Translate

Rabu, 20 Maret 2024

Sedekah Laut Juwana

 


Sedekah Laut Juwana uga kawentar kanthi jeneng prosesi Larung Sesaji Kali Juwana. Tradhisi larung sesaji iki wis ana udakara 50 taun kepungkur. Adicara Tradhisi Sedekah Laut diwiwiti acara pawai arak-arakan miniatur kapal nelayan sing ngamot ndas wedhus lan sega tumpeng jangkep sarta jajanan pasar. Para warga melu ngarak arak-arakan miniatur kapal nganti dilarung ing segara. Sadurunge dilarung, miniatur lan ubarampe didongani luwih dhisik. Karepe umbul donga supaya pikatuk berkah saka Gusti Kang Mahatunggal, uga minangka pangucap Syukur Amarga wis diparingi lancar lan gancar anggone golek iwak.

Tradhisi kasebut wis lumaku turun tumurun lan dadi pakulinan masyarakat Juwana. Kanthi lumakuning zaman, tradhisi iki narik kawigatene warga minangka tontonan lan panglipur sing nyenengake. Sedekah laut ing Dusun Bajomulyo Juwana Kabupaten Pati minangka represntasi/ wujuding budaya lokal kang duweni tujuwan minangka wahana kanggo mbangun karakter, ngembangake solidaritas sosial lan nyengkuyung kabudayan nasional. Kabeh urut-urutaning adicara lan ubarampe sing dienggo upacara kasebut magepokan karo nilai-nilai sosial lan etika masyarakat. Yen disawang saka babagan ekonomi, upacara sedekah laut Juwana iki bisa dadi salah sawijining daya tarik pariwisata, uga bisa dadi medhia pembelajaran babagan etos kerja.

PAGELARAN WAYANG KLITHIK ING PUNDHEN MBAH SORENG

  

 

Tradhisi sedhekah bumi kang dianakake ing Desa Tunjung Rejo Kecamatan Margoyoso Kabupaten Pati Jawa Tengah. Rada beda lan unik, duweni ciri khas sing ora tinemu ing dhaerah liya. Sanajan dilaksanakake saben taun sepisan isih tetep narik kawigaten para warga.

Acara sedekah buwi kuwi dipunjerake ing pundhen Mbah Soreng, dening warga masyarakat dianggap sakral sing ana gandeng cenenge karo cikal bakal desa kasebut. Lan kabeh warga padha ngumpul ana pundhen nggawa umbarampe sajen diselehake ngarep pundhen, kajaba iku sangarepe punden uga disiapake pagelaran wayang klithik lan adat Jolen sing kudu dileksanakake ora kena ditinggalake.

Dene lumakune upacara sedhekah bumi katon isih sacral udakara jam 09.00 esuk wis disiapke umbarampe yaiku Jolen kang wujude gunungan sing digawe saka bahan pring utawa rerangken kayu, kaya omah-omahan ditempeli maneka warna kertas sing njerone isine arupa sega salawuhe, who-wohan lan panganan. Diarak wiwit saka Bale Desa saperangkate lan uga warga masyarakat ora keri melu ngetutake padha ngewangi mikul Jolen.

Sabanjure Jolen kang diarak nalika tekan ngarep pundhen kasil narik kawigaten warga wis padha ngebaki papan kasebut, klebu pengunjung saka njaban dhaerah, mula sadurunge Jolen diselehake wis dadi royokan, dadi rebutan ora nganti 15 menit Jolen utawa gunungan sing saka kepala desa arupa pari lan liyane saka 17 RT kuwi entek resik, ujare wong-wong sing melu royokan mau dipercaya duwe kasiat yen disebarake ana sawah asile apik uga kanggo nolak ama sawah lan nglarisake dagangan.

Sawise arak arakan Jolen, Kepala Desa, Perangkat Desa lan para warga kabeh padha donga ing ngarep pundhen supaya ing Desa Tanjung Rejo ora ana rubeda kalis saka sambikala tansah tentrem kerta raharja. Sateruse bubar pada dedonga banjur ngubengi pendhen kaping telu. Acara sedhekah bumi ngene iki, wis ajeg dianakake ing Wulan Apit dinane Setu Kliwon kanggone warga desa wis kadhung percaya minangka mujudake warisan leluhur, yen Mbah Soreng iku pepundhene lan nganti saiki isih diuri-uri.

Pundhen Mbah Soreng nganti saiki isih dikeramatake ing Desa Tunjung Rejo, amerga akeh kadadeyan aneh-aneh ana pundhen kasebut. Kaya durung suwe iki, yaiku ana wong papat lagi nganakake manganan utawa syukuran ing pundhen nalika wis ngancik bengi banjur segone lan iwak pithik digawa mulih dipangan ana omah, bubar mangan sanalika kuwi wong papat terus padha mencret, wetenge lara. Karepe ben ndang waras dipriksakake menyang dokter nanging ora enggal waras malah sansaya lara wetenge nuli pawongan kuwi terus eling apa sing dilakoni ana ing pundhen, banjur sowan mara ing pundhen njaluk ngapura sinambi nggawa umbarampe. Wusanane bisa mbalik waras malih

Nalika acara slametan/bancaan sanajan kuwi wis ditata, diatur senajan kuwi wong-wong tuwa mesthi tetep padha royokan, sebabe Mbah Soreng duwe klangenan yaiku ngingu pitik lan budeng. Mulane yen royokan segane bisa kecer-kecer iku pertandha yen pitike lan budenge Mbah Soreng melu mangan, contone wektu Jolen diarak tekan pundhen sedelok wae dadi royokan kabeh.

Ora mung bancakan wae sing unik, liyane yaiku ing ngarep Pundhen kudu ana pagelaran Wayang Klithik kanthi njupuk lakon Among Tani, wayang Klithik kuwi wujude kaya wayang kulit nanging digawe saka kayu. Sing wis turun temurun ana ing Desa Tunjung Rejo iki. Lan mung metu saka kotak wayang sarta dimainke utawa ditanggap saben taun sepisan wektu ngepasi mung acara sedhekah bumi. Dene pagelaran Wayang Klithik kasebut wayah awan, ora migunakake kelir/layar kaya pagelaran wayang liya-liyane, mula kagolong unik sing ora tinemu ing dhaerah liya wiwit zaman nenek moyang iki wis ana.

Pagelaran Wayang Klithik iki ing Pundhen Mbah Soreng ora kena ditinggalake lan ora kena diganti karo wayang liyane amarga yen sembrana bisa ndrawasi nemahi bilahi, biyen tau diganti wayang liya, nalika nganakake Jolen arep mangkat tumuju Punden dumadagan Kepala Desa ilang, wektu diluru tekan ngendi-endi malah ketemune ana ing kendhang sapi wis tilar donya, Mula tumekane saiki jenenge wayang Klitihik ing desa Tunjung Rejo tetep diuri-uri.


Panjebar Semangat No. 32 11 Agustus 2018  kanthi ewah-ewahan

TRADHISI UMBUL DONGA LARUNG SUKERTO ING TPI BANYUTOWO PATI

 



Salah sawijinging tradhisi ing Desa Banyutowo, Kecamatan Dukuhseti, Kabupaten Pati, Jawa Tengah sing wektu iki isih diuri-uri kalestariane yaiku umbul donga larung sukerta sing dileksanakake para kadang nelayan mapan ana TPI Banyutowo, dianakake dina setu kapungkur.

Kanggo ngrenggengake acara umbul donga digelar maneka warna kesenian kayata tari gambyong, tayub, campursari, ketoprak lan sapunggalane. Diwiwiti udakara jam 2 awan mapan ing TPI Banyutowo kanthi padha dedonga kang dipandhegani K.H. Abdullah Umar Fayumi (Gus Umar) diampingi Kepala Dinas Pariwisata Sigit Hartoko, Ketua Panitia Ipong Ismunarto, Camat, Kades saha Perangkat Desa.

Bubar padha dedonga banjur sesaji sing arupa sepasang bebek (menthok) urip kanthi kiringi swara gamelan kendhang pencak lan tayub, kabeh sesaji kasebut diarak tumuju segara.

Sawise tekan pinggire segara sesaji sateruse diunggahake ana ing perahu sing wis dicepakake, kapal gedhe siji uga ana kapal cilik papat mlaku tumuju tengahe segare. Nalika wis tekan tengahe segara banjur sepasang kembang mayang lan sepasang bebek urip dilarung dicemplungake. Sawise rombongan wis padha bali saka segara diterusake adicara tradhisi kembulan utawa mangan bebarengan.

Miturut katrangan ketua panitia Ipong Ismunanto mratelakake, anane dileksanakake umbul donga larung sukerto iki minangka wujud kepedulian tumprap kahanan bangsa sing sansaya adoh saka solidaritas, kajaba kuwi upacara ritual kang wis ditindhakake turun temurun iki, minangka salah sijine cara warga Pati sing penggaweyane saperangan nelayan minangka muji syukur lan nyuwun keslametan.” Ngaturake rasa panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, bisa entuk asil iwak akeh, selamet sarta diadohake saka sengkala.”  Kandhane Ipong

Ipong nambahake, larung sukerto sing ditindhakake iki, duweni ciri khas yaiku kudu diiringi kanthi tari tayub minangka tarian sing dipercaya kanggo nulak bencana. Sing wigati larung sukerto uga dadi symbol kanggo buwak sengkala.”Acara iki diajab ora mung tekan kene wae, mula momen sing kita leksanakake kasebut dadi rerangken sing bisa dadi ngraketake lan kerukukan kabeh demi masa depan sarta anak putu kita.” Pangajabe

 

(Kapethik Saka Panjebar Semangat No.17-27 April 2019)

Haul Syekh Ahmad Mutamakkin

 

 

Taun iki, pengetan Haul Syekh Ahmad Mutamakkin (Mbah Mutamakkin) ing Dusun Kajen, Margoyoso, Pati dilaksanakake ing dina Jumat 28 Juli 2023 utawa tanggal 10 Muharram 1445 H. Panitia Haul wis miwiti nyepakake ubarampe kanggo rantaman adicara haul.

Miturut wara-wara nomor : 04/I/P-HAUL/YMAM/VI/2023 sing dirilis dening panitia, pengetan haul bakal kalaksanan limang dina suwene awit tanggal 24-28 Juli 2023 utawa 6-10 Muharram 1445 H.

“Nganti saiki, persiapan wis lumaku separo saka sakabehing rantaman adicara. Saka kegiyatan ibu-ibu PKK apadene kegiyatan panitiya liyane. Pangajabe panitiya, insyaAllah bisa regeng lan gayeng kaya taun-taun kepungkur,” kandhane panitiya perlengkapan lan konsumsi Haul Syekh Ahmad Mutamakkin, Punky Ilham (10/7/2023).

Punky njlentrehake pengetan haul diwiwiti awit Mudarosah Al-Qur’an Bil Ghaib kang bakal dilaksanakake ing dina Senen Legi (24/7/2023) jam wolu bengi. Selasa Pahing, tanggal 25 Juli jam siji awan dilaksanakake adicara Walimah Takhtimul Qur’an Bil Ghaib lan bengine dianakake acara Burdah wiwit jam 8 bengi. Dina rebone, Rebo Pon jam 8 bengi bakal dilaksanakake Tahlil Muqoddimah. Dene ing dina kemis (27/7/2023) dilaksanakake acara mbukak slambu utawa lelang slambu ing makam Syekh Ahmad Mutamakkin wiwit jam wolu esuk nganti sarampunge.

“Sabubare kuwi ana tahlil Haul, pengajian umum lan Takhtimul Qur’an Binnadhor sing padatan dilaksanakake ing rong papan panggonan yaiku ing makam Syekh Ahmad Muttamakin lan ing mAsjid Jami’ Kajen wiwit jam pitu bengi nganti rampung,” kandhane.

Ing adicara Haul Syekh Ahmad Mutamakkin uga digelar acara kirab budaya ing dina Jumat tanggal 28 Juli 2023. Kirab budaya iki ora mung dieloni dening warga dusun Kajen, nanging uga saka para santri. Santri lan sekolah-sekolah sing mapan ing Kajen kayata Perguruan Islam Mathali’ul Falah, Al-Hikmah Kajen, SMK Cordova, Salafiyah lan liya-liyane.

“Saliyane kuwi, uga bakal dilaksanakake acara manaqib panutup ing makam Syekh Ahmad Mutamakkin wiwit jam pitu bengi nganti sarampunge,” celathune Pungky.

Mbah Ahmad Mutamakkin kuwi salah sawijining pawongan sing sinebut waliyullah ing tlatah Jawa. Asale saka dusun Kajen, Pati. Manut silsilahe trah tumurun, Mbah Mutamakkin iki isih trah saka Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir saka ramane aran Raden Sumohadinegoro lan ibu Putri Raden Tanu Tuban. Asma timure yaiku Raden Sumohadiwijaya/ Hadikusuma.

Haul Mbah Mutamakkin dadi salah sawijining adicara sing gedhe lan gayeng ing wewengkon Kabupaten Pati. Ing padatan, acara iki ditekani dening pelancong saka njaban rangkah.

https://suaranahdliyin.com/inilah-rangkaian-acara-peringatan-haul-mbah-mutamakkin-kajen-33423

Haul Waliyullah Syekh Ahmad Mutamakkin

 


Mbah Ahmad Mutamakkin minangka salah sawijining tokoh sing nyiarake agama Islam ing wilayang pesisir lor Jawa mligine Pati lan sakupenge kanthi punjering ing Dhusun Kajen, Kecamatan Margoyoso.

Miturut Surat Edaran Pengumuman Nomor “04/1/P-Haul/YMAM/VI/2023 saka Panitia Haul Mbah Ahmad Mutamakkin, Adicara iki kalaksanan ing Makam Mbah Ahmad Mutamakkin, Kajen sasuwene 5 dina awit tanggal 6-10 Muharram 1445H/24-28 Juli 2023 M.

Rantaman adicara pengetan Haul Mbah Ahmad Mutamakkin yaiku, adicara sepisanan pembukaan Mudarosah Al-Qur’an Bil Ghaib, sing bakal kalaksanan ing dina senen legi, 24 Juli 2023 jam 8 bengi. Sing kapindho, Walimah Takhtimul Qur’an Bil Ghaib dilaksanakake ing dina selasa pahing 25 Juli jam 1 awan. Adicara katelune yaiku Burdah kang bakal kalaksanan ing dina selasa paing 25 juli 2023 jam 8 bengi. Kapapat, Tahlil Muqaddimah bakal kalaksanan ing dina rebo pon 26 Juli 2023 jam 8 bengi. Kaping lima, acara mbukak slambu lan lelang sing bakal kalaksanan ing dina kemis wage, 27 Juli 2023 jam 8 esuk. Kaping enem Takhtimul Qur’an Binnadhor, Tahlil Haul lan Pengajian Umum, sing bakal kalaksanan ing dina kemis wage, 27 Juli 2023 jam 7 bengi. Kapitune Manaqib panutub, bakal kalaksanan ing dina jumat kliwon tanggal 28 Juli 2023 jam 7 bengi.

Mangkono jadwal Haul Mbah Ahmad Mutamakkin, Kajen, Pati, Jawa Tengah.

CANGKRIMAN

  BABAGAN CANGKRIMAN Kasusastran Djawa I Tugas Membaca Pemahaman BAB I PENDAHULUAN A.      Latar Belakang Cangkriman kuwi tetembungan utawa ...