Translate

Rabu, 20 Maret 2024

TRADHISI UMBUL DONGA LARUNG SUKERTO ING TPI BANYUTOWO PATI

 



Salah sawijinging tradhisi ing Desa Banyutowo, Kecamatan Dukuhseti, Kabupaten Pati, Jawa Tengah sing wektu iki isih diuri-uri kalestariane yaiku umbul donga larung sukerta sing dileksanakake para kadang nelayan mapan ana TPI Banyutowo, dianakake dina setu kapungkur.

Kanggo ngrenggengake acara umbul donga digelar maneka warna kesenian kayata tari gambyong, tayub, campursari, ketoprak lan sapunggalane. Diwiwiti udakara jam 2 awan mapan ing TPI Banyutowo kanthi padha dedonga kang dipandhegani K.H. Abdullah Umar Fayumi (Gus Umar) diampingi Kepala Dinas Pariwisata Sigit Hartoko, Ketua Panitia Ipong Ismunarto, Camat, Kades saha Perangkat Desa.

Bubar padha dedonga banjur sesaji sing arupa sepasang bebek (menthok) urip kanthi kiringi swara gamelan kendhang pencak lan tayub, kabeh sesaji kasebut diarak tumuju segara.

Sawise tekan pinggire segara sesaji sateruse diunggahake ana ing perahu sing wis dicepakake, kapal gedhe siji uga ana kapal cilik papat mlaku tumuju tengahe segare. Nalika wis tekan tengahe segara banjur sepasang kembang mayang lan sepasang bebek urip dilarung dicemplungake. Sawise rombongan wis padha bali saka segara diterusake adicara tradhisi kembulan utawa mangan bebarengan.

Miturut katrangan ketua panitia Ipong Ismunanto mratelakake, anane dileksanakake umbul donga larung sukerto iki minangka wujud kepedulian tumprap kahanan bangsa sing sansaya adoh saka solidaritas, kajaba kuwi upacara ritual kang wis ditindhakake turun temurun iki, minangka salah sijine cara warga Pati sing penggaweyane saperangan nelayan minangka muji syukur lan nyuwun keslametan.” Ngaturake rasa panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, bisa entuk asil iwak akeh, selamet sarta diadohake saka sengkala.”  Kandhane Ipong

Ipong nambahake, larung sukerto sing ditindhakake iki, duweni ciri khas yaiku kudu diiringi kanthi tari tayub minangka tarian sing dipercaya kanggo nulak bencana. Sing wigati larung sukerto uga dadi symbol kanggo buwak sengkala.”Acara iki diajab ora mung tekan kene wae, mula momen sing kita leksanakake kasebut dadi rerangken sing bisa dadi ngraketake lan kerukukan kabeh demi masa depan sarta anak putu kita.” Pangajabe

 

(Kapethik Saka Panjebar Semangat No.17-27 April 2019)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...