Translate

Selasa, 02 April 2024

Aja Nerak Wewaler ing Pasareyane Sunan Kalijaga

 

Wis dadi sesawangan umum, pasareyan keramat Wali Sanga sing sumebar ing Jawa sisih kulon, Jawa Tengah lan Jawa Sisih Wetan, tanpa kendhat diziarahi ewon masyarakat saka maneka panggonan. Sebageyan Masyarakat sing ziarah mau, ana sing karana mburu karomah. Ana uga kang mligi ndongakake sing sumare.

Saka sanga pasareyan sing banget kinurmatan mau, salah sijine yaiku pasareyan Sunan Kalijaga ing Kadilangu, Demak. Ing jaman biyen, Kadilangu kuwi dhaerahe nganti tekan laladan Mrapen, Grobogan. Nanging sawise Inggris nguwasani Nuswantara, Kadilangu diciutake mung kari 11 desa. Malah, nalika Landa genti nguwasani, Kadilangu mung kari 1 desa.

Status kadilangu sadurunge taun 1962 yaiku panembahan. Sabanjure tahun 1962-2002, owah dadi desa. Lan status desa owah dadi kalurahan wiwit taun 2002 nganti tekan saiki. Ing Kadilangu iki, Sunan Kalijaga uga ngedekake mesjid sing ana persis ing sisih wetane. Kompleks pasareyan Kanjeng Sunan Kalijaga ing Kadilangu iki prasasat ora tau sepi peziarah.

”Pasareyan Kanjeng Sunan Kalijaga ora tau sepi. Apa maneh ing dina-dina sing dianggep sacral, sing ziarah bisa nganti wong puluhan ewu,” ujare R. Prayitno, salah sijining juru kunci pasareyan.

Miturut pratelane, R. Pratyitno, Kadilangu iki lemah perdikan, lemah bebas pajek minangka sembulih saka Raden Patah sing diwenehake marang Sunan Kalijaga. Kabeh mau, imbuhe R. Prayitno, karana Sunan Kalijaga kasil ngrampungake masjid Agung Demak. Sinebut Kadilangu amarga ing lemah perdikan mau akeh tinemu tetanduran sing ambune langu.

Lha, lemah sing awujud alas mau, isih miturut R. Prayitno, banjur digulawentah dening Kanjeng Sunan Kalijaga lan para muride. Ing lemah sing subur mau, Sunan Kalijaga manggon lan ndhidhik para muride sinau agama Islam. Temtu, Kanjeng Sunan Kalijaga uga syiar agama Islam ing maneka papan liyane.

Sing mbedakake, Sunan Kalijaga anggone nyebarake agama Islam iki nggunakake maneka seni budaya, kayata seni ukir, wayang, gamelan, sarta seni swara suluk minangka sarana dakwah. Contone yaiku tembang Lir-ilir lan Gundhul-Gundhul Pacul.

Mung wae, yen arep mlebu ziarah ing KOmpleks Pesareyan Sunan Kalijaga, ana maneka wewaler sing ora oleh diterjang. Kejaba kudu sopan, niat apik, ati resik lan sing ora kalah penting yaiku, ora diidini mlebu nggawa pusaka awujud apa wae.

”Ziarah ing Kadilangu iki ana aturane. Kabeh pusaka, wujude apa wae, ora oleh digawa mlebu pasareyan,” ujare R. Prayitno wanti-wanti. Menawa isih nekad, imbuhe juru kunci mau, kesaktene bakal ilang.

Miturut pratelane R. Prayitno, sing njalari kabeh pusaka ilang dayane yen digawa mlebu yaiku anane pasareyan Empu Supa. Nalika urip, Empu Supa iki kondhang minangka resi sing nggawe pusaka para raja ing tanah Jawa. Karana kasaktene Empu Supa sing ora ana tandhingane mau, pusaka-pusaka sing digawa mlebu pasareyan Kadilangu bakal ilang dayane.

Mula, saben peziarah arep mlebu mesthi ditakoni lan diwenehi pesen, yen nggawa wesi aji uatwa pusaka, luwih apik ditinggal njaba, dititipake ing pos abdi dalem. Miturut pengalaman sing uwis-uwis, R. Prayitno njlentrehake ana Sebageyan peziarah sing nekat lan nerak wewaler kasebut. Wesi aji lan pusaka sing digawa mlebu kuwi langsung ilang dayane.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 44, 3 November 2018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...