Prastawa kang kadadean ing sekitare kita iku kalebu pawarta. Pawarta yaiku palapuran ngenani kadadean kang mentas dumadi utawa suwe kadadean. Pawarta kang becik iku asipat anyar, aktual, fakta, wigati, lan narik kawigaten. Pawarta yaiku cathetan kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cetak, utawa laporan ing medhia elektronik. Kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kedadeyan saben wektu sing ana ing donya iki. Upamane lindhu (gempa bumi), perang, banjir, lan liya-liyane. Pawarta kang diumumake maneka warna, mula saka iku pamaca pawarta becike nlesih kanthi patitis marang pawarta iku mau. Ora sethithik kabar kang luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan benere. Uga akeh kabar kang isine promosi. Kosok baline ora sethithik uga pawarta wigati kang bisa katemokake ing medhia massa. Dadi, pamaca kudu prigel milih lan milah pawarta kang diperlokake.
Blog ini berbagi materi seputar perangkat dan materi pembelajaran bahasa jawa
Translate
Rabu, 29 Januari 2025
PAWARTA
Tegese pawarta Saben dina ana wae pawarta kang bisa dirungokake saka televisi utawa radio, lan uga akeh pawarta kang bisa diwaca saka medhia cetak yaiku koran utawa majalah, nanging nyatane isih akeh wong kang durung weruh apa ta satemene kang diarani pawarta (berita) iku. Satemene kang diarani pawarta/berita, yaiku kaya ing ngisor iki: Palapuran prastawa nyata (kejadian faktual) utawa panemu (pendapat utawa opini) kang asifat wigati (penting) ing sawijining wektu, sarta dadi kawigatene wong akeh. Apa wae kang durung nate dikrungu, utawa diwaca sarta diweruhi utawa disumurupi. Wedharan utawa uraian sawijining prastawa nyata (fakta) utawa panemu (pendapat/opini) kang dipacak utawa dimuat medhia massa. Swasana anyar kang narik kawigaten, kang lumrah diarani trend.
Sipate pawarta
Kang diarani pawarta iku kudu duwe watak sesipatan utawa ciri wanci kaya mangkene iki: Baca juga: Kamis Pagi, 36 RT dan 4 Jalan Jakarta Masih Terendam Banjir Pawarta iku kudu adhedhasar kasunyatan (fakta). Kasunyatan (fakta) mau, kudu nyata-nyata kedaden. Kasunyatan ing pawarta kudu kapisah karo panemu (opini). Pawarta kudu timbang (seimbang), ora kena mihak sapa wae. Wujud pawarta Kaya sing wis diaturake ing dhuwur mau pawarta bisa digiyarake liwat pirang-pirang wujud yaiku kaya mangkene: Bentuk cetak Bisa awujud majalah utawa koran. Contone: majalah Djokolodang, majalah Panjebar Semangat, lan sanesipun. Bentuk siaran Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan ananging mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita basa Jawa TA TV, berita basa Jawa JOGJA TV, berita basa Jawa Radio Persatuan, berita basa Jawa TV Semarang, lan sak panunggalane. : Liwat internet Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa Jawa utawa pawarta basa Jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa Jawa: pawarta basa Jawa, sesorah Jawa, kumpulan cerita basa Jawa, cerita wayang basa Jawa, lan sak panunggalane. Bentuk lisan Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike. Jinis pawarta Jinising pawarta yaiku kaya ing ngisor iki:
1. dadakan.
Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane ora kena dipesthikake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane.
2. Pawarta dinan.
Pawarta dinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane wis dimangerteni sadurunge. Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liya-liyane.
3. Pawarta crita.
Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake utawa human interest. Pawarta iki diwedharake mung kanggo hiburan utawa selingan. Tuladha: crita objek wisata, crita bab kesenengan utawa hobi, lan liya-liyane.
Perangan Pawarta
Perangan pawarta yaiku kaya mangkene: Sesirah Sesirah yaiku perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo tembung- tembung supaya nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane. Angle utawa ringkesan Angle yaiku ukara kang nggambarake ringkesane isi pawarta, biasane ditulis kandel ing sangisore sesirah. Baca juga: Powerbank Diduga Penyebab Air Busan Terbakar, Bodi Pesawat Hangus Isi pawarta Isi pawarta yaiku ukara-ukara kang jlentrehake prastawa ngenani apa, ana ngendi lan kapan kedadeyan iku dumadi. Gambar Gambar yaiku perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kedadeyan prastawa kanthi kasat mata. Ing medhia cetak awujud foto, lan ing medhia elektronik awujud video. Sumber Sumber yaiku mujudake pawongan kang menehi katerangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku. Sumber bisa mujudake seksi tumrap kedadeyan, utawa pihak kang duweni kewajiban kanggo nuntasake kedadeyan iku.
Artikel ini telah tayang di Kompas.com dengan judul "Ngandharake Pawarta dalam Bahasa Jawa", Klik untuk baca: https://www.kompas.com/skola/read/2024/05/15/030000769/ngandharake-pawarta-dalam-bahasa-jawa?page=all.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
CANGKRIMAN
BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A. Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...
-
Pada (bait) ke-11, Pupuh ke-2 Kinanthi, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV: Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumung...
-
Bait ke-73, Pupuh Gambuh Lanjutan, Serat Wedatama karya KGPAA Sri Mangkunegara IV: Pamotaning ujar iku, kudu santosa ing budi teguh. Sarta ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar