Translate

Kamis, 04 April 2024

Polresta Pati Bareng Kapolda Jateng Maringi Bantuan Sembako kanggo Korban Banjir ing Juwana

Kapolda Jawa Tengah Irjen Pol Ahmad Lutfi bareng Pangdam IV Diponegoro Mayjen TNI Deddy Suryadi nemoni para korban banjir ing Dusun Doropayung, Kecamatan Juwana, Kabupaten Pati, Minggu (17/03/2024). Rawuhe Kapolda Jateng bareng Pangdam IV Diponegoro ditampa dening Pj. Bupati Pati Henggar Budi Anggoro, Kapolresta Pati Kombes Pol Andhika Bayu Adhitama, Dandim 0718 Pati Letkol Inf. Jon Young Saragi lan PJU Polresta Pati. Ing kalodhangan kuwi, Kapolda Jateng bareng Pangdam IV Diponegoro maringi bantuan arupa paket sembako sarta ngecek dapur umum lan layanan kesehatan gratis dening Sie Dokkes Polresta Pati.

Kapolda njlentrehake yen Polda Jateng lan Kodam IV Diponegoro duweni prioritas wewengkon sing keterak banjir kanthi cara ngedekake dapur umum, fasilitas-fasilitas umum, distribusi bantuan arupa sembako, kalebu ubarampe liyane kayata prau lan sapiturute. Saengga kaajab bisa ngurangi beban masyarakat sing keterak banjir.

”Polda Jateng bareng Kodam IV Diponegoro nglaksanakake cek lan rice king wewengkon sing katerak banjir, kita entuk lapuran yen ing wilayah Polda Jateng ana 42 Kecamatan, 222 dhusun lan pengungsi cacah 4200 jiwa sing kena banjir.” ujare Irjen. Pol. Ahmad Luthfi nambahi. Ing wewengkon Kabupaten Pati, para stakeholder kayata Kapolresta, Bupati, Dandim 0718 lan BNPB Pati nganakake koordinasi kanggo milah lan milih tlatah ngendi wae sing kerep kena musibah banjir musiman, endi sing ora supaya bab banjir bisa gage di rampungke. Sabubare kunjungan kerja ing Pati, Kapolda Jateng lan rombongan banjur mbacutake kunker ing Kabupaten Kudus lan Demak.

Kapethik saka Kalawarti Global, edisi 43, April 2024 kaca 2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...