Translate

Sabtu, 30 Maret 2024

Kirab Haul Sunan Prawoto, Dadi Daya Tarik Wisata Budaya Pati

Sunan Prawoto utawa Raden Bagus Hadi Mukmin kuwi Raja kapapat Kesultanan Demak sing mrentah wiwit taun 1546 nganti 1549. Sunan Prawoto minangka panerus saka Sultan Trenggono. Piyambake kawentar luwih seneng urip dadi ulama tinimbang urip dadi Ratu. Haul Sunan Prawoto dipengeti saben tanggal 117 Rajab. Rombongan Kirab diwiwiti saka Bale Dhusun nganti tekan makam Sunan Prawoto, udakara 2 Km.

Arak-arakan kirab awujud Grup Marching Band, peragaan busana karnaval, barongan nganti ogoh-ogoh uga ana. Atusan siswa wiwit TK, SD nganti SMP padha melu baris ing sajroning rombongan kirab. Arak-arakan kirab iki dibudhalake dening Kepala Dinas Kepemudaan, Olahraga lan Pariwisata (Dinporapor) Kabupaten Pati, Rekso Suhartono.

Rekso ngajab, acara iki bisa dadi acara rutin supaya mbesuke bisa dadi daya Tarik wisata budaya kayadene tradhisi meron ing dusun Sukolilo.

“Apamaneh ing kene uga akeh papan wisata. Contone sendhang lan makam.” Kandhane.

Petinggi Dusun Prawoto, Ahmad Hyro Fachrus njlenrehake yen kirab iki dirawuhi wakil saka Kraton Surakarta, para sesepuh makam Auliya lan saka dinas paprentahan.

“Ing pangajab, kirab sing wis dadi tradhisi ing dhusun iki tetep bisa dilestarekake. Kajaba iku uga bisa nuwuhake perekonomian para warga dhusun,” pangajabe.

Wakil ketua I DPRD Pati, Joni Kurnianto sing melu nyekseni kirab uga duwe pangajab supaya tradhisi iki tansah lestari.

”Dukungan saka DPRD ing adicara kabudayan kaya ngene iki gedhe banget. Tradhisi lan budaya iki wigati banget. Ing pangajab, muga muga bisa tetep Lestari,” kandhane.

Anggota D DPRD Provinsi Jawa Tengah, Kartina Sukawati duwe panemu yen adicara budaya kaya ngene iki isa dadi “titik balik” kanggo pariwisata Indonesia sing nembe uwal saka pandemi Covid-19. Saliyane kuwi, anane adicara Kirab Haul bisa dadi piwulang kanggo para generasi enom nguri-uri lan ngurmati tokoh-tokoh leluhur, mligine Sunan Prawoto.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...