Krungu
tembung wayang, biyasane ana gegayutane karo wayang kulit. Lumrahe pancen
mengkono, wayang kulit digawe saka kulit. Mligine wayang kulit kebo. Sabanjure,
wayang kulit sing dimainke dening para dhalang ana ing kelir.
Nanging,
laras karo kahanan, owah gingsire jaman, saiki ana wayang uwuh. Ngapa kok
diarani ngono? Kepiye bentuke? Banjur sapa sing nggawe lan kepriye critane?
Pancen
katon nyleneh, wayang uwuh. Wayang iki gaweyane Iskandar Hardjodimukjo, S.E
saka Ngayogyakarta. Diarani wayang uwuh amarga wayang iki diagwe saka uwuh,
sampah. Sanajan saka uwuh,
wayang iki bias katon endah. Kepara bias ditampilake ana ing kelir.
Miturut
Iskandar, wayang uwuh iki digawe saka botol-botol plastic tilas wedang mineral,
utawa botol bekas. “Aku mung saderma nguri-uri budaya. Kejaba kuwi, uga
ngelongi uwuh sing wujude plastic,” ujare karo nambahake yen wayang uwuh
karyane uga dikoleksi ing mancanegara.
Gawe
wayang uwuh wis disenengi dening Iskandar wiwit esih enom. Apa maneh, nalika kuliah uga melu pecinta alam. Kena
kanggo landhesan nekuni gawe wayang uwuh. Seni, kalebu wayang, kanggone sarjana
akutansi lulusan STIE YKPN Yogyakarta iki, ora mung ditonton, didelok,
dirungokake utawa dinikmati wae.
Sing diayahi Iskandar, uga sarana supaya warga masyarakat
bias ngurangi uwuh. Uwuh kuwi uga ana gunane . cara ngene popular
katelah “daur ulang”. Saliyane kuwi, tumindak kang apik, menehi conto supaya
seneng karo kabudayane dhewe. Luwih-luwih seneng karo wayang, kabudayan
tinggalane leluhur.
Gawe
wayang saka botol iki, uga ditularake dening Iskandar marang bocah-bocah. Dadi
ora perlu ragad larang-larang. Uwuh saka botol plastic kayake uga gampang
golekane. “Liwat wayang saka botol plastic iki, aku menehi pitutur marang
bocah-bocah supaya sekolah sing tumemen lan temen. Tumindak besik marang
sapadha-padha,” pratelane.
Kanthi
cara iku, ngajari para warga tumindak kreatif. Iskandar, bapak sing kagungan
putra loro iki, nate diundang amrih mulang, menehi workshop gawe wayang uwuh
ing mancanegara. Kayata ing Philipina, Thailand, Bangkok, lan India. Dadi lewat
workshop wayang uwuh, melu ngenalake budaya bangsa ing mancanegara.
Taun 2018 kepungkur, wulan Mei, ing adicara ’70 Taun
Persahabatan Indonesia-India’ karyane dipamerake ana Monas, Jakarta. Entuk
kawigaten lan dipirsani langsung dening
Presiden Joko “Jokowi” Widodo lan Perdana Menteri India narendra modi. Karyane,
gambar wayang sing digambar ana ing layangan.
Wayang
sing digambar temane Ramayane. Ana selawe layangan digawe dening Iskandar. Gawe
wayang ana layangan sing digawe Iskandar perlu wekti rong wulan. Mung wae,
ragangane layangan digawe dening Museum Layang-layang Jakarta. Wayang uwuh
yasane Iskandar nate dipentasake ing adicara “Aryo Pengalasan Masuk Istana”
ngepyakae buku “The President” sing ditulis dening budayawan Muhammad Sobari. Pentas iki mapan ana ing Taman Budaya Yogyakarta, entuk
kawigaten atusan penonton sing ngebaki gedhong.
Iskandar kelairan Sleman 3 Februari 1960. Seneng wayang
wiwit isih cilik. Wayang iku kebak tuntunan kanggo sangu urip. Ing wayang,
liwat tokoh-tokohe kena kanggo conto, tumindak ing bebrayan agung. “Aku terus
ngupaya, amrih wayang terus disenengi, tetep lestari. Ora mung ana Indonesia
wae nanging uga bias kawentar ing mancanegara,” pratelane Iskandar sing nate
juara I ana “Bali Kiten Festival” sing karyane diwenehi judhul “Kumbakarna”.
Panemune,
wong Indonesia dhewe isih akeh sing ora ngerti wayang. Dene ngenalake wayang
ing mancanegara, ing pangajab wong manca bias mangerteni karaktere Bangsa
Indonesia. Kajaba kuwi, filosofi ana ingw wayang wigati banget, mligine babagan
budi pekerti lan tuntunan liyane. Kajaba wayang uwuh, saiki Iskandar lagi
tumemen menehi workshop ing Jakarta, gawe wayang besek. Tuwuh rasa prihatin,
besek sing asli karyane para pengrajin saka Indonesia, terus kesingkir sing
jarene jaman modern iki. Besek diganbar maneka warna wayang. Cata iki,
nglestarekake besek lan kabudayan.
Sejatine,
Iskandar bisa urip kepenak, kena kanggo nyukupi cagak urip sabendinane. Syarate
urip ing mancanegara, kanthi ngolah uwuh utawa limbah, ditawani urip ing kana.
Tetep ora dilayani, amarga rasa nasionalisme, tetep milih ing Indonesia, urip
ing Ngayogyakarta sing ayem, tentrem.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar