Translate

Sabtu, 30 Maret 2024

Cut Nyak Dhien

 

Cut Nyak Dhien (Lampadang, 1848 – 6 November 1908, Sumedang, Jawa Kulon; dimakamké ing Gunung Puyuh, Sumedang), iku Pahlawan Nasional Indonésia saka Acèh kang berjuang nglawan Walanda ing mangsa Perang Acèh. Sawisé wewengkon VI Mukim diserang, panjenengané ngungsi, sauntara garwané, Ibrahim Lamnga mèlu perang nglawan Walanda. Ibrahim Lamnga tèwas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang njalari Cut Nyak Dhien murka lan sumpah bakal numpes Walanda.

Teuku Umar, salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak Dhien. Wiwitané Cut Nyak Dhien nulak, nanging amarga Teuku Umar ngidinaké mèlu perang, Cut Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang njalari moral wadyabala perlawanan Acèh tansaya mundhak. Tembé mburi Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien patutan kang asmané Cut Gambang. Sawisé nikah karo Teuku Umar, panjenengané bebarengan karo Teuku Umar nerusaké paperangan nglawan Walanda, nanging, Teuku Umar palastra wektu nyerang Meulaboh ing tanggal 11 Fèbruari 1899, saéngga panjenengané berjuang dhéwé ing pedalaman Meulaboh karo pasukané. Cut Nyak Dien wektu semana wis tuwa lan duwé lelara encok lan rabun, saéngga siji anakbuahé aran Pang Laot nglaporaké awit krasa mesakaké. Wusanané Cut Nyak Dhien dicekel lan digawa menyang Banda Acèh, kangggo dirawat lan penyakité wiwit mari, nanging, panjenengané banjur nambah semangat perlawanan rakyat Acèh sarta isih kekanthèn karo para pejuang Acèh kang durung kecekel, saéngga Cut Nyak Dhien banjur dipindah menyang Sumedang, Jawa Kulon, lan sabanjuré séda ing tanggal 6 November 1908 lan disarèkaké ing Gunung Puyuh, Sumedang.

kapethik saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Cut_Nyak_Dhien


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...