Translate

Selasa, 02 April 2024

Dhalang Enthus katimbalan


https://www.republika.co.id/berita/othlx2320/wayang-kulit-ki-enthus-susmono-ramaikan-harlah-ke19-pkb

Bupati Tegal Jawa Tengah sing uga dhalang wayang kondhang, Ki Enthus Susmono (52 taun), katimbalan marak mring pangayunaning Gusti, Senen (14/5). Penyebab tinggal donyae dhalang nyentrik iki dinuga merga riwayat jantunge kambuh. Pejabat sementara Bupati Tegal Sioneng N. Rachmadi ngandharake sadurunge tilar donya dhalang Enthus nedya ngrawuhi pengajian ing Desa Argatawang, Kecamatan Jatinegara. Sadurunge tumuju Argatawang, Enthus kober sapetemon karo tokoh masyarakat Desa Kajenengan, Kecamatan Bojong. Ing tengah dalan Enthus sambat dhadhane nyeri lan muneg-muneg.

Nduluh kahanane Enthus sing mutawariri, sopir pribadhi banjur menggok menyang puskesmas Jatinegara. Pihak puskesmas sing dipandhegani dhokter Ulinuha kober ngupakar Enthus. Nanging rehne ora tumuli sadhar saka anggone koma, wekasane Enthus dipalyokake menyamg Rumah Sakit Umum Dhaerah dhokter Soesilo, Slawi. Tekan Slawi kahanane Enthus wimbuh mutawatiri. Jantung lan paru-parune ora ngrespon. Wekasane jam 19.15 Enthus dinyatakake tinggal donya. Taun iki Enthus uga macung maneh minangka calon Bupati Tegal pasangan karo calon wakil bupati Umi Azizah.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 21, 26 Mei 2018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...