Njaluk Susuk
Priyayi biyen kuwi umume gemi, nastiti lan
ngati-ati. Samubarang tumindak tansah dipetung murih ora kapitunan ing tembe.
Semono uga simbahku Ing bab dhuwit panjenengane gemi banget lan sarwa dipetung
yen arep ngetokake, senajan ora eman peparing marang putra wayah sing pinuju
sowan.
Sawetara taun kepungkur adhiku sing daleme Blitar
duwe gawe sunatan. Simbah uga kepareng rawuh. Panjenengane tindak dhewe nitih
bis amarga ora sabar ngenteni putra-putrane sing ngantor dhisik.
Kaya lumrahe adat Jawa,
wong yen rawuh ana papan hajatan dicaosi unjukan lan dhahar, banjur padha
buwuh. Lha nalika buwuh kuwi, simbah mung ngasta dhuwit selembar eketan ewon,
ngulungake buwuhan karo ngendika, “Ndhuk, dhuwitku mung kari iki, mengko susukana.”
Rehne wektu iku uga ana tamu liya, mula adhiku mung atur wangsulan, “Inggih
Mbah.”
Bareng dirasa cukup suwe,
simbah ngersakake kondur luwih dhisik. Dienteni sing duwe gawe kok tenang wae,
mula simbah ngendika maneh, “Ndhuk, endi susuke? Aku arep bali saiki.”
“Mengke ta Mbah…Mbah,
ampun kesesa, dereng angsal pelaris niki. Lha susuke pinten?” jawabe adhiku
karo nggondheli astane simbah. Gerrr….sing padha krungu ngguyu kabeh.
“Telung puluh lima ewu.”
“Kok kathah mbah susuke?”
jawabe adhiku.
“Huss…bocah iki, wong wis
dietung kok. Kuwi mengko, sing sepuluh ewu tak wenehke Joko (sing sunat), sing
selawe ewu kanngo numpak bis, ben cukup, ora bingung neng dalan.”
Krungu ngono mau aku
langsung ngulungake buwuhan kareben enggal nyusuki. Adhiku nampani buwuhanku
lan nyusuki karo ngguya-ngguyu. Jarene, “Ben ta Mbak, wong aku pancen kepengin
nggodha simbahkok. Lucu ta?”
Apa tumon, buwuh kok njaluk susuk, kathik kober
nyang-nyangan barang?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar