Translate

Sabtu, 30 Maret 2024

Mimpin Upacara Ambalwarsa Pati, Pj Bupati Pati Ngajak Masyarakat Nyengkuyung Adicara PORPROV XVII

 




Upacara ambal warsa pengetan Hari Jadi Kabupaten Pati, dugelar ing alun-alun simpang 5 Pati, senin 7 Agustus 2023. Upacara kasebut di pandhegani langsung dening Pj Bupati Pati lan dirawuhi jajaran Forkopimda, Sekda Pati, Kepala OPD sarta para jajarane, ASN Pemkab Pati, Camat se-kabupaten Pati lan peserta upacara saka maneka warna elemen masyarakat.

Nalika maringi pidhato upacara, Pj Bupati Henggar Budi Anggoro njlentrehake ing yuswa kaping 700 tahun, Pemkab Pati bakal ngupaya ningkatake kesejahteraan masyarakat liwat optimalisasi sumber daya sing di duweni Kabupaten Pati. Pj Bupati uga njlentrehake manekwa warna usada sing wis dilakoni dening Pemkab Pati kanggo majukake Kabupaten Pati.

Adicara ambal warsa Kabupaten Pati ing taun iki disemarakake kanthi maneka warna hiburan sing dipunjerake ing alun-alun simpang 5 Pati lan festival Kirab Budaya ing dina senen bengi. Semarake adicara iki ora mung sewates seremonial nanging uga bisa narik antusiasme Masyarakat.

Ana rasa mongkok amarga Pengetan Ambalwarsa Kabupaten Pati iki amarga Kabupaten Pati kasil nggelar Opening Ceremony ing acara Olahraga yaiku PORPROV XIV 2023.

“Aku ngajak masyarakat sekabehane menehi pandonga lan dukungan supaya acara PORPROV iki bisa kalaksanan kanthi sukses lan atlit-atlit saka Kabupaten Pati bisa nggayuh prestasi, saengga ing tembe Kabupaten Pati bisa luwih kawentar maneh.” Pangajake Henggar.

Ing pungkasan, Henggar ngaturake ucapan Ambalwarsa Kabupaten Pati, “Aku ngucapke Dirgahayu Kabupaten Pati kaping 700. Muga-muga Kabupaten Pati Makmur lan Pati bisa sejahtera,” pungkasane.

Sabubare upacara, PJ Bupati sarta jajaran Forkopimda lan para ASN Pemkab Pati mlaku tumuju ing makam bupati pati, Adpati Tombronegoro sing ana ing kelurahan Pati Lor, Kecamatan Pati saprelu ziarah.


Kapethik saka https://www.patikab.go.id/v2/id/2023/08/08/pimpin-upacara-hari-jadi-pj-bupati-pati-ajak-masya/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...