Jebul Wis Ana Kang Duwe
“Tepangaken mawon Mas, kula pun
Yati.” “Kula, Yana.” Wangsulane karo ngulunorae astane. Nalika Salaman,
ah…rasane atiku dheg-dheg pyur, awak adhem panas, tanganku anyep, marga kringet
kang ora bisa taktahan. “Kok anyes,” pitakone. “Wonten menapa? Sakit nggih?”
sambunge. “Mboten kok,” wangsulanku sajak gugup.
Ing acara wicara guru basa
Jawa, aku jejer dheweke. Taktamat-tamatake saka pucuke rambut tumeka dlamakane,
sajak ora ana kang nguciwani. Dedeg piadege pidegsa, dhasar
pasuryane…jan nganti ora bisa dakgambarake pisan. Isih ditambah pakulitane kang resik, ora ana
kukule siji-sijia. Wah! Kabeh narik kawigatenku. Ing acara mau babar blas ora
ana kang cumenthel ing pikiranku, kang ana mung Mas Yana pepujaning atiku. Ya
mung Mas Yana kang mudha dhasar guru SMA lan isih jaka pisan, ing atiku kandha
mengkana.
“Mas, mengko kondure bareng
ya,” pangajakku. “Ya, tak dherekake,” wangsulane, sajak katan akrab. Piyambake
kang maune nitih angkutan, lan aku kang numpak vespa, saiki bali bebarengan lan
dheweke kang mboncenorae. Piyambake nyetir, sok banter lan sok direm
dadakan njalari kagetku. Saking mangkelku, aku cekelan padharane kenceng
banget.
E…e, kok sajake piyambake seneng banget. Anehe maneh, atiku kok ora panas lan kang ana kok mung rasa seneng bae. Lan
rasane atiku sajak ayem bebarengan karo panjenengane. Dhasar bocah enom, ing
batinku. Bab kaya ngana mau mung takanggep biasa bae. “Dhik ya dolan dhisik ya!
Menyang Teluk Penyu,” pangajake sajak ngarayu aku. “Sumangga kersa,”
wangsulanku.
Ing Teluk Penyu, aku lan
dheweke banjur mlaku saurute pantai Cilacap, karo nyawang prau-prau kang pating
krampul lan ombak kang katan mumbul-mumbul mau. Kabeh mau ngelinorae marang
panguwasane Gusti kang sarwa linuwih. Vespaku kang diparkir ana pinggir pantai
iku dadi seksi anggonku pacaran.
Kanggo nyelani swara
ombak-ombak mau, Mas Yana nyritakake pengalamane. Mas Yana kang dadi wartawan
terkenal lan dadi penulis setia ing majalah Pustaka Candra nyritakake
perjuangane kanggo golek jeneng. Kang sepisan nate ngirim cerkak 10 judul
dikirim ing majalah Pustaka Candra, Jaya Baya, Panyebar Semangat, Inti Sari,
Djaka Lodang, lan koran-koran liyane kang abasa Jawa. Nanging babar blas
ora ana kang kaemot.
Kedadeyan kaya ngana mau nganti ping lima ambal-ambalan. Ora ana kang
kaemot babar pisan. Sabubare kuwi, wah…akeh banget karangane kang kaemot. Iya
ana kang Pustaka Candra, Jaya Baya, Panyebar Semangat, Inti Sari, Djaka Lodang
lan liya-liyane. “Seneng ya Mas,
karanganmu bisa kaemot?” “Jelas, rak entuk hanar,” wangsulane. Aku diduduhi
karya-karyane Mas Yana kang kaemot ing Pustaka Candra. Eh, jebul pancen akeh
karangane. Iya kang wujud cerkak, geguritan, kawruh basa, lan pirang-pirang
karyane kang kaemot ing Pustaka Candra kang diparinorae.
Aku diterke bali menyang
Gumilir lan seteruse dheweke nerusake laku nitih bis umum. Sadurunge pepisahan
dheweke ninggali alamat lan meling supaya aku gelem dolan ana daleme.
Seminggu saka pepisahanku,
tenan aku nggoleki alamate Mas Yana, Jalan Mawar No. 2 Kroya-Cilacap. Tekan
daleme Mas Yana watara jam 09.00. Nanging, saiba kagetku, nalika aku
ditepunorae garwane kang ayune pindha Dewi Supraba. Apa maneh putrane kang
baguse kaya bapakne nyalami aku. “Sugeng Bulik Yati.” “Inggih, Cah Bagus,”
wangsulanku. “Patemonku biyen bisa dadi semangatmu, ya Dhik. Muga-muga sliramu
bisa dadi penulis lan wartawan kang bisa kondhang lan isa ngungkuli jenengku.”
Eh…priya idham-idhamanku jebul
wis ana kang duwe. Kadadeyan mau ora njalari pinggete atiku. Aku kudu bisa
pasrah, yen pancen Mas Yana dudu jodhoku.
Mas Yana…Mas Yana! Merga
sliramu aku kecuwan, merga sliramu bisa gawe karangan. Lan ya merga sliramu
saiki aku bisa dadi kondhang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar