijan lan adhine nuli nyritakake lelakone
mau bengi sing nyalawadi. Sing krungu padha pating domblong kaworan tintrim.
Mbah Rejoseto mo nyelani ngendika.
"Yen ngono lelembut sing mboktemoni kuwi padha karo sing teka ana ngomahku
dhekemben kae. Mung
emane wong-wong desa kene padha ora percaya karo kandha ku. Mula ya ngger,
sawise lelakon iki, kowe kabeh takkandhani, ayo padha bali menyang tumindak
bener lan utama, aja dibaleni ma neh duwe watak sing adigang-adigung tege lan
cengkiling marang sapadhaning urip. Sing Iuwih wigati maneh yakuwi, wong-wong
desa kene ayo padha ngeblatake panembah marang sejatine Kang Sinembah, yakuwi
Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, aja nyembah marang brahala.
Awit
pageblug sing nrajang desane dhewe iki sejatine wujud pepelinging Gusti Allah
marang titah supaya weruh ma rang sejatine kang sinembah": Mangkono
wejangane Mbah Rejoseto mo, dina-dina bacute, wong desa kono sa ben wengi padha
kumpul neng bulak amba, padha Ibebarengan nindakake Sholat merto
bat/pertobatan, nyuwun pangapura marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Sholat
jama ah mau dipandhegani utawa diimami dening Kyai Supi, sing rawuh saka desa
sajabane wewengkon. Kyai Supi wekasane uga dadi Guru Ngaji lan Guru Agama,
nenuntun ma rang wong desa kono, supaya bali marang keblating panembah kang
sejati. Masjid sing maune sasat ora ana sing nyaba, wiwit kuwi akeh sing padha
nekani, lan nindakake sholat.
Apamaneh ing•jaman saiki, Masjid Weru wis dibangun rupa gedhong magrong-ma
grong, lan saben dinane ora tau sepi uwong.
Mangkono
babaring carita sing dikojah ake Mbah Marto Tukijan, sing dhek enome jenenge
Tukijan. Mbah Marto Tukijan saiki wis yuswa pitungpuluh lima taun, urip pra
saja ana desa Weru, lan isih tetep tekun anggone sholat manembah marang kang ku
du sinembah, utawa marang sejatining kang sinembah. Lha sapa ta sejatine
nom-noman Tukijan sing saiki asmane Mbah Marto Tuki jan kuwi, ora liya ya wong
tuwane utawa ba pake sing gawe crita iki. Lan desa Weru saiki dadi desa maju
lan ayem tentrem. Nuwun sewu para maos, dhek biyene desa Weru kuwi kondhang
karan desa 'Weru Kepruk. Ya amarga wong-wonge sing padha duwe: watak brangasan,
lan tegelan. Nanging saiki seje, sebutan Weru Kepruk wis ora tau kocap maneh,
sebab wong-wongane racak padha sengsem menyang kautaman. CUTHEL
Ana maneh kedadeyan nyleneh tur nya lawadi, sing dialami
Tukijan lan Tukiyo. Nomnoman loro kakang adhi kuwi anake randha sing jeneng
Mbok Kerto. Wiwit cilik
Tukijan lan Tu kiyo wis ditinggal seda bapake. Esuk mau latar ngarep omahe Mbok
Kerto disaba asu ireng cacah loro. Tukijan lan Tukiyo uga weruh anane asu-asu
mau. Mbok Kerto akon anak-anake supaya nggu sah asu ireng mau. Na nging Tukijan
lan Tukiyo ora gelem mangkat, awit wedi kedadeyan kaya sing dialami Lik
Pawirodono, sawise mbabit asu ireng terus lara lan dadi patine. Weruh anake
dikongkon nggusah asu ora mangkat, kepeksa MBok Kerto tu mandang dhewe. Asu-asu
kuwi dioprak-oprak ngang go sapu gerang, lan asuasu mau padha lunga klun
trung-kluntrung ninggal ake latare Mbok Kerto, embuh menyang endi pa rane.
Nanging sorene sa wise lelakon kuwi Mbok Kerto lara panas, nganti bengi panase
ora suda malah sansaya banget, malah wis wiwit ndleming ngomyang werna-werna,
sing ora genah ukarane. Tukijan lan Tukiyo nunggoni Mbokne sing lara panas karo
ati was-was, kaya wis bisa mesthekake yen mbokne sesuk utawa mengko bangun mes
thi tilar donya kaya wong-wong liyane. Ngan ti tengah wengi Tukijan lan Tukiyo
ora bisa turu, awit nunggoni Mbokne kanthi ati ketirketir lan sedhih
banget.
Nom-noman kakang adhi kuwi diajak
mlebu menyang omah gedhong kuwi. Ing njero katon pagelaran jembar gilar-gilar,
kahanane padhang njingglang sanadyan tanpa nganggo disuleti diyan. Ing kono
akeh, wong sing nganggo sandhangan cara Pra jurit Kraton, tur nyekeli tumbak
kabeh. Ana salah sijine wong sing nganggo sandhangan luwih gumebyar tinimbang
liyane, mbok manawa kuwi sing dadi penggedhene. Sa ngarepe penggedhe ana
gelaran, ing kono akeh wong sing padha diadhepake menyang penggedhe mau.
Tukijan lan Tukiyo diadhep ake uga,lan diworake karo wong-wong akeh sing padha
lungguh ngisor ana gelaran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar