Translate

Kamis, 21 Maret 2024

Angon Putu Masyarakat Jawa Mataraman

 

Upacara adat Angon Putu salah sawijining upacara  minangka wujud syukure wong Jawa marang Kang Murbeng Jagad krana wis pinaringan umur dawa lan putu akeh. Pasangan Jawa bakal nglasanakake upacara Angon Putu yen wis pinaringan putu 25 utawa 40, gumantung sing dipilih. Upacara iki klebu unik, lan narik kawigaten. Upacara angon putu biasanae dianakake ing wilayah kabudayan Jawa Mataraman, kaya ta ing eks Karesidenan Kediri. Upacara kawiwitan kanthi nglumpukake putrane, mantune, lan putune ing omahe kang nganakake upacara. Putra, putu lan mantu lungguh nglompok kanthi tertib ing papan kang wis ditemtokake. Sawise kabeh siap, wong kang kapatah minangka pranata adicara menehi ular-ular bab wigatine kulawarga tumpraping kang nganakake, lan mesisan ngenalake kulawargane amrih tansaya rumaket.




Sabanjure pranata adicara ngundang sepasang pengangon (kang nganakake upacara). Tamtu wae njedhule sepasang pangengon kasebut disambut kanthi bungahe ati. Kanthi kebak kurmat, pranata adicara menehi ular-ular bab lumakune urip sepasang pengangon kang kebak tantangan, perjuangan, kang bisa didadekake minangka patuladhan tumprape anak putu ing samudra panguripan.

Sapurnane acara ing omah, si pangangon kanthi dipandhu pranata adicara ngajak anak putu padha adus ing kali. Acara adus bareng iki ngusung pesen bab wigatine banyu ing panguripan manungsa. Saperangan awake manungsa dumadi saka banyu, lan manungsa ora bisa urip tanpa banyu. Saliyane bisa digunakake kanggo ngresiki awak saka maneka rereged, banyu uga dimanfaatke kanggo mbanyoni tanduran lan wit-witan lan uga kanggo ngombe kewan. Sasuwene kegiyatan ing kali, pranata adicara menehi ular-ular bab wigatine banyu tumprapee panguripan manungsa.

Sapungkure upacara adus bareng ing kali, si pengangon liwat pranatacara ngajak para peserta upacara bali menyang omah. Kanthi pambiyantu saperangan anak-putu, sepasang pengangon banjur nyepakake piranti slametan, sawetara liyane lungguh kanthi tertib. Sabanjure, pranata adicara menehi pengantar bab upacara kang bakal dilaksanakake bacute, sinambi ngedum rontek (gendera kertas) marang putu-putune.

Sabanjure, kanthi diwiwiti sepasang pengangon minangka cucuk lampah, para putu diajak mlaku tumuju pasar tradhisional kanggo nglesanakake upacara bacute, kanthi ditutake dening wong tuwane dhewe-dhewe. Putra lan putrine pangangon karo bojone. Putra lan putrine pangangon karo bojone. Adate mainake rebana minangka musik pengiring, sinambi ngatur barisane bocah-bocah. Eyang kakung nggawa pecut, lan sepisan-sepisan dipecutake, saengga ngetokake swara kaya kang ditindakake dening wong angon kewan. Eyang putri nggendhong senik kang njerone ana kanthonge isi dhuwit.

Satekane ing pasar kang dituju, sepasang pengangon nyuwun idi marang mantri pasar kanggo ngleksanakake upacara angon putu ing njero pasar. Kaloro sosok lansia kasebut ndelehake cok bakal lan tumpeng. Dene para putune supaya milih maneka panganan kang disenengi. Eyang putri mbayar kabeh jinising panganan sing dipilih putune. Sawise kegiyatan ing pasar mungkur sepasang pengangon minangka cucuk lampah ngajak para putune nglumpuk lan baris bali. Satekane ana ing omah lan ngaso sawetara, pranata adicara ngajak para peserta upacara padha ngucapakake syukur krana wis pinaringan kenikmatan dening Gusti Allah.

Panjebar Semangat No. 48, 1 Desember 2018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...