Translate

Kamis, 04 April 2024

Kabupaten Pati Nampa Penghargaan Adipura

Pemerintah Kabupaten Pati, Selasa (05/03/2024) nampa penganugrahan penghargaan Adipura taun 2023 saka Presidhen Republik Indonesia kategori kutha cilik. Penghargaan kasebut diserahake dening Kementrian Lingkungan Hidup lan Kehutanan marang Pj. Bupati Pati Henggar Budi Anggoro ing Auditorium Dr. Soedjarwo, Gedung Manggala Wanabakti, Jl. Gatot Subroto Jakarta Pusat. Adicara penganugrahan penghargaan iki dirawuhi dening Wakil Presidhen Republik Indonesia K.H Ma’ruf Amin sarta Menteri Lingkungan Hidup lan Kehutanan (LHK) Siti Nurbaya Bakar. Ing kalodhangan iki, Menteri LHK Siti Nurbaya njlentrehake yen penganugrahan adipura iki ana gandheng cenenge karo pengetan Hari Peduli Sampah sing nyambung awit hulu nganti tekan hilir kanthi nyawang aspek lingkungan hidup, aspek sosial lan ekonomi.

”Pengelolaan sampah ora mung ngurangi dampak saka sampah nanging uga saka aspek kesehatan masyarakat uga nyawang yen sampah utawa uwuh kuwi bisa dadi sumber daya ketersediaan bahan baku daur ulang, efisiensi penggunaan sumber daya lan minangka sumber ekonomi masyarakat,” kandhane Menteri LHK. Siti Nurbaya uga njlentrehake yen ing taun iki HPSN njupuk tema ”Atasi Sampah Plastik dengan Produktif ”. Kanthi tema kasebut, kaajab bisa nuwuhake aksi penanganan sampah plastik sing dipandhegani dening Pemerintah Daerah bareng pihak – pihak pengelola sampah dening pemerintah, Pemda, UMKM lan maneka warna elemen masyarakat.

Dene Wakil Presidhen Republik Indonesia K.H. Ma’ruf Amin ing kalodhangan iki uga ndherek ngucapake selamat marang pemerintah kabupaten lan kutha sing kasil nggayuh Anugrah Penghargaan Adipura 2023. Piyambake uga njlentrehake yen Adicara Penghargaan Adipura iki minangka sarana afirmatif  supaya bisa ningkatake kualitas lingkungan hidup sing berkelanjutan ing Indonesia.

”Aku duwe pangajab program iki bisa ngrembaka kanthi ragam inovasi saengga bisa jumbuh karo owah ngingsiring jaman.” ujare wapres.

Nalika diwawancara sawise nampa Adipura, Pj. Bupati Pati Henggar Budi Anggoro ora lali nucap syukur marang Gusti Kang Maha Tunggal. Piyambake matur yen penghargaan iki minangka asil saka anggone mbudidaya bareng-bareng sasuwene iki.

”Temtune apa sing wis digayuh minangka asile kanca-kanca sekabehane, wiwit saka Instansi Pemerintah ing Kabupaten Pati sarta peran masyarakat saengga bisa nggayuh piala Adipura iki,’ Ujare Henggar.

Ewadene Kepala Dinas Lingkungan Hidup Kabupaten Pati, Tulus Budiharjo njlentrehake kiat-kiat Kabupaten Pati saengga bisa nggayuh piala Adipura 2023 sing ditampa awal Maret 2024 iki.

”Kiat-e yaiku kanthi cara njaga karesikan lan rasa nyaman kutha Pati lan sing wigati saka bab fisik, nanging ing bab non-fisik temtune uga iya supaya tetep bisa update lumantar sistem informasi sing wis lumaku,” pungkase

Kapethik saka Kalawarti Global Edisi 42, April 2024 kaca 9 kanthi ewah-ewahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...