Translate

Kamis, 04 April 2024

Siswa MTs Negeri 1 Pati Kasil Nggondhol 9 Medhali ing Cabang Renang Popda 2024

 

Siswa MTs N 1 Pati cacah telu kasil nggondhol emas cacah 2, 5 perak lan 2 perunggu ing Lomba Pekan Olahraga Daerah (POPDA) 2024 ing cabang renang ora suwe iki. Siswa cacah telu kuwi yaiku Farid Jati Nugroho (9D) kasil nggondhol 1 emas lomba 250 meter gaya ganti, 1 medhali perak lomba 200 meter gaya bebas lan 1 medhali perunggu  100 meter gaya bebas. Sing kaloro, Haydan Rizki Ramadhan Saputro (8B) kasil nggayuh telung medhali perak 50 meter gaya bebas lan medhali perunggu 50 meter gaya kupu-kupu. Dene sing katelu, ananda Rahma Sabrina Putri sing esih kelas VII (7C) uga entuk medhali perak cacah 3 yaiku saka lomba 250 meter gaya bebas, 100 meter gaya punggung lan 50 meter gaya punggung.

Kepala MTs N 1 Pati, Ali Musyafak rumangsa mongkok amarga siswa-siswine bisa nyandhing lan tandhing ing maneka warna lomba kalebu POPDA.

“Kita duweni tekad menehi kesempatan lan bimbingan sing imbang marang para siswa supaya kabeh potensi siswa bisa kaasah lan ana prestasine,” ujare Syafak nanggepi prestasi anak didike ing cabang renang kasebut.

“Alhamdulillah, siswa siswi MTs N 1 Pati tansah mbudidaya kanggo nampilake sing paling apik, ing bab akademik uga non akademik. Bab kuwi nuduhake kamardikaning pendhidhikan lan pengajaran temen-temen anggone lumaku ing madrasah sing level-e wis internasional. Atur panuwun marang kabeh civitas akademika, utamane marang para siswa, para guru pembimbing lan para wali murid sing wis dadi inspirasi, penyemangat, uswatun hasanah sing saben dinane. Muga-muga madrasah iki bisa dadi madrasah sing barokah lan mbarokahi,” kandhane.

Kapethik saka Kalawarti Global edisi 42, April 2024 kaca 23 kanthi ewah-ewahan

Kabupaten Pati Nampa Penghargaan Adipura

Pemerintah Kabupaten Pati, Selasa (05/03/2024) nampa penganugrahan penghargaan Adipura taun 2023 saka Presidhen Republik Indonesia kategori kutha cilik. Penghargaan kasebut diserahake dening Kementrian Lingkungan Hidup lan Kehutanan marang Pj. Bupati Pati Henggar Budi Anggoro ing Auditorium Dr. Soedjarwo, Gedung Manggala Wanabakti, Jl. Gatot Subroto Jakarta Pusat. Adicara penganugrahan penghargaan iki dirawuhi dening Wakil Presidhen Republik Indonesia K.H Ma’ruf Amin sarta Menteri Lingkungan Hidup lan Kehutanan (LHK) Siti Nurbaya Bakar. Ing kalodhangan iki, Menteri LHK Siti Nurbaya njlentrehake yen penganugrahan adipura iki ana gandheng cenenge karo pengetan Hari Peduli Sampah sing nyambung awit hulu nganti tekan hilir kanthi nyawang aspek lingkungan hidup, aspek sosial lan ekonomi.

”Pengelolaan sampah ora mung ngurangi dampak saka sampah nanging uga saka aspek kesehatan masyarakat uga nyawang yen sampah utawa uwuh kuwi bisa dadi sumber daya ketersediaan bahan baku daur ulang, efisiensi penggunaan sumber daya lan minangka sumber ekonomi masyarakat,” kandhane Menteri LHK. Siti Nurbaya uga njlentrehake yen ing taun iki HPSN njupuk tema ”Atasi Sampah Plastik dengan Produktif ”. Kanthi tema kasebut, kaajab bisa nuwuhake aksi penanganan sampah plastik sing dipandhegani dening Pemerintah Daerah bareng pihak – pihak pengelola sampah dening pemerintah, Pemda, UMKM lan maneka warna elemen masyarakat.

Dene Wakil Presidhen Republik Indonesia K.H. Ma’ruf Amin ing kalodhangan iki uga ndherek ngucapake selamat marang pemerintah kabupaten lan kutha sing kasil nggayuh Anugrah Penghargaan Adipura 2023. Piyambake uga njlentrehake yen Adicara Penghargaan Adipura iki minangka sarana afirmatif  supaya bisa ningkatake kualitas lingkungan hidup sing berkelanjutan ing Indonesia.

”Aku duwe pangajab program iki bisa ngrembaka kanthi ragam inovasi saengga bisa jumbuh karo owah ngingsiring jaman.” ujare wapres.

Nalika diwawancara sawise nampa Adipura, Pj. Bupati Pati Henggar Budi Anggoro ora lali nucap syukur marang Gusti Kang Maha Tunggal. Piyambake matur yen penghargaan iki minangka asil saka anggone mbudidaya bareng-bareng sasuwene iki.

”Temtune apa sing wis digayuh minangka asile kanca-kanca sekabehane, wiwit saka Instansi Pemerintah ing Kabupaten Pati sarta peran masyarakat saengga bisa nggayuh piala Adipura iki,’ Ujare Henggar.

Ewadene Kepala Dinas Lingkungan Hidup Kabupaten Pati, Tulus Budiharjo njlentrehake kiat-kiat Kabupaten Pati saengga bisa nggayuh piala Adipura 2023 sing ditampa awal Maret 2024 iki.

”Kiat-e yaiku kanthi cara njaga karesikan lan rasa nyaman kutha Pati lan sing wigati saka bab fisik, nanging ing bab non-fisik temtune uga iya supaya tetep bisa update lumantar sistem informasi sing wis lumaku,” pungkase

Kapethik saka Kalawarti Global Edisi 42, April 2024 kaca 9 kanthi ewah-ewahan

Polresta Pati Bareng Kapolda Jateng Maringi Bantuan Sembako kanggo Korban Banjir ing Juwana

Kapolda Jawa Tengah Irjen Pol Ahmad Lutfi bareng Pangdam IV Diponegoro Mayjen TNI Deddy Suryadi nemoni para korban banjir ing Dusun Doropayung, Kecamatan Juwana, Kabupaten Pati, Minggu (17/03/2024). Rawuhe Kapolda Jateng bareng Pangdam IV Diponegoro ditampa dening Pj. Bupati Pati Henggar Budi Anggoro, Kapolresta Pati Kombes Pol Andhika Bayu Adhitama, Dandim 0718 Pati Letkol Inf. Jon Young Saragi lan PJU Polresta Pati. Ing kalodhangan kuwi, Kapolda Jateng bareng Pangdam IV Diponegoro maringi bantuan arupa paket sembako sarta ngecek dapur umum lan layanan kesehatan gratis dening Sie Dokkes Polresta Pati.

Kapolda njlentrehake yen Polda Jateng lan Kodam IV Diponegoro duweni prioritas wewengkon sing keterak banjir kanthi cara ngedekake dapur umum, fasilitas-fasilitas umum, distribusi bantuan arupa sembako, kalebu ubarampe liyane kayata prau lan sapiturute. Saengga kaajab bisa ngurangi beban masyarakat sing keterak banjir.

”Polda Jateng bareng Kodam IV Diponegoro nglaksanakake cek lan rice king wewengkon sing katerak banjir, kita entuk lapuran yen ing wilayah Polda Jateng ana 42 Kecamatan, 222 dhusun lan pengungsi cacah 4200 jiwa sing kena banjir.” ujare Irjen. Pol. Ahmad Luthfi nambahi. Ing wewengkon Kabupaten Pati, para stakeholder kayata Kapolresta, Bupati, Dandim 0718 lan BNPB Pati nganakake koordinasi kanggo milah lan milih tlatah ngendi wae sing kerep kena musibah banjir musiman, endi sing ora supaya bab banjir bisa gage di rampungke. Sabubare kunjungan kerja ing Pati, Kapolda Jateng lan rombongan banjur mbacutake kunker ing Kabupaten Kudus lan Demak.

Kapethik saka Kalawarti Global, edisi 43, April 2024 kaca 2

CERKAK "Jebul Wis Ana Kang Duwe"

 

Jebul Wis Ana Kang Duwe


         “Tepangaken mawon Mas, kula pun Yati.” “Kula, Yana.” Wangsulane karo ngulunorae astane. Nalika Salaman, ah…rasane atiku dheg-dheg pyur, awak adhem panas, tanganku anyep, marga kringet kang ora bisa taktahan. “Kok anyes,” pitakone. “Wonten menapa? Sakit nggih?” sambunge. “Mboten kok,” wangsulanku sajak gugup.

Ing acara wicara guru basa Jawa, aku jejer dheweke. Taktamat-tamatake saka pucuke rambut tumeka dlamakane, sajak ora ana kang nguciwani. Dedeg piadege pidegsa, dhasar pasuryane…jan nganti ora bisa dakgambarake pisan. Isih ditambah pakulitane kang resik, ora ana kukule siji-sijia. Wah! Kabeh narik kawigatenku. Ing acara mau babar blas ora ana kang cumenthel ing pikiranku, kang ana mung Mas Yana pepujaning atiku. Ya mung Mas Yana kang mudha dhasar guru SMA lan isih jaka pisan, ing atiku kandha mengkana.

“Mas, mengko kondure bareng ya,” pangajakku. “Ya, tak dherekake,” wangsulane, sajak katan akrab. Piyambake kang maune nitih angkutan, lan aku kang numpak vespa, saiki bali bebarengan lan dheweke kang mboncenorae. Piyambake nyetir, sok banter lan sok direm dadakan njalari kagetku. Saking mangkelku, aku cekelan padharane kenceng banget.

E…e, kok sajake piyambake seneng banget. Anehe maneh, atiku kok ora panas lan kang ana kok mung rasa seneng bae. Lan rasane atiku sajak ayem bebarengan karo panjenengane. Dhasar bocah enom, ing batinku. Bab kaya ngana mau mung takanggep biasa bae. “Dhik ya dolan dhisik ya! Menyang Teluk Penyu,” pangajake sajak ngarayu aku. “Sumangga kersa,” wangsulanku.

Ing Teluk Penyu, aku lan dheweke banjur mlaku saurute pantai Cilacap, karo nyawang prau-prau kang pating krampul lan ombak kang katan mumbul-mumbul mau. Kabeh mau ngelinorae marang panguwasane Gusti kang sarwa linuwih. Vespaku kang diparkir ana pinggir pantai iku dadi seksi anggonku pacaran.

Kanggo nyelani swara ombak-ombak mau, Mas Yana nyritakake pengalamane. Mas Yana kang dadi wartawan terkenal lan dadi penulis setia ing majalah Pustaka Candra nyritakake perjuangane kanggo golek jeneng. Kang sepisan nate ngirim cerkak 10 judul dikirim ing majalah Pustaka Candra, Jaya Baya, Panyebar Semangat, Inti Sari, Djaka Lodang, lan koran-koran liyane kang abasa Jawa. Nanging babar blas ora ana kang kaemot.

Kedadeyan kaya ngana mau nganti ping lima ambal-ambalan. Ora ana kang kaemot babar pisan. Sabubare kuwi, wah…akeh banget karangane kang kaemot. Iya ana kang Pustaka Candra, Jaya Baya, Panyebar Semangat, Inti Sari, Djaka Lodang lan liya-liyane. “Seneng ya Mas, karanganmu bisa kaemot?” “Jelas, rak entuk hanar,” wangsulane. Aku diduduhi karya-karyane Mas Yana kang kaemot ing Pustaka Candra. Eh, jebul pancen akeh karangane. Iya kang wujud cerkak, geguritan, kawruh basa, lan pirang-pirang karyane kang kaemot ing Pustaka Candra kang diparinorae.

Aku diterke bali menyang Gumilir lan seteruse dheweke nerusake laku nitih bis umum. Sadurunge pepisahan dheweke ninggali alamat lan meling supaya aku gelem dolan ana daleme.

Seminggu saka pepisahanku, tenan aku nggoleki alamate Mas Yana, Jalan Mawar No. 2 Kroya-Cilacap. Tekan daleme Mas Yana watara jam 09.00. Nanging, saiba kagetku, nalika aku ditepunorae garwane kang ayune pindha Dewi Supraba. Apa maneh putrane kang baguse kaya bapakne nyalami aku. “Sugeng Bulik Yati.” “Inggih, Cah Bagus,” wangsulanku. “Patemonku biyen bisa dadi semangatmu, ya Dhik. Muga-muga sliramu bisa dadi penulis lan wartawan kang bisa kondhang lan isa ngungkuli jenengku.”

Eh…priya idham-idhamanku jebul wis ana kang duwe. Kadadeyan mau ora njalari pinggete atiku. Aku kudu bisa pasrah, yen pancen Mas Yana dudu jodhoku.

Mas Yana…Mas Yana! Merga sliramu aku kecuwan, merga sliramu bisa gawe karangan. Lan ya merga sliramu saiki aku bisa dadi kondhang.

CERKAK "Ing Payane Rumah Sakit"

Ing Payane Rumah Sakit

Dening Agnes Risky Ardianti

“Sinten panjenengan?”

Keprungu suara ora pati banter ing samburine Sam. Sam dhewe mung meneng bae ora sadar ana wong ing mburine lan ngomong marang dheweke. Sam meneng amarga pikirane lagi nyang ngendi-endi.

Dian kang ora entuk jawaban saka Sam nyuara maneh kang luwih banter karo nyedaki Sam kang lagi ngadeg ing pager pembatas payanan kuwi. Angin semilir anyep gawe Dian rada ngrapetake jakete. Pikirane Sam wis bali maneh banjur balikke awak arep balik ing kamar. Dheweke ora nyangka ana wong saliyane awake ing payanan kuwi. Ora mung Sam kang kaget, Dian uga mung ngingeti Sam karo mata rada gedhe, padha kagete nanging banjur ngudharake eseme.

“Oh, Samuel. Saiki ora mung aku kang nduweni payan iki ta.” Omonge karo isih mesem. Sam tambah kaget nalika wong ing ngarepe weruh jenenge. Dheweke mulai mikir yen ing ngarepe kuwi samubarang alus.

“Aja wedi, aku ora kaya kang mbok pikirke. Aku Dian. Diana Lestari. Njaluk pangapurane yen ganggu.” Sam mung natap Dian sedela karo praupan kang angel ditebak banjur mlangkah mara tangga ora nanggepi Dian babar blas.

“Butuhake bantuan?”, pitakone Dian karo nyawang kruk ing tangan tengene Sam. “Tanggane lumayan dhuwur-dhuwur.” Nanging Sam tetep mlaku bae. Dian mung nyawang gegere Sam nganti ilang saka panyawangane. Let sedela dheweke mung meneng bae sadurunge mlangkah mara pager lan lungguh ing kana karo nyawang kutha ing wektu bengi.

***

Sam nyawang wong kang lungguh iku kanthi bimbang. Dheweke arep niat bali maneh ing kamare nanging ora pengen ketemu karo ibuke. Arep ing kantin paling-paling mung bisa nyawang panganan kang gawe dheweke sumpek bae. Siji-sijine panggonan kang pas ya mung payan iki. Nanging Sam ora pengen ana Dian apa sapa lah kuwi ganggu dheweke. Piye maneh.. Sam niat balik mara kamar karo ngarep-arep yen ibuke wis mulih.

“Arep balik?”, pitakone Dian kang nyata-nyata wis weruh tekane Sam.

“Yen pengen ing kene ya ora apa apa kok. Aku ora arep ganggu. Oh, enteni sedela!” Dian gage-gage mara pojokan payan. Sam mung ngingeti dheweke bae ora mudeng kang dikarepake Dian sadurunge weruh yen Dian gotang bangku mara cedhake pager.

“Lungguha ing kene. Pancen ya enak ing pager. Nanging kowe mesthi durung isa ta.” Sam tetep ora nanggepi omongane Dian nanging dheweke mlangkah mara bangku. Dian guyu weruh tumindake Sam banjur mlangkah mara tangga tanpa diweruhi Sam.

Sam ngrasa yen ing kana kok sepi banget. Dheweke noleh lan ora weruh Dian ing ngendi-endi. Rasane lega banget ora usah nanggepi wong kuwi kang sajake seneng banget omong. Ayem. Nanging kayeman kuwi dumadakan ngilang barengan karo sagelas kopi panas kang dithongke ing ngarepe. Sam mung nyawang bae.

“Yen gelem tampanana. Yen ora gelem paling ora ngomonga maturnuwun ora usah.” Sam keprungu kuwi rasane aneh nanging ya akhire nampa kopi mau. Lagi iki dheweke krungu wong ngomong ngei pilihan nanging ora meksa Sam ngei wangsulan. Carane Dian ngomong gawe Sam ngrasa... kepenak. Sam ora nyangka bisa jarke wong ing cedhake ngobrol karo dheweke tanpa risih kanthi wektu kangkat. Apa maneh tatapane Dian wektu ngomong, apa kuwi kang diarani perhatian kang tulus? Ora tau maneh dheweke nrima perhatian saka wong tuwane. Sam ora tau ngarep kuwi saka wong tuwa broken home. Apa maneh kanca-kanca geng motare. Wektu kena musibah gara-gara musuhe, Arya, bae ora ana kang nemoni. Tilik bae ora. Sialan! Ing kene aku malah entuk perhatian saka wong kang ora tak kenali, pikire Sam. Lan parahe maneh Sam seneng ana Dian kang ngancani dheweke ngobrol. Deg, Sam kaget. Apa sih kang tak pikirke!, batine karo tanpa sadar nyekeli sirahe frustasi.

“Sirahmu lara?”, pitakone Dian karo nyawang Sam kuwatir. Sam nyawang Dian genten nanging karo mikir.

“Ketakane tau weruh kowe.”  semaure Sam ora nyambung.

“Ketakane?” Sam bingung krungu Dian guyu. “Pancen ya mesthi tau weruh.” Sam tambah bingung krungu omongane Dian.

“Apa kowe lali tenan? Dian. Diana Lestari. Hm?” samar-samar Sam eling jaman SMA-ne.

“Mung samar-samar..”, semaure Sam jujur. Dian guyu maneh keprungu wangsulane Sam kuwi.

“Aku ora meksa kok. Paling-paling kanca sakelasku biyen ya padha ra elinge kaya kowe.”

“Tukang bolos.”

“Eh, apa?”, Dian nyata-nyata kaget.

“Tukang bolos.”, Sam baleni maneh wangsulane ndek mau karo masang rupa tanpa dosa.

“E, sapenakmu bae. Aku mung ora kangaja bolosan.”, sewote. “ Nanging, lumayan kowe isih isa ngeling-ngeling aku.”, eseme Dian. Sam tanpa sadhar melu mesem.

Ora Sam kira yen bengi kuwi awale obrolan-obrolane karo Dian kanggo sawulan wektune mondhok ing rumah sakit.

***

            Sam mung bisa nyawang payane rumah sakit kang suwe-suwe saya ilang saka panyawangane kanthi ati gela lan sedhih.

            “Sam, maem awan sik, ya, sadurunge mulih. Pengenmu nang endi?”, pitakone ibuke Sam karo tetep konsentrasi nyekel kemudhi. Nanging kang ditakoni mung meneng bae. Isih kaya wong setengah nglamun setengah mikir. Ibuke kang wis biyasa ditanggapi kaya mangkana ya mung bisa unjal ambegan. Kapan anakku isa bali kaya ndek kae?, batine ibuke Sam saben Sam ora nanggepi.

Tanpa sadhar Sam ya unjal ambegan. Padahal ndek winginane Dian wis janji karo aku bakalan ngei samubarang kang aku dhewe ora weruh yen aku mulih saka rumah sakit, pikire Sam. Nanging kok... huhh. Sam pancen wis rong dina iki ora ketemu karo Dian kaya biyasane. Kaya-kaya diuntal lemah. Pesen ya ora. Weruh ruangane ya ora. Nanging dhek kae nganti saiki Sam heran apa ta sebenere alasan Dian mlebu rumah sakit. Saweruhe Sam ya Dian waras-waras bae. Malah katan luwih seger lan waras banget. Sayange Dian ya ora tau cerita karo Sam. Sam mung bisa ngarang-ngarang, kaya saiki iki. Banjur netepake tekad.

***

“Ruang ICU, caket kaliyan Pavilliun Mawar. Mangke wonten petugasipun, nyuwun pirsa malih wonten ngrika.”, kandhane suster. Sam mlaku ing awang-awang tanpa sadhar durung ngomong maturnuwun karo sustere. ICU?Sebenere Dian lara apa?, batin Sam frustasi.

Ing ngarepe kamare Dian Sam mung bisa nyawang lawange bae. Suwi banget sadurunge nyekel gagange lan akhire buka lawang. Neng kana ana wong wadon kang ketakane rapuh banget. Dheweke ketak pucet ditambah masker oksigen lan pendeteksi jantung kang unine kaya detik-detik sisa wektune wong nunggu mati. Sam ora percaya. Mlaku tambah nyedhak ing panggon turone. Atine dumadakan nyeri, omongane petugas ing ngarepan mau muter-muter ing jero sirahe. Pasien Diana Lestari nyandhang kanker otak stadium akhir. Pasien Diana Lestari...

***

            Angin semilir jamah rupane Sam kang kosong. Ing tangane ana kotak cilik werna abang kang ketakane lagi bae dibuka. Ing tangan sijine ana sacarik dluwang kang diremes-remes. Sam jikuk maneh barang kang ana ing sajeroning kotak. Buku cilik sampule kotak-kotak, diary-ne Dian. Barang kang sajake diwenehake Dian dhewe sawulan kapungkur. Sam mung natap diary kuwi karo panyawangan nyata-nyata durung rila ditinggalake. Sam sadhar dheweke seneng karo Dian nanging durung sempet ngomong. Saiki mung kari dheweke ing payan kuwi. Lungguh ing pager pembatas kang pancen enak dilungguhi ing wektu bengi mangkene persis kaya kang diudharake Dian. Lan sabubare kenal Dian, Sam lagi ngrasa piye rasane wong kang pengen urip. Ora kaya dheweke ndek kae.

            Sam noleh nang buri maneh, nyawang tangga karo ngarep-ngarep ana wong wadon kang dumadakan muncul saka kana karo mesem kanggo Sam. Tanpa kangaja dheweke nyeblokake diary ing tangane. Tanpa mikir dheweke nyaba ngraih, nyusul diary kuwi kang terjun bebas mara ngisor. Sam isih nyaba ngraih, durung nyadhar apa kang bakal kedadean  marang dheweke. Nanging dumadakan Sam krasa tangane dicekel. Sam kaget. Dian? Dian ana ing sampinge mesem marang Sam, ing keadaan padha-padha terjun bebase. Akhire Sam bali bales eseme Dian. Aku ora arep mati. Amerga kowe aku dadi pengen urip kaya kowe kang ceria, ayem. Aja ngamuk mara aku gara-gara aku ora gelem ngancani kowe ning kana. Aku pancen sayang karo kowe Dian, nanging jarke aku urip. Sam mesem karo nyawang marang Dian kanthi tekad banjur nutup mripate. Ngrasakake tangane Dian kang isih genggem tangane nyebabake ayeming atine Sam. Suwe-suwe saya kenceng genggemane, sadurunge kilatan pepadhangan butakake mripate.

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...