Dhugdheran asalae saka tembung dhugdher, yakuwi nggathukake saka swarane bedhug kang dhugdhug kuwi kari swarane meriyem dherrr…dherrr. Kegiyatan dhugdheran dumadi saka pasar rakyat kang wis digelar seminggu sadurunge ana karnaval dhugdheran. Dene ing karnaval iku dhewe dieloni dening pasukan merah-putih, drumband, pasukan adat “Bhineka Tunggal Ika”, pasukan meriyem, pasukan warak ngendhog, lan maneka kesenian liyane.
Ciri khas tradhisi dhugderan pancen anane warak ngendhog. Yakuwi kewan reka-reka kang endhase kaya naga, gulu lan awake kaya buroq, dene sikile kaya sikil wedhus. Lan senajan anane mung ing dongeng, warang ngendhog duweni teges kang jero kanggone wong sing arep nindakake pasa romadhon. Kewan kanthi cangkem manga plan ilate metu iki nggambarake hawa nafsu kang kudu ditahan, utamane sasuwene wulan pasa. Mula kuwi warak ngendhog sikile dirante. Dene endhoge mujudake symbol pahala kanggone wong kang wis kasil nahan hawa nafsune sewulan mau.
Gegambaran warak ngendhog
digawe saka kertas wena-werni, ora lali ditambahi endhog ing bageya ngisor
sisih mburi awake. Warak iki sabanjure diarak keliling nalika karnaval
dhugdheran kang dideleng ewonan warga mau.
Tradhisi dhugdheran wia
ana sajege taun 1881, yakuwi ing nalikane masa pamerentahane Bupati Semarang
Purbaningrat. Tradhisi iki sakawit kanggo madhakake wiwite wulan pasa romadhon kang
kerep beda. Mula minangka tandahne, Kanjeng Bupati RMTA Purbaningrat banjur
nggelar acara nabuh bedhug ing Masjid Agung lan nyumet meriyem ing halaman
kabupaten.
Tradhisi dhugderan kang
umure wis atusan taun iki isih tetep dilesetarekake nagnti saiki. Saliyane
minangka ajang nglesatrekake kabudayan tradhisional, karnaval taunan iki uga
bias dadi sarana kanggo promosi pariwisatane kutha Semarang.
Panjebar Semangat No.19, 11 Mei 2019
Tidak ada komentar:
Posting Komentar