Tradhisi
sedhekah bumi kang dianakake ing Desa Tunjung Rejo Kecamatan Margoyoso
Kabupaten Pati Jawa Tengah. Rada beda lan unik, duweni ciri khas sing ora
tinemu ing dhaerah liya. Sanajan
dilaksanakake saben taun sepisan isih tetep narik kawigaten para warga.
Acara sedekah buwi kuwi dipunjerake ing pundhen Mbah
Soreng, dening warga masyarakat dianggap sakral sing ana gandeng cenenge karo
cikal bakal desa kasebut. Lan kabeh warga padha ngumpul ana pundhen nggawa
umbarampe sajen diselehake ngarep pundhen, kajaba iku sangarepe punden uga
disiapake pagelaran wayang klithik lan adat Jolen sing kudu dileksanakake ora
kena ditinggalake.
Dene lumakune upacara sedhekah bumi katon isih sacral
udakara jam 09.00 esuk wis disiapke umbarampe yaiku Jolen kang wujude gunungan
sing digawe saka bahan pring utawa rerangken kayu, kaya omah-omahan ditempeli
maneka warna kertas sing njerone isine arupa sega salawuhe, who-wohan lan
panganan. Diarak wiwit saka Bale Desa saperangkate lan uga warga masyarakat ora
keri melu ngetutake padha ngewangi mikul Jolen.
Sabanjure Jolen kang diarak nalika tekan ngarep pundhen
kasil narik kawigaten warga wis padha ngebaki papan kasebut, klebu pengunjung
saka njaban dhaerah, mula sadurunge Jolen diselehake wis dadi royokan, dadi
rebutan ora nganti 15 menit Jolen utawa gunungan sing saka kepala desa arupa
pari lan liyane saka 17 RT kuwi entek resik, ujare wong-wong sing melu royokan
mau dipercaya duwe kasiat yen disebarake ana sawah asile apik uga kanggo nolak
ama sawah lan nglarisake dagangan.
Sawise arak arakan Jolen, Kepala Desa, Perangkat Desa lan
para warga kabeh padha donga ing ngarep pundhen supaya ing Desa Tanjung Rejo
ora ana rubeda kalis saka sambikala tansah tentrem kerta raharja. Sateruse
bubar pada dedonga banjur ngubengi pendhen kaping telu. Acara sedhekah bumi
ngene iki, wis ajeg dianakake ing Wulan Apit dinane Setu Kliwon kanggone warga
desa wis kadhung percaya minangka mujudake warisan leluhur, yen Mbah Soreng iku
pepundhene lan nganti saiki isih diuri-uri.
Pundhen Mbah Soreng nganti saiki isih dikeramatake ing
Desa Tunjung Rejo, amerga akeh kadadeyan aneh-aneh ana pundhen kasebut. Kaya
durung suwe iki, yaiku ana wong papat lagi nganakake manganan utawa syukuran
ing pundhen nalika wis ngancik bengi banjur segone lan iwak pithik digawa mulih
dipangan ana omah, bubar mangan sanalika kuwi wong papat terus padha mencret,
wetenge lara. Karepe ben ndang waras dipriksakake menyang dokter nanging ora
enggal waras malah sansaya lara wetenge nuli pawongan kuwi terus eling apa sing
dilakoni ana ing pundhen, banjur sowan mara ing pundhen njaluk ngapura sinambi
nggawa umbarampe. Wusanane bisa mbalik waras malih
Nalika acara slametan/bancaan sanajan kuwi wis ditata,
diatur senajan kuwi wong-wong tuwa mesthi tetep padha royokan, sebabe Mbah
Soreng duwe klangenan yaiku ngingu pitik lan budeng. Mulane yen royokan segane
bisa kecer-kecer iku pertandha yen pitike lan budenge Mbah Soreng melu mangan,
contone wektu Jolen diarak tekan pundhen sedelok wae dadi royokan kabeh.
Ora mung bancakan wae sing unik, liyane yaiku ing ngarep
Pundhen kudu ana pagelaran Wayang Klithik kanthi njupuk lakon Among Tani,
wayang Klithik kuwi wujude kaya wayang kulit nanging digawe saka kayu. Sing wis
turun temurun ana ing Desa Tunjung Rejo iki. Lan mung metu saka kotak wayang
sarta dimainke utawa ditanggap saben taun sepisan wektu ngepasi mung acara
sedhekah bumi. Dene pagelaran Wayang Klithik kasebut wayah awan, ora migunakake
kelir/layar kaya pagelaran wayang liya-liyane, mula kagolong unik sing ora
tinemu ing dhaerah liya wiwit zaman nenek moyang iki wis ana.
Pagelaran Wayang Klithik iki ing Pundhen Mbah Soreng ora
kena ditinggalake lan ora kena diganti karo wayang liyane amarga yen sembrana
bisa ndrawasi nemahi bilahi, biyen tau diganti wayang liya, nalika nganakake
Jolen arep mangkat tumuju Punden dumadagan Kepala Desa ilang, wektu diluru
tekan ngendi-endi malah ketemune ana ing kendhang sapi wis tilar donya, Mula
tumekane saiki jenenge wayang Klitihik ing desa Tunjung Rejo tetep diuri-uri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar