Untung Suropati (lair ing Bali, 1660 –
tilar donya ing Bangil, Jawa Wétan, 5 Dhésèmber 1706 kanthi yuswa 45/46 taun) ya
iku pahlawan nasional Indonésia ing Pulo Jawa. Panjenengané diresmèkaké dadi
pahlawan nasional Indonésia adhedasar S.K. Presiden No. 106/TK/1975 tanggal 3
November 1975.
Untung Suropati, jeneng asliné ora dingertèni. Miturut Babad Tanah Jawi, asalé dhèwèké saka Bali sing tinemu déning Kapten van Beber, perwira VOC sing ditugasaké ing Makasar. Kaptèn van Beber banjur ngedol karo perwira VOC liya ing Batavia kang asma Moor. Awit duwé batur tukon anyar, pasugihané Moor saya akèh. Bocah cilik iku dianggep duwé kauntungan banjur dijenengi si Untung. Nalika umur 20 taun, dhèwèké dilebokaké kunjara déning Moor amarga wani nikahi anaké kang asma Suzane. Dhèwèké nanging bisa mlayu saka kunjara karo kanca-kancané lan dadi buronan.
Taun 1683 Sultan Ageng Tirtayasa ratu
Banten dikalahaké déning VOC. Putrané kang aran Pangeran Purbaya minggat ing
Gunung Gedhé. Dhèwèké nyerah nanging kudu dipethuk déning perwira VOC pribumi.
Kaptèn Ruys (pamimpin bètèng Tanjungpura)
kasil nemu Untung lan kanca-kancané. Dhèwèké ditawani makarya dadi wadya VOC
tinimbang dadi buronan. Untung banjur mèlu latihan ketentaraan, diwènèhi
pangkat letnan, lan ditugasi methuk Pangeran Purbaya.
Untung nemoni Pangeran Purbaya amarga arep
digawa menyang Tanjungpura. Uga teka prajurit Vaandrig Kuffeler sing ora
ngajeni marang Pangeran Purbaya. Untung ora trima banjur ngrusak prajurit
Kuffeler ing kali Cikalong, 28 Januari 1684.
Pangeran Purbaya tetep nyerah ing
Tanjungpura, nanging sisihané kang asma Gusik Kusuma njaluk supaya Untung
ngeteraké dhèweké bali menyang Kartasura. Untung banjur dadi buronan VOC manèh.
Dhèwèké uga wis tau ngalahaké prajurit Jacob Couper sing tau ngoyak dhèweké ing
désa Rajapalah.
Nalika ngliwati
Cirebon, Untung gelut karo Radèn Surapati anak angkat sultan. Sawisé diadhili,
kabukti yèn sing salah Suropati. Suropati banjur diukum mati. Awit
kadadéan iku jeneng Surapati diwenehaké Untung déning Sultan Cirebon.
Untung alias Suropati teka ing Kartasura ngaterake Radèn
Ayu Gusik Kusuma marang bapaké, ya iku Patih Nerangkusuma. Nerangkusuma iku
tokoh anti VOC sing sregep ngandhani Amangkurat II supaya mungkiri prajanjèn
karo bangsa Walanda. Narangkusuma uga nikahake Gusik lan Suropati.
Kapten François Tack
(perwira VOC senior sing mèlu ing penumpasan Trunajaya lan Sultan Ageng Tirtayasa) teka ing Kartasura wulan Fèbruari 1686, dhèwèké nangkep
Suropati. Amangkurat II sing wis dikandhani Nerangkusuma,
ethok-ethok ngrewangi VOC.
Paperangan banjur kadadéan ing ngarep
karaton. Pasukan VOC kalah. 75 wong Walanda tiwas, Kapten Tack uga tiwas ing
tangané Untung Suropati. Wadya Walanda sing isih urip padha minggat.
Amangkurat II yèn polahe dhèwèké, ngapusi
VOC kebongkar. Mula dhèwèké
ngrestoni Suropati lan Nerangkusuma ngrebut Pasuruan. Ing kana, Sunggajaya,
sing banjur minggat menyang Surabaya. Bupati Surabaya sing aran Adipati
Jangrana ora mbales ulahé Suropati amarga dhèwèké wis tepung karo Suropati ing Kartasura.
Untung Suropati banjur diangkat dadi bupati Pasuruan kang
olèh gelar Tumenggung Wiranagara.
Taun 1690 Amangkurat II èthok-èthok ngirim prajurit
kanggo ngrebut Pasuruan. Nanging gagal amarga kabèh mau mung
ethok-ethok kanggo ngapusi VOC.
Sakpaninggale
Amangkurat II taun 1703, ana kadadéan rebutan takhta Kartasura antarané
Amangkurat III karo Pangeran Puger. Taun 1704 Pangeran Puger kanthi pitulungan
saka VOC dhèwèké diangkat dadi Pakubuwana I. Taun 1705 Amangkurat III diusir saka
Kartasura banjur mlayu ing Pasuruan.
September 1706 gabungan prajurit VOC,
Kartasura, Madura, lan Surabaya dipanggedhèni Mayor Goovert Knole nyerang
Pasuruan. Paperangan ing bètèng Bangil akhire niwasaké Untung Suropati alias
Wiranagara tanggal 17 Oktober 1706. Dhèwèké pesen supaya sedane dirahasiakake.
Pasarean Suropati digawé rata karo lemah. Perjuangane banjur diterusaké
anak-anaké.
18 Juni 1707 Herman de Wilde mimpin
èkspèdhisi mburu Amangkurat III. Dhèwèké nemu pasareane Suropati lan banjur
dibongkar, jinazahe diobong lan awune dibuwang ing segara.
Kapethik saka https://jv.wikipedia.org/wiki/Untung_Surapati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar