Translate

Minggu, 31 Maret 2024

Karawitan Saka California

Nggayengake Apeman Sosromenduran

Menawa para mudha kita padha ora gelem ngleluri karawitan, bisa wae mengkone anak putu kita sinau gamelan ana ing Amerika Serikat. Merga ing Barkeley, California, Amerika Serikat ana pakumpulan karawitan kanthi jeneng Sari Raras. Grup Karawitan saka Amerika Serikat kasebut mentas iki nuduhake kawasisan ing acara Apeman Kampung Sosromenduran, Kecamatan Gedongtengen, Kota Jogjakarta.

Karawitan kanthi anggota pangrawit 20 kabeh bule iku bener-bener gawe erame para warga kang teka ana ing acara mau. Anggone nabuh prigel, ora mung kuwi grub karawitan iku duweni sindhen cacahe loro kang padha pinter nembang jawa. “Kita sinau gamelan ana ing Universtas California”. Critane Henry, salah sijining anggota nalika ditemoni sawise manggung.

Ana ing acar iku para anggota karawitan Sari Saras nembangake gendhing-gendhing pangkur lan uyon-uyon. Miturut pratelane Henry, karawitan iku salah sijining program jurusan ana ing kampus Universitas California. Dosen kang mulang yaiku Ki Midiyanto kang asalae saka Wonogiri.

Minangka pandhemen gamelan anyar, merga lagi setaun ngajar gamelan. Dheweke rumangsa bombong merga dheweke karo kanca-kancane bisa nuduhake kabisane nabuh gamelan. “Apamaneh bisa nuduhake kabisan gamelan ana ing Yogyakarta kang minangka punjering kabudayan Jawa,” ujare.

Aksine para warga Berkeley anggone nabuh gamelan lan nembang iku uga narik kawigatene warga lan para wisatawan kang teka ana ing acara iku. Akeh wisatawan lokal kang teka banjur padha motret para pangrawit lan pesindhen saka Amerika Serikat. Suguhan karawitan saka kelompok Sari Saras, California dadi sawijining suguhan kang banget narik kawigaten kanggo masyarakat lan uga para wisatawan kang teka ana ing kampung kang papane ora adoh saka Malioboro, Yogyakarta.

Merga ananing masyarakat manca kang padha nuduhake kabisane ana ing babagan nabuh gamelan bisa dadi sarana kanggo ndudut atine para mudah kita supaya padha gelem latihan gamelan. Aja nganti gamelan kang adiluhung banget iku cures merga diadohi para wargane.

Acara apeman Sosromeduran, Yogyakarta iku minangka tradhisi masyarakat kang biyasa diadani ing wulang sya’ban utawa Ruwah. Minangka tradhisi masyarakat Jawa kanggo mapag tekane wulan Romadhon utawa pasa. “Ana makna ing tradhisi gawe apem, yaiku minangka pralambang njaluk ngapura lan kanggo ndongakake wong tuwa lan sedulur kang wis tilar donya,” pratelane Muhammad Taslim.

Kapethik saka Kalawarti Panjebar Semangat No. 34, 25 Agustus 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...