Saka Sangkan Tekan Paraning Dumadi
Ritual
adat wis dadi bab kang lumrah kanggone bebrayan Jawa. Ora sethithik kang isih
nindakake tekan saiki. Ana kang kanthi jangkep, ana kang samadya wae njupuk
surasa wigatine. Yen disetitekake,
ritual adat iku bakale dilakoni saka timur nganti tuwa. Malah,
sejatine ritual iki wis kagelar wiwit sadurunge lair nganti tekane sowan Gusti.
Ritual adat Jawa nalika bayi isih ana kandhutane ibune,
karan mitoni utawa tingkeban. Mitoni saka tembung lingga ”pitu”. Ritual iki
pancen kagelar nalika umure bayi ngancik pitung sasi ing guwa garbane biyunge. Dene
sinebut tingkeban, gegayutan karo crita gethok tular turun temurun.
Kacarita ing jaman paprentahan kraton Kediri ana pawestri
ara Niken Satingkeb. Dhaup karo Sadiya, Niken wis mbobot nganti ping 9.
Ananging saben lairan, bayine mati. Lelorone banjur ada-ada ngadhep raja
Jayabaya, wadul bab kasangsayane. Raja nitahake amrih digelar upacara lan
dedonga, banjur ngglindhingake cengkir ing wetenge Niken Satingkeb. Elok!
Sawise iku Niken kasil mbobot lan nglairake bayine, slamet sekabehane.
Ya wiwit kuwi, saben pawestri sing mbobot sepisanan
banjur nindakake ritual tingkeban. Angkahe ora liya, nyuwun berkah amrih
lairane gancar lan bayi sarta ibune slamet kuwarasan.
Lumrahe
ritual adat, ana ubarampe kang digunakake. Salah sijine yaiku tumpeng robyong.
Sega putih digawe tumpeng, direnggani Lombok abang wutuh lan brambang, kacang
lanjaran, terong, tempe goreng. Saben jejangkep iku gunggunge pitung iji.
Ana
busana werna pitu kang mengkone mbaka siji dienggo dening calon ibu. Saka kang
sepisanan nganti kang kaping nenem, sawise dienggo banjur disebut “during
pantes” dening para rawuh. Kang pungkasan, busana kapitu, kang paling prasaja.
Iku kang banjur dikandkakae wis cocog.
Ubarampe
liyane yaiku cengkir gadhing loro kang diukir gegambaran wayang. Sing siji
gambare Kamajaya, dene sijine Kamaratih. Cengkir iki kang mengkone ditlusupake
mbrobos sinjang nganti ngliwati wetenge calon ibu.
Kang
uga klebu trewaca ya sesaji dhedhaharan. Bebrayan Jawa ing wewengkon Surakarta,
Ngayogyakarta, lan sakupenge, umume nyepakkake sega putih lan sega kuning,
dijangkepi maneka lawuh. Banjur ditata ing takir ponthang; takir kang digawe
saka goodhong gedhang, lan pinggirane direnggani janur kuning. Sabanjure
dilemeki layah lempung.
Lawuhe
ana kering tempe, bergedel kenthang, terik daging sapi, klengkam, sambel goreng
krecek, acar kuning, endhog dadar rawis lan iwak lele goreng. Nalika pasugatan,
cemepak uga rujak gobet.
Rong
sasi candhake, ana maneh ritual kang digelar, yaiku procotan. Kandhutan 9 sasi,
tegese wis ngancik wayahe lairan, slametan kagelar kanthi pangajab bayi lair
procot. Gancar lan slamet.
Calon
ibu, calon bapak, uga kaluwarga ageng padha nglumpuk lan padha bebarengan umbul
donga. Sadurunge iku, kulawarga wis nyepakake ubarampe wujud nyamikan. Lumrahe
sinebut bubur procotan lan jajanan didum marang tangga teparo. Kejaba wujud
andum rasa suka, uga minangka tandha nyuwun donga pangestu.
Kapethik saka Panjebar Semangat, No. 51-23 Desember
2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar