Translate

Rabu, 20 Maret 2024

Haul Waliyullah Syekh Ahmad Mutamakkin

 


Mbah Ahmad Mutamakkin minangka salah sawijining tokoh sing nyiarake agama Islam ing wilayang pesisir lor Jawa mligine Pati lan sakupenge kanthi punjering ing Dhusun Kajen, Kecamatan Margoyoso.

Miturut Surat Edaran Pengumuman Nomor “04/1/P-Haul/YMAM/VI/2023 saka Panitia Haul Mbah Ahmad Mutamakkin, Adicara iki kalaksanan ing Makam Mbah Ahmad Mutamakkin, Kajen sasuwene 5 dina awit tanggal 6-10 Muharram 1445H/24-28 Juli 2023 M.

Rantaman adicara pengetan Haul Mbah Ahmad Mutamakkin yaiku, adicara sepisanan pembukaan Mudarosah Al-Qur’an Bil Ghaib, sing bakal kalaksanan ing dina senen legi, 24 Juli 2023 jam 8 bengi. Sing kapindho, Walimah Takhtimul Qur’an Bil Ghaib dilaksanakake ing dina selasa pahing 25 Juli jam 1 awan. Adicara katelune yaiku Burdah kang bakal kalaksanan ing dina selasa paing 25 juli 2023 jam 8 bengi. Kapapat, Tahlil Muqaddimah bakal kalaksanan ing dina rebo pon 26 Juli 2023 jam 8 bengi. Kaping lima, acara mbukak slambu lan lelang sing bakal kalaksanan ing dina kemis wage, 27 Juli 2023 jam 8 esuk. Kaping enem Takhtimul Qur’an Binnadhor, Tahlil Haul lan Pengajian Umum, sing bakal kalaksanan ing dina kemis wage, 27 Juli 2023 jam 7 bengi. Kapitune Manaqib panutub, bakal kalaksanan ing dina jumat kliwon tanggal 28 Juli 2023 jam 7 bengi.

Mangkono jadwal Haul Mbah Ahmad Mutamakkin, Kajen, Pati, Jawa Tengah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...