Translate

Minggu, 31 Maret 2024

Sepedha Kuna : isih dadi Klangenan

Yen ana sepedhahe simbah kang sumimpen ana gudhang ora kerumat, coba panjenengan tiliki. Aja-aja sepedhah kuwi yen ditawakake marang kolektor regane bisa larang. Apamaneh yen mereke kalebu kang misuwur saka taun prodhuksi sadurunge jaman kamardikan. Bisa dibarter karo sepedha motor utawa mobil.

Sepedhah kuna gaweyan Eropa merek kondhang kaya Gazelle, Raleigh, Fongers, Simplex, Humber, utawa Valuas kalebu sepedha kuna kang diburu dening kolektor. Tansaya tuwa umure, tansaya larang regane. Tansaya apik kahanan fisike lan tansaya lengkap ubarampene, tansaya larang regane.

Pamore sepedhah kuna ing negara kita tansaya moncer amargi saiki akeh komunitas pandhemen sepedhah kuna. Komunitas iki ajeg gawe pertemuan kanggo silaturahmi lan tular informasi bab sepedhah ing antarane para anggotane. Ing pertemuan kuwi uga ana dol tinuku sepedhah utawa spare part. Ya iki gawe sepedhah kuna tansah urip nadyan pabrike wis ora produksi maneh utawa tutup.

Bursa sepedhah kuna uga ngangkat rega. Sepedhah kuna kanthi merek biasa regane watara 1,5 -6 yuta, gumantung marang kahanane lan mereke. Nanging yen merek kondhang regane wis ora winates. Kaya sepedhah merek Golden Sun Beam gaweyan Inggris taun 1914 duweke Mardi (56), warga Desa Mlirip, Kecamatan Jetis, Kabupaten Mojokerto. Sepedhah kuwi dituku taun 2012 kanthi rega 45 yuta rupiyah. Rega samono yen ditukokake pit montor wis entuk apik 250cc.

Mbeburu sepedhah kuna ora kudu golek menyang luar negeri. Indonesia sejatine gudhange sepedhah kuna, utamane gaweyan Eropa. Sepedhah-sepedhah kuna lumebu menyang Indonesia Amarga ditekakake karo wong Walanda dhek jaman penjajahan. Akeh-akehe gaweyan awal taun 1900-an nganti tumekane jaman revolusi. Sepedhah kuwi ditekakake kanggo alat transportasi ing Perkebunan, perkantoran firma dhuweke wong Walanda, utawa patroli polisi.

            Kepriye mangerteni yen sepedhah kuwi pengaji banget? kang utama kudu diteliti rangkane apa isih asli. Yen rangkane asli, mesthi ana nomor registere. Saka nomor register iki bisa dikawruhi taun produksi lan tipe utawa modhele. Nomor rangka umume diukir langsung ing wesine rangka utawa ditempel kanthi lembaran pelat.

Spare part uga malu nemtokake endhek dhuwure regane sepedhah kuwi. Kaya setir kang isih aseli, sadhel, rante, velg lan piranti liyane kaya lampu lan bel. Ora kaya barang elektronik kang tansaya tuwa regane saya mudhun, sepedhah kuna regane tansaya larang yen umure tuwa. Apamaneh yen tipe utawa modhele kalebu langka.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 21, 26 Mei 2018 kanthi ewah-ewahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...