Translate

Selasa, 02 April 2024

Bimtek Parenting Biak Numfor Kanggo Nyegah Stunting

Dinas Pendidikan lan Kebudayaan (Disdikbud) Kabupaten Biak Numfor, Papua, aweh bimbingan teknis (bimtek) parenting marang 200 guru tenaga kependidikan sarta wong tuwane murid Pendidikan Anak Usia Dini (PAUD) kanggo nyegah stunting ing wilayah kasebut. Kepala Bidang Pendidikan Nonformal dan PAUD Disdikbud Biak Endang Suhendi ngajab kanthi kegiyatan bimtek parenting mau wali murid melu peduli nyegah  timbale stunting ana lingkungan kulawargane.

Miturut Endang Suhendi lingkungan kulawarga mujudake bageyan awal kang paling wigati kanggo nyegah stunting marang ngrembakane bocah. “Liwat bimtek parenting iki wong tuwane murid diajab duweni kawruh sarta tambahan wawasan saka narasumber ngenani carane nyegah stunting ana lingkungan kulawargane dhewe-dhewe,” kandhane Endang, Kemis (7/9/2023).

Ending nemenake menawa wongtuwa bebesan pucuke tumbak kanggo nyegah stunting kang nemahi kulawargane. Alesane, stunting ana sambung rapete karo kecukupan gizi marang bocah sarta infeksi berulang. Saengga yen asupan gizine ora digatekake, temahe bakal mangaribawani ngrembakaning bocah sangisore standar.

Adhedhasar data, kasus stunting ing Biak Numfor mudhun saka sing maune 34 persen ing 2021, suda dadi 27,30 persen ing 2022, lan kari 14 persen ing 2023. Cundhuk karo Peraturan Presiden No. 72 Taun 2021 ngenani Percepatan Penurunan Stunting, pancegahane ditindakake sacara bebarengan  (holistik), interaktif lan duweni kualitas lumantar koordinasi, sinergi lan sinkronisasi para pemangku kapentingan.

Kapethik saka Panjebar Semangat No. 38, 23 September 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Kajian Wulangreh (165;167): Bener Luput Den Esthi

  Pada   (bait) ke-165;167, Pupuh ke-9, Pucung, Serat Wulangreh karya SISK Susuhunan Paku Buwana IV. Ing sabarang prakara dipun kadulu, wiwi...