Translate

Kamis, 21 Maret 2024

Kudus-Jepara-Trengguli Mandheg Jegrek

 

Lalu lintas dalan Kudus-Mayong-Gotri nganti tekan Demak macet parah. Kendharaan arupa truk gedhe lan tronton kejebak macet nganti pirang-pirang jam ing dalan. Kedayeyan macet iki amarga anane banjir bandang ing Jalan Nasional Jepara-Mijen-Trengguli wiwit Senin (18/3) nganti wingi bengi (20/3).

Kemacetan iki diwiwiti awit pengalihan arus Kudus-Jepara-Demak, amarga tanggul jebol ing Demak dina Ahad (17/3) apamaneh Jalan Nasional Mijen-Demak-Jepara katerak banjir. Macete wis katon wiwit saka dalan gedhe Purwogondho tumuju marang Gotri saka jam 15.00 WIB, Selasa (19/3) nganti Rebo bengi.

Kendharaan sing akeh-akehe truk gedhe kuwi mandheg jegreg  rong jalur sempet kebak nalika sore ing wayah mulih kerja. Mlebu maghrib, kendharaan wis bila mlaku senajan isih nggremet. Akeh para sopir truk sing luwih milih ngaso ana warung ing kana sinambi ngenteni macet. Macet iki uga njalar nganti dalan alternatif liyane.

Macet iki uga kedadeyan ing dalan alternatif Ketilengsingolelo, Kecamatan Welahan lan dalan arah marang Kudus. Saka pengamatan lapangan, kahanan mace tiki uga kedadeyan ing prapatan Kencing utawa Lingkar Selatan, Kudus. Ing kana truk padha mandheg jegreg ora obah babar blas. Dene, lalu lintas saka arah Jepara marang Kudus mlaku kanthi lancar. Pit Motor lan Mobil bisa mlaku tanpa alangan.

KBO Satlantas Polres Kudus, Iptu Noor Alifi njlentrehake yen arus lalu lintas ing tapel wates Kudus-Jepara nganti dina Rebo (20/3) awan isih ngalami macet.

”Iki imbas saka macet ing dhaerah Mijen Demak tumuju welahan. Semana uga ing wewengkon Robayan (Jepara) amarga anane kendharaan sing trouble,” ujare.

Kapethik saka Kalawarti Jawa Pos, Kemis 21 Maret 2024

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...