Ing Payane Rumah Sakit
Dening Agnes Risky Ardianti
“Sinten
panjenengan?”
Keprungu
suara ora pati banter ing samburine Sam. Sam dhewe mung meneng bae ora sadar
ana wong ing mburine lan ngomong marang dheweke. Sam meneng amarga pikirane
lagi nyang ngendi-endi.
Dian
kang ora entuk jawaban saka Sam nyuara maneh kang luwih banter karo nyedaki Sam
kang lagi ngadeg ing pager pembatas payanan kuwi. Angin semilir anyep gawe Dian
rada ngrapetake jakete. Pikirane Sam wis bali maneh banjur balikke awak arep
balik ing kamar. Dheweke ora nyangka ana wong saliyane awake ing payanan kuwi.
Ora mung Sam kang kaget, Dian uga mung ngingeti Sam karo mata rada gedhe, padha
kagete nanging banjur ngudharake eseme.
“Oh,
Samuel. Saiki ora mung aku kang nduweni payan iki ta.” Omonge karo isih mesem.
Sam tambah kaget nalika wong ing ngarepe weruh jenenge. Dheweke mulai mikir yen
ing ngarepe kuwi samubarang alus.
“Aja
wedi, aku ora kaya kang mbok pikirke. Aku Dian. Diana Lestari. Njaluk
pangapurane yen ganggu.” Sam mung natap Dian sedela karo praupan kang angel
ditebak banjur mlangkah mara tangga ora nanggepi Dian babar blas.
“Butuhake
bantuan?”, pitakone Dian karo nyawang kruk ing tangan tengene Sam. “Tanggane
lumayan dhuwur-dhuwur.” Nanging Sam tetep mlaku bae. Dian mung nyawang gegere
Sam nganti ilang saka panyawangane. Let sedela dheweke mung meneng bae
sadurunge mlangkah mara pager lan lungguh ing kana karo nyawang kutha ing wektu
bengi.
***
Sam
nyawang wong kang lungguh iku kanthi bimbang. Dheweke arep niat bali maneh ing
kamare nanging ora pengen ketemu karo ibuke. Arep ing kantin paling-paling mung
bisa nyawang panganan kang gawe dheweke sumpek bae. Siji-sijine panggonan kang
pas ya mung payan iki. Nanging Sam ora pengen ana Dian apa sapa lah kuwi ganggu
dheweke. Piye maneh.. Sam niat balik mara kamar karo ngarep-arep yen ibuke wis
mulih.
“Arep
balik?”, pitakone Dian kang nyata-nyata wis weruh tekane Sam.
“Yen
pengen ing kene ya ora apa apa kok. Aku ora arep ganggu. Oh, enteni sedela!”
Dian gage-gage mara pojokan payan. Sam mung ngingeti dheweke bae ora mudeng
kang dikarepake Dian sadurunge weruh yen Dian gotang bangku mara cedhake pager.
“Lungguha
ing kene. Pancen ya enak ing pager. Nanging kowe mesthi durung isa ta.” Sam
tetep ora nanggepi omongane Dian nanging dheweke mlangkah mara bangku. Dian
guyu weruh tumindake Sam banjur mlangkah mara tangga tanpa diweruhi Sam.
Sam
ngrasa yen ing kana kok sepi banget. Dheweke noleh lan ora weruh Dian ing
ngendi-endi. Rasane lega banget ora usah nanggepi wong kuwi kang sajake seneng
banget omong. Ayem. Nanging kayeman kuwi dumadakan ngilang barengan karo
sagelas kopi panas kang dithongke ing ngarepe. Sam mung nyawang bae.
“Yen
gelem tampanana. Yen ora gelem paling ora ngomonga maturnuwun ora usah.” Sam
keprungu kuwi rasane aneh nanging ya akhire nampa kopi mau. Lagi iki dheweke
krungu wong ngomong ngei pilihan nanging ora meksa Sam ngei wangsulan. Carane
Dian ngomong gawe Sam ngrasa... kepenak. Sam ora nyangka bisa jarke wong ing
cedhake ngobrol karo dheweke tanpa risih kanthi wektu kangkat. Apa maneh
tatapane Dian wektu ngomong, apa kuwi kang diarani perhatian kang tulus? Ora
tau maneh dheweke nrima perhatian saka wong tuwane. Sam ora tau ngarep kuwi
saka wong tuwa broken home. Apa maneh
kanca-kanca geng motare. Wektu kena musibah gara-gara musuhe, Arya, bae ora ana
kang nemoni. Tilik bae ora. Sialan! Ing
kene aku malah entuk perhatian saka wong kang ora tak kenali, pikire Sam.
Lan parahe maneh Sam seneng ana Dian kang ngancani dheweke ngobrol. Deg, Sam kaget. Apa sih kang tak pikirke!, batine karo tanpa sadar nyekeli sirahe
frustasi.
“Sirahmu
lara?”, pitakone Dian karo nyawang Sam kuwatir. Sam nyawang Dian genten nanging
karo mikir.
“Ketakane
tau weruh kowe.” semaure Sam ora
nyambung.
“Ketakane?”
Sam bingung krungu Dian guyu. “Pancen ya mesthi tau weruh.” Sam tambah bingung
krungu omongane Dian.
“Apa
kowe lali tenan? Dian. Diana Lestari. Hm?” samar-samar Sam eling jaman SMA-ne.
“Mung
samar-samar..”, semaure Sam jujur. Dian guyu maneh keprungu wangsulane Sam
kuwi.
“Aku
ora meksa kok. Paling-paling kanca sakelasku biyen ya padha ra elinge kaya
kowe.”
“Tukang
bolos.”
“Eh,
apa?”, Dian nyata-nyata kaget.
“Tukang
bolos.”, Sam baleni maneh wangsulane ndek mau karo masang rupa tanpa dosa.
“E,
sapenakmu bae. Aku mung ora kangaja bolosan.”, sewote. “ Nanging, lumayan kowe
isih isa ngeling-ngeling aku.”, eseme Dian. Sam tanpa sadhar melu mesem.
Ora
Sam kira yen bengi kuwi awale obrolan-obrolane karo Dian kanggo sawulan wektune
mondhok ing rumah sakit.
***
Sam
mung bisa nyawang payane rumah sakit kang suwe-suwe saya ilang saka
panyawangane kanthi ati gela lan sedhih.
“Sam,
maem awan sik, ya, sadurunge mulih. Pengenmu nang endi?”, pitakone ibuke Sam karo tetep konsentrasi nyekel
kemudhi. Nanging kang ditakoni mung meneng bae. Isih kaya wong setengah nglamun
setengah mikir. Ibuke kang wis biyasa ditanggapi kaya mangkana ya mung bisa
unjal ambegan. Kapan anakku isa bali kaya
ndek kae?, batine ibuke Sam saben Sam ora nanggepi.
Tanpa sadhar Sam ya unjal ambegan. Padahal ndek winginane Dian wis janji karo
aku bakalan ngei samubarang kang aku dhewe ora weruh yen aku mulih saka rumah
sakit, pikire Sam. Nanging kok... huhh. Sam pancen wis rong dina iki ora
ketemu karo Dian kaya biyasane. Kaya-kaya diuntal lemah. Pesen ya ora. Weruh
ruangane ya ora. Nanging dhek kae nganti saiki Sam heran apa ta sebenere alasan
Dian mlebu rumah sakit. Saweruhe Sam ya Dian waras-waras bae. Malah
katan luwih seger lan waras banget. Sayange Dian ya ora tau cerita karo Sam.
Sam mung bisa ngarang-ngarang, kaya saiki iki. Banjur netepake tekad.
***
“Ruang ICU, caket kaliyan Pavilliun Mawar.
Mangke wonten petugasipun, nyuwun pirsa malih wonten ngrika.”, kandhane suster.
Sam mlaku ing awang-awang tanpa sadhar durung ngomong maturnuwun karo
sustere. ICU?Sebenere Dian lara apa?,
batin Sam frustasi.
Ing
ngarepe kamare Dian Sam mung bisa nyawang lawange bae. Suwi banget sadurunge
nyekel gagange lan akhire buka lawang. Neng kana ana wong wadon kang ketakane
rapuh banget. Dheweke ketak pucet ditambah masker oksigen lan pendeteksi
jantung kang unine kaya detik-detik sisa wektune wong nunggu mati. Sam ora
percaya. Mlaku tambah nyedhak ing panggon turone. Atine dumadakan nyeri,
omongane petugas ing ngarepan mau muter-muter ing jero sirahe. Pasien
Diana Lestari nyandhang kanker otak stadium akhir. Pasien Diana Lestari...
***
Angin
semilir jamah rupane Sam kang kosong. Ing tangane ana kotak cilik werna abang
kang ketakane lagi bae dibuka. Ing tangan sijine ana sacarik dluwang
kang diremes-remes. Sam jikuk maneh barang kang ana ing sajeroning kotak. Buku
cilik sampule kotak-kotak, diary-ne Dian. Barang kang sajake diwenehake Dian
dhewe sawulan kapungkur. Sam mung natap diary kuwi karo panyawangan nyata-nyata
durung rila ditinggalake. Sam sadhar dheweke seneng karo Dian nanging durung
sempet ngomong. Saiki mung kari dheweke ing payan kuwi. Lungguh ing pager
pembatas kang pancen enak dilungguhi ing wektu bengi mangkene persis kaya kang
diudharake Dian. Lan sabubare kenal Dian, Sam lagi ngrasa piye rasane wong kang
pengen urip. Ora kaya dheweke ndek kae.
Sam noleh nang buri maneh, nyawang
tangga karo ngarep-ngarep ana wong wadon kang dumadakan muncul saka kana karo
mesem kanggo Sam. Tanpa kangaja dheweke nyeblokake diary ing tangane. Tanpa
mikir dheweke nyaba ngraih, nyusul diary kuwi kang terjun bebas mara ngisor.
Sam isih nyaba ngraih, durung nyadhar apa kang bakal kedadean marang dheweke. Nanging dumadakan Sam krasa
tangane dicekel. Sam kaget. Dian?
Dian ana ing sampinge mesem marang Sam, ing keadaan padha-padha terjun bebase.
Akhire Sam bali bales eseme Dian. Aku ora
arep mati. Amerga kowe aku dadi pengen urip kaya kowe kang ceria, ayem. Aja
ngamuk mara aku gara-gara aku ora gelem ngancani kowe ning kana. Aku pancen
sayang karo kowe Dian, nanging jarke aku urip. Sam mesem karo nyawang
marang Dian kanthi tekad banjur nutup mripate. Ngrasakake tangane Dian kang
isih genggem tangane nyebabake ayeming atine Sam. Suwe-suwe saya kenceng
genggemane, sadurunge kilatan pepadhangan butakake mripate.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar