Translate

Minggu, 31 Maret 2024

Ecoprint Kreasine Fajarina

Bathik, sapa uwonge sing during wanuh. Saiki manganggo bathik wis padha karo padinane warga Nuswantara. Kajaba wis dikukuhake dadi warisan budaya, bathik pancen tansaya akeh lan gampang tinemu. Bathik tulis sing aji nemen, lawasan uga kombinasi. Apamaneh bathik cap kang regane luwih endhek lan gunggunge uga luwih akeh, bisa dadi seragam.

Sawise tansaya akeh sing wiwit numangkarake bathik, saiki jumedhul teknik anaye maneh. Arane ecoprint. Carane nggawe saemper mbathik, ananging minangka corake migunakake bahan alami. Lumrahe mono gegodhongan lan pang-pang cilik.

Kaya kang dadi ubede Fajarina Eka Endarti. Dheweke wis pirang taun iki nggawe maneka kreasi ecoprint. Ajar dhewe saka nonton Youtube, sabanjure kabeh uga digarap dhewe. Klebu nyiapake bahan-bahane, nganti masarake asile.

Yen nyawang pekarangan omahe Rina, celukane, ing tlatah Grobogan, Jawa Tengah. Meh saemper karo alas cilik. Awit sakehing tetanduran kang ana ing kana. Ya kenikir, mangsi, nganti eucalyptus lan jati. Uga ana kang arane uwit lanang. Kabeh iku dijupuk godhonge minangka bahan nggawe ecoprint.

Nggawe ecoprint carane kain digelar, banjur kekembangan lan gegodhongan ditata sumebar ing ndhuwure. Diimbuhi pang-pang cilik amrih katon luwih regeng. Sabanjure digulung lan digodhog kanthi diimbuhi bahan kanggo ngasilake werna kain. Dudu weton pabrik, ananging uga saka bahan alami. Oyod-oyodan, kulit kayu, utawa sarining tandhuran tinamtu.

Awit bahan lan carane nggawe iku, ecoprint dikandhakake minangka kreasi kain kang “ramah lingkungan”. Bahan-bahan turahane klebu alami, yen ta dibuwang ya gampang ajure. Semono uga banyu tilase godhongan kain. Ora ngandhut bahan kimia pabrikan kang bisa ngrusak lemah lan sakupenge.

Barang kreasine Rina ana kain lembaran, pashmina, slayer, mukena, uga sajadah. Saka kain lembaran iku ana kang banjur digawe sarung bantal lan guling. Uga ana kang dadi tas cangklong.

Adate Rina migunakake kain katun lan sutra. Ana sing ambane rong meteran, ana kang semester punjul sithik. Iku mengkone magepokan karo asile akhir arep digawa.

Fajarina masarake asil kreasine liwat pameran, uga srana promosi online. Kajaba saka iku, dheweke majang asil karya-karyane ing ruwang ngarep omahe. Sapa wae sing kepengin milih bisa milang-miling lan ndemok bahane langsung. Uga nylarasake karo isine dhompet.

Regane pira ta? Iku mono gumantung wujude. Paling murah, slayer, regane wiwit suwidak ewu. Dene tas cangklong Rp 125 ewu nganti sarus seket ewu. Pashmina lan jilbab regane Rp 125.000-Rp 200.000, dene mukena wiwit rega RP 250.000 nganti Rp 400.000

Ecoprint gaweyane Fajar uga wis ana pandhemene. Umume weruh lan tuku sepisan  nalika ana pameran, banjur kepranan. Sidane banjur pesen maneh. Ora mung warga ngenggon wae. Ananging uga ana saka Purworejo, Kebumen, Jakarta lan Sidoarjo, malah Fajar uga nduwe pelanggan sing dumunung ing Kalimantan. Marang saben sing tuku, Fajar tansah weling, amrih kain ecoprint ora dikumbah nganggo mesin. Nganggo tangan wae lan sabune uga ana kang kuwat nemen. “Aja nganggo pemutih,” kandhane. Sawise iku anggone mepe aja ing panasan. Papan kang rada eyup wis cukup, sauger keterak angin rak ya garing. Lan sabanjure, yen butuh disetrika, aja panas keladuk. Ancase or aliya amrih bathik ecoprint luwih awet. Yen corake, wernane uga kekuwatane.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 37, 16 September 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...